Nyecek Godhong Supaya Panene Akeh
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 272 kali

Upacara adat minangka perangane budaya kang ana sambung rapete karo “kapitayan” (religius spiritual), panemu, rancangan, idhe, ubarampe, papan, wektu, isi saha tujuane. Mungguh “wose” para kadang mastani “nilai” utawa “value” yaiku ngemot babagan: filosofi utawa gegebengane wong urip.

“Etika” utawa sopan santun sesambungan karo pangandika, tumindak, busana lan liya-liyane. “Moral” utawa bebudene wong “edukasi” utawa pamulangan-pamulangan uga isih akeh wose kayata gotong royong lan liya-liyane. Kabeh maud diwujudake lumantar donga, ubarampe minangka simbul-simbul lan tata kramane anggone nindakake.

Mula para winasis duwe panemu kabudayan iku kaperang dadi loro: (1) Budaya Material, kayata omah, candhi, reca lan liya-liyane, (2) Budaya Non Material, kayata kapitayan utawa keyakinan, utawa budaya spiritual.

Upacara adat uga sinebut upacara tradhisi, ditindakake masyarakat mligine ana sing nyipta, saha kabeh wong urip uga ana sing nguripake. Wong Jawa nyebut Gusti Allah, Gusti Ingkang Akarya Gesang, malah ana sing nyebut “Tan Kena Kinaya Ngapa” awit ora bisa digambarake. Saha isih akeh sebutan-sebutan liyane ning masyarakat uga pecaya yen Gusti Allah mung siji.

Mungguh kapitayan masyarakat Jawa uga percaya yen wong (manungsa) asal-usule saka Gusti Allah lan arep bali menyang Ngarsane, mula akeh kang nyebut “Sangkan Paraning Dumadi”, gandheng yuswane wong mung winates digambarake “pindhaning mampir ngombe”. Kanthi mangkono wong Jawa tansah eling lan ngelingi yen manungsa mung saderma nglakoni kabeh aja ana sing ngatur mula sabarang lir tumindak sumarah saha sumendhe dhedhepe mring Hyang Murbeng Dumadi.

Lelandhesan ing ndhuwur tuwuh budining cipta wong Jawa yaiku upacara-upacara tradhisi sesambungan karo dhiri pribadhine uga karo urip berbayane, kayata upacara adat Nyeceg Godhong kang ditindakake dening warga Desa Meri, Kecamatan Magersari, Kotamadya Mojokerto.

Upacara adat Nyeceg Godhong yaiku upacara kang dimaksudake kanggo nyenyuwun marang Gusti Kang Akarya Jagad amrih asile panen pari akeh, nyecek ateges ngangkat pacul sepisan wektu nggarap sawah. Sadurunge dicecek petani ora wani wiwit nggarap sawahe, embuh macul, ngluku, nggaru nganti nanduri bibit pari. Bibit parine sing durung ditandur uga dicecek dhisik, bab iki dimaksudake amrih ama-ama sing nemplek ing godhonge pari ceblok lan ora nemplek ing wite pari sing nyebabake wit bosok, lan mati.

Upacara iki diwiwiti kanthi nyiapake perlengkapan upacara kang biasa sinebut ubarampe, sabanjure nyiapake papan panggonan lan perlengkapan kanggo slametan. Banjur padha lungguh bareng ing ndhuwur klasa kang wis dibeber, sesepuh desa ndeleh cok bakal ing pojokan sawah. Sawise rampung banjur bali lan lungguh maneh kaya sakawit. Donya diucapake dening sesepuh (tukang nyecek), sesepuh kasebut banjur ndoga lan warga ngangkat tangan menyang ndhuwur kanggo ngamini. Nalika ngleksanakake slametan, para petani padha lungguh mubeng ngupengi ubarampe sesaji lan jajar pasar, banjur mangan bareng. Sapurnane upacara banjur padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. (*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!