Kanca Kenthele Anakku Tibane… (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Email Saka Jakarta - Dibaca: 10 kali

Rikala biyen aku nampa uleman resepsi temanten putrane Pak Dhe Karwo, atiku rada kumesar amarga pranyata bakal mantune Pak Dhe Karwo priyayi saka Australia. Aku ya wis krungu lan ngerti yen putrine Pak Dhe sekolah ana Australia. Nanging yen ba­kale arep nduwe mantu priyayi saka Australia ya ngertiku amarga aku nampa uleman mau. Kira-kira wae amarga aku wis nyambut gawe ana Jakarta saengga ketinggalan informasi. Kamangka sisihan­ku olehe nyambut gawe ya isih ana Sura­baya. Kok ya ketinggalan informasi. Na­nging ana ing atiku tuwuh pitakonan kok antuk putrane palakrama karo priya warga negara Australia.

Semono uga rikala stafku nyambut gawe ing Jakarta, mantu uga aku antuk undangan. Lan kang gawe kagetku la kok mantune saka Afganistan. Tibane bareng aku takon marang stafku mau, olehe entuk mantu priyayi Afganistan mau, amarga putrane kancaku olehe kuliah ana ing New Delhi India. Ya amarga olehe kuliah ana kampus kang padha mau, akhire banjur tepung. Sawise lulus banjur nyambut gawe ana PBB lan ditugasake ana Timor Leste. Olehku gumun marang stafku rikala iku, kok ya terus menehi pangestu putrine an­tuk priyayi Afganistan. Kamangka nega­rane wae isih durung aman yen ndulu pa­warta ing TV kae.

Wong ya rikala iku aku isih klebu wong tuwa sing kolot heeeeeee (kira-kira lo) durung bisa nampa mantu wong asing, mula rikala anakku sing nomer siji antuk beasiswa njupuk master menyang Twen­te University ana kutha Enschede Belan­da, salah siji kang dakpesen aja antuk bo­jo wong Belanda hahahaa. Mula rika­la anakku ana ing status Fb asring posting (ngunggah) foto-foto dolan karo kan­ca-kancane lanang lan wadon aku lan ibu­ne asring ngelikake. Wangsulane anakku kang nggawe guyu aku lan sisihanku wangsulane mangkene, “Aja kuwatir Pak, kanca-kancaku lanang sing ana foto mau akeh sing gay.” Aku lan sisihanku ya ngguyu kekel dicritani anakku mau.

Pancen ana Belanda, manut hukume ana ing kana, pasangan sejenis kaya la­nang karo lanang apa wadon karo wadon bisa nikah resmi. Wis umum ana Belanda kedadeyan kang kaya mengkono mau. Malah ana ing Eropa wis duwe anak du­rung nikah resmi uga wis umum. Kaya bintang sepak bola Messi lan Ronaldo pa­dha nduwe anak lagi nikah resmi. Kaya Mes­si wis nduwe anak loro lagi nikah resmi.

Pancene budayane uga beda, mula aku dhewe ora bisa nyalahake kanthi cara lan keyakinanku. Wong ya ana Belanda kaya-kaya apa-apa kok entuk. Arep nggan­ja ya entuk lan disedhiyani panggo­nane. Pokoke kaya-kaya arep tumindak apa wae entuk, sing penting aja nganti ngganggu hake liyan. Yen ngganggu hake liyan malah bisa kena pidana. Nanging anehe kok malah pakunjaran ana ing Belanda akeh kang kosong.

La rikala anakku bali lan lulus saka Belanda saka olehe njupuk master, lan dakpapag karo ibune ana bandhara Su­karno-Hatta atiku marem banget dene aku wis bisa nyekolahake anakku nganti master saka luwar negeri (kanthi beasis­wa). Lan ora banjur kecanthol priyayi sa­ka Belanda apa kancane kuliah saka ne­gara liya.

Amarga aku nate kandha marang anak­ku mbarep rikala arep budhal kuliah ana Belanda mengkono mau, mula rikala anakku kang nomer loro Tanjung Retno Wigati antuk beasiswa njupuk master accounting ana ing VU Amsterdam University kiraku ya wis ngerti karepe lan welinge Bapak lan ibune rikala anakku mbarep budhal menyang Belanda biyen. Saliyane supaya sekolah kang bener, jaga kesehatan uga supaya yen bisa ing mbe­suk antuk jodho pawongan saka Indonesia.

Olehe sekolah anakku ya lancar. Malah olehe lulus klebu cepet banget. Mung se­taun wis lulus master accounting. Kandha­ne sinambi nyambut gawe ana restoran dadi pelayan restoran duweke pawongan saka Indonesia. Kebeneran kang nduwe restoran mie mau saka Indonesia, dadi ya tiwas kebeneran. Pancen ana Belanda akeh banget restoran Indonesia. Lan kok ya racake padha laris. Ana ing Belanda rikala iku pas mangsa adhem, ngepasi ma­ngan awan ana restoran Indonesia, ti­bane segane lan karo lawuhe wis dida­dekake siji. Amarga ing mangsa adhem ya kiraku sega mau ya anyep njejet. Tiba­ne ana restoran mau, sega-sega kang wis sumadya mau kari manasi ana ing microwave (utawa mesin kanggo manasi kae). Dadi ya mayar banget ora ndadak ngedoli siji mbaka siji.

La rada beda yen restoran mie kaya ing restoran ing panggonan anakku nyam­bi nyambut gawe, nggawe siji mbaka siji. Amarga ya pancen restoran mie, kang enak yen digawe lan dimasak anyar. Kan­dhane anakku restoran mie mau laris ba­nget. Nganti ana priyayi asli Indonesia kang kawin karo priyayi Jerman, keraya-raya menyang Amsterdam mung kepe­ngin tuku lan mbontot mie. Lan olehe tuku mie direwangi saka Jerman menyang Be­landa mau paling suwe sesasi sepisan. Kang mesthi rong minggu sepisan mesthi padha andhok ana restoran mie. Kira-kira wae kangen masakan Indonesia kaya mie mau. Wong aku mung rata-rata seminggu ana Belanda wis mesthi kepengin ma­ngan masakan Indonesia. Kamangka yen dibandhingake karo masakan ana Indonesia ya adoh banget rasane. Wong rasa­ne ora ngalor ora ngidul. Para maos ba­yangake, yen pecel ana kana padha wae karo gadho-gadho. Wis ora ana bedane, yen pesen pecel lan gadho-gadho ya pa­dha wae. n (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?