Tahune di Gondhol Pitik
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 107 kali

Tahune di Gondhol Pitik

 

 Crita iki dialami dening kan­caku daksebut Pak K. jaman taun 1950 larang pangan lan sandhang. Mangan ya mung sakanane, nyan­dhang ya sak-sakae. Tuku klambi ya setaun pisan pendhak riyaya, nek bocah-bocah jaman saiki uripe seneng. Keturutan apa sak panjaluke, mangan sarwa bergizi lan pakaian pirang-pirang stel.

Taun 1950 mau Pak K, umur 7 (pitung taunan) du­we adhi 3 dheweke mba­rep. Bapake jenenge mbah P, gaweyane buruh kadhang-kadhang buruh macul, ngundhuh klapa, mikul areng lan liya-liyane. Ora ketang sithik entuk opah buruhan, senajan ora cukup nggo urip wong 6, anak 4 Pak lan Bok. P. mangan ya sakanane, ana sega ya mangan sega, yen ora ana sega ya tela utawa pala kependhem liyane.

K sak adhi-adhine awake kuru-kuru, lha piye mangan ora tau nganggo lawuh, paling-paling sambel utawa jangan gori. Jangane akeh segane sithik, mangan nganggo lawuh yen pas sedhekahan utawa slametan. Kuwi wae lawuhe gur tahu utawa tempe lan ora mesthi sesasi sepisan.

Kathok klambine dha amoh-amoh, arang-arang dikumbah ayake yen dikumbah dha mbrondhol. Kathoke suwek ora didondomi benike dha copot ora dibenakake maneh, mung di taleni debog garing. Kadang kathoke mlotrok marga kegedhen, mbuh lungsurane sapa. Yen dho dolanan K mau tanganane kiwa nyekeli kathoke ben aja mlotrok.

Esuk-esuk mbah P. lanang omong karo bojone. “Mbokmu iki aku entuk rejeki sithik nyanga pasar tukua tahu, anak-anakmu olahana tahu sing pedhes asin, dijangan akeh duduhe. Klapa ya duwe ben dha ngrasake seger, mesakake pirang-pirang sasi ora tau madhang karo lawuh.

Bareng awan mbah P. wedhok dumdum sega nang piring seng, sega 4 piring wis diwenehi duduh jangan lan tahu siji, pancen jatahe siji-siji, K. sak adhine weruh sega karo jangan tahu mripate gilar-gilaran, njur dha mangan dhokoh.

K tahune ora dicokot, ning di slelepake duduh terus disesep-sesepi, jare ben awet suwe. Yen adhi-adhine langsung dipangan dinggo lawuh, tahune wis bola bali di sesep. Yen wis garing dijegurke nggon duduh maneh nganti bola bali

Bareng krasa pedes, arep jupuk banyu ngombe piring sing isih isi sega lan tahu ditinggal nang dingklik. Tanpa kenyana-nyana ana pitik mara, weruh sega nang piring ana tahune, banjur dicucuk tahune digawa mlayu.

Bareng K weruh tahune digondhol pitik, bengok-bengok karo nututi. Si pitik rumangsa dioyak, samar yen tahune dijaluk mlayu saya banter. Oyak-oyakan antarane pitik lan K, pitik mlayu nang kebon K mlumpat nututi lan mak…dhel!...debog tali kathok pedhot, khatoke mlorot, terus crimpet sikile K. nganti tiba krungkep, karo bengok-bengok kelaran dheweke nangisi tahune, pitek wis geblas mbuh nang endi parane.

Mbah P wedok marani anake, napa kok tiba nganti nangis wong madhang kok tekan endi-endi. Bareng dicritani K, mbah P wedok melu brebes mili sidane tahu jatahe dhewe diwenehake K. (Suprapti-Bringin)

 

 

Lali Yen Ngasta Sepedha Motor

 

Crita iki dialami dening mitra kerjaku, asmane Pak H. Pak H iki ngasta ing sekolahan kang ana ing kecamatan, ananging daleme ana ing kutha. Saben dinane, piyambake nitih motor kanggo kerja. Ing sawijine dina Jum’at, kaya adate Pak H tindak sekolah nitih sepedha motor. Tekan sekolahan, sepedha diparkir ana ing parkiran, banjur Pak H mlebet kelas nglaksanakake jejibahane.          

Nalika jam mulih sekolah, Pak H banjur kesusu-susu arep kondur amarga mburu sholat Jum’at. Kersane ngono arep jum’atan ana ing masjid cedhak daleme. Nah, ing ngarep sekolahan wis ana angkutan umum sing tumuju ing arah kutha. Amarga penggalihe Pak N mung kepengin cepet tekan dalem, banjur tanpa ika iki Pak H langsung nitih angkutan umum. Bareng tekan ing dalem, Pak H lagi kelingan yen mau isuk ngasta sepedha motor dhewe. Pak H banjur telpon sekolahan amrih motore di amanake. Nganti saiki, crita iki isih tetep di eling-eling dening kanca guru, malah ana murid sing uga weruh lan ndadekake murid tansah eling terus marang Pak H. Pancene, apa tumon tindak sekolahan nitih sepedha motor, bareng kondure kok nitih angkutan umum? Hehe....

Salam konjuk dhateng Pak H ingkang sampun kersa nyritakaken pengalamanipun dhumateng kula. (Fenty Yensa- Ponorogo)

 

 

Dikira Bocah Rusia

 

Yen bayi wis lair saka guwa garbaning ibu, pratandha iku saka kanugrahaning Pangeran Kang Murbeng Dumadi.

Bayi kaparingan jeneng utawa asma, mula banjur ana upacara ritual selapanan minangka rasa syukur. Milih jeneng utawa asma ora sembarangan, amarga sing kagungan putra mengku karsa bisao putrane dadi putra Soleh, gangsar uripe lan panyuwun liyane.

Kanca kantor sing asmane Pak Parwoko, piyantune blater akrab lan sok nglucu kagungan putra loro lanang kakung adhi. Kelairane kaceke ora ana setahun, sing istilahe setaun ngemban ngono kae garwane keturunan Walanda/Netherland dadi putrane pakulitane putih.

Anggone maringi jeneng klebu unik sing nomer siji Jumklinov sing nomer loro Oklioktu, maune kanca kantor ngira yen tiru-tiru jeneng bocah Rusia. Bareng ditlesih jebule ngendikane kuwi saka tembung singkatan saka klairan putrane mau sing laire Jum’at Kliwon sasine November, lan sijine laire Oktober pasarane Kliwon (padha kakangne) dinane Sabtu.

Apatumon?! Tiwas dikira bocah Rusia. (Triwahyono-Yogyakarta)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?