Bonokeling
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Banyumasan - Dibaca: 15 kali

Nurut crita rakyat tutur tinular lan tinggalan arupa makam, Kyai Bonokeling kuwe penyebar agama Islam kang diutus dening Kanjeng Sultan Demak Bintoro kanggo nyebaraken agama Islam nang wewengkon Banyumas, sekiwa tengene abad 15. Wektu semono, kanggo nyebar agamaning Allah nang kukuban Ba­nyumas dudu perkara sing gampang. Jalaran nang wewengkon kono wis thukul subur agama Hindu, Budha lan kepercayaan utawa animisme. Seliyane kuwe, adipati nang Pasirluhur sing wektu semono dadi penguwasa nang laladan sing sekiye di­jenengi Kabupaten Banyumas uga isih nganut agama non Islam.

Ningen sekang ketlatenane Kyai Bonokeling, Islam kasil mlebu maring kukuban Banyumas. Yakuwe nang wilayah Pasir, Cikakak, Keddungwringin lan Bonjok. Bareng tekan desa Pekuncen, Kyai Bonokeling njuran mbangun padhepokan cilik, kagungan ke­turunan lan nganti tutup yuswa.

Salah siji wulangan sing terus diemut dening warga Pakuncen nganti sekiya yakuwe, wong Islam wajib hukume puasa nang wulan Ramadhan. Kudu njunjung lan ngurmati utawa memuliakan wulan Ramadhan. Mulane kanggone warga Pakuncen kawit gemiyen nganti sekiye, saben munggah wulan Ramadhan, dia­nakaken acara unggah-unggahan lan dzikir bareng.

“Ramane, angger arep munggah wulan Puasa, utawa sekiye tah nang wulan Sadran, warga Bonokeling nang Pekuncen jere monge rame pisan ya ma. Apa rika tau tindak maring Pekuncen nekani acara unggah-unggahan?” takone mbekayu Tebok nalika ziarah mamring pesareyan Bonokeling nang Pekuncen.

“Ya tau, ningen wektu semono ora pati rame kaya sekiye. Jalaran wektu inyong maring Pekuncen sadranan, sing nin­dakaken tesih warga putra turune kyai Bonokeling. Ningen nek sekiye tah, acara sadranan nang Bonokeling dadi paket wisata. Malah tau ditayangaken nang telepisi. Jan nalika inyong melu nonton, keton semanger pisan,” ujare kaki Bawor karo nyruput  dhawet ayu sing tembe dituku nang anake wadon.

“Kayonge angger ndeleng nang telepisi ramane, sing jenenge sadranan lan unggah-unggahan nang pesarean Bonokeling rame pisan ya ramane. Jalaran warga masyarakat sing padha teka maring Bonokeling padha nggawa wedhus, pitik malahan kayane ana sing ngawa sapi apa kebo nggo disembeleh ya ramane,” mbekayu Tebok isih kepengin ngerti budaya nang Bonokeling.

“Yakuwe mau tinggalan sekang Kyai Bonokeling sing nganti sekiye dilesatarikna. Urunan bahan panganan kanggo sedhe­kahan. Mulai sekang beras, janganan nganti kewan sing arep disembeleh. Kabeh mau sumbangan sekang masyarakat. Ora mung warga Bonokeling lan Pekuncen, ningen uga warga sekang liya desa sing jaman gemiyene tau nyesep ngelmu sing diwulang wurukaken nang kyai Bonokeling. Sewise bahan-bahan mau kumpul, njuran dimasak bareng nang warga Bonokeling.

KLILAN

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?