Klambi Ijo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 351 kali

Win… kuwi lho sik klambi ijo kuwi sing dak sir, nanging aku ora ngerti jenenge” kandhane Rini marang aku. Aku noleh nang pawongan sik dikandhakake Rini mau. Saiba kegetku jebul sing dicritakake Rini sewulan iki Mas Anggoro. Aku ora ngira menawa Rini duwe rasa marang Mas Anggoro wiwit masa Orientasi Mahasiswa. Aku mung meneng kami tenggengen karo nyawang Mas Anggoro.

Mas Anggoro kakak tingkate ing Fakultase, pancen pinter lan karismatik. Kayane menengan ananging menawa wis ngobrol dheweke bisa crita lan guyon nganti kepingkel-pingkel. Aku dadi kelingan pertama kali Mas Anggoro dolan ing kosku, dheweke ngguyoni aku nanging aku ora tanggap. Menawa kelingan aku dadi isin banget. Dheweke dolan nyang kosku sawise rampung kuliah, nalika kuwi hawane pancen panas banget. Dheweke mangerteni menawa aku melu teater lan penasaran kenangapa aku seneng melu teater. Mas Anggoro pancen wong teater, dheweke seneng gawe naskah teater lan geguritan. Naskah geguritane kerep kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat.

Sawise crita werna-werna lan sinambi guyonan dheweke dumadakan kandha, “Kok ora udan ya Win...”

Aku nginguk menjaba. Srengenge panas sumelet lan langite ya putih resik. Aku semaur, “Ya ora lah Mas, sawangen langite resik ora mendhung mosok ngarep-arep udan.”

“Aku ki jane ngenteni udan, je...”

“Udan kok dienteni, Mas. Cetha wae ora teka, gek srengengene wae padhange kaya iki.”

“Gek…kapan ya, udane?”

“Lha ngapa ta kok ngenteni udan?”

“Nek udan ki aku kari ndhangak wae nunggu tetesing banyu udan kanggo nelesi guluku sing garing ngono lo” semaure Mas Anggoro karo santai.

Aku meneng sedhelok nyermati ukarane sing keri kuwi. Aku ngguyu kanthi rai semu abang banjur ngomong, “Oalah Mas… njenengan kuwi ngelak to, mbok kandha kawit mau ora usah nganggo samudana ngono, tiwas aku mikir je...”

Mas Anggoro mesem, “Kowe kuwi ya ora tanggap kok, ana tamu panas-panas kaya ngene wis kawit mau kok ya wedang sagelas wae ora metu.”

“Hehehehe…sedelok ya Mas, tak jupukake. Nanging anane mung putihan lho ya… ora oleh ngenyang sing berwarna.”

Kawiwitan saka kuwi Mas Anggoro kerep dolan nang kosku, ananging kanca-kanca angkatanku ora ana sing ngerteni amarga kos-kosanku ana ing samping kampus. Rata-rata kanca saangkatanku sing cewek kose padha ing ngarep kampus. Aku lan dheweke uga kerep nonton teater ing Taman Budaya. Bubar nonton mesthi nongkrong sik ing angkringan tuku jahe susu lan roti bakar, ndilalah kok ya kasenengane padha.

Saiki aku bingung arep kandha apa karo Rini, ning batinku mung bisa njaluk pangapura. Rini kanca akrabku wiwit isih SMA. Nanging aku ora ngira menawa sing disenengi Rini kuwi pranyata Mas Anggoro. Aku malah ngira dheweke nyenengi ketua senat, amarga dheweke aktif ing kegiatan senat Mahasiswa. Rini ora tau kandha sapa jenenge wong sing disenengi mau. Dheweke mung kandha nganggo paraban si klambi ijo. Kok, ya ndilalah dina iki Mas Anggoro nganggo klambi flannel ijo sing rikala masa orientasi kae tau dianggo. Rini kapisanan meruhi Mas Anggoro ya nganggo klambi kuwi.

“Piye Win…. miturut kowe kira-kira wonge piye ngono kuwi?” kandhane Rini njaluk pendapat.

Aku ndhingkluk lan unjal ambegan. “Ya…lumayan apik kok, Rin” semaurku ngambang. Rini mesem sajak seneng. Perasaanku dadi ora kepenak marang Rini. Sajake dheweke duwe pangarep-arep kang gedhe marang Mas Anggoro. Aku banjur nyawang Mas Anggoro pas dheweke noleh nang aku lan nuding-nuding hp ing tangane. Aku banjur mbukak hpku. Takdelok ana WA saka dheweke, “tak tunggu nang kantin” unine.

Aku sawang Mas Anggoro mlaku menyang kantin, aku banjur nyawang Rini. “Rin, sepurane ya aku tak nang kantin dhisik. Mengko bengi tak WA.”

Aku banjur nyusul Mas Anggoro menyang kantin. Aku arep takon apa dheweke ana cewek sing di sir. Menawa durung, arep tak comblangi kanggo Rini. Aku mantep arep nakoni Mas Anggoro, tur maneh dheweke ya durung tau kandha yen uga seneng karo aku kok. Aku emoh menawa diarani GR. Bisa wae dheweke mung nganggep aku kanca akrab, kanca main teatre. Aku kudu bisa tegar apa wae jawabane Mas Anggoro. Arep dakrungokake lan daktampa kanthi tataging ati…. (panyerat: Widyastuti)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!