Minyak Doktrin “Gung Binathara” Raja-Raja Mataram (1):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 28 kali

Raja Mataram Ampuh lan Bakuh

Cacala

Panguwasane raja-raja jaman Mataram Islam (taun 1575-1755 M) iku bisa diarani asipat absolut (mutlak, tanpa wates). Raja-raja Mataram kajaba yasa angger-angger (undhang-undang, hukum) ngleksanakake angger-angger, uga tumindak minangka hakim tunggal kang duwe hak-wenang kanggo mutusake perkara. Malah ing antrane raja-raja Dinasti Mataram iku ana kang duweni tandha-tandha minangka raja kang dakwenang (wengis).

 

Konsep “Gunung Binathara”

Pancen kepara nyata mungguh panguwasane raja-raja Mataram iku banget ampuh lan bakuh, tumraping rakyat (kawula alit), panguwasa kasebut saya katon gedhe, saengga rakyat ngakoni yen ratu iku pawongan kang darbe kabeh lir samubarang, becik bandha donya uga manungsa (kawula). Mula ora jeneng nggumunake yen ratu kagungan kekarepan, kawula anane mung bsia matur “ndherek kersa dalem”.

Mungguh panguwasa (raja) kang gedhe tanpa watesan iku manut ujare wong Jawa disebut minangka “wenang wisesa ing sanagari”. Ing crita padhalangan, panguwasa kang gedhe iku lumrah digambarake kanthi tembung “gung binathara, mbau dhendha anyakrawati”. Tegese, “panguwasa kang gedhe kadi dene dewa (bathara gung), sarta mranata ukum lan nguwasani jagad (mbau dhendha anyakrawati).

Ing kalungguhan minangka panguwasa negara, raja darbe wewenang kanggo nindakake apa bae lan kanthi cara sing kepriye bae marang kukuban lan kabeh isen-isene. Kalebu panguripane manungsa kang manggon ing kukuban kono, mula yen raja kagungan karsa kanthi gampang mung banjur prentah apa kang dikarepake. Yen ana wong kang rumangsa duwe wenang ngukuhi barang darbeke, malah banjur digecak. Yen ana wong disawang ora pantes lungguh ing kalungguhan iku, kanthi gampang nuli direbut, yen perlu “disampurnakake” (dipateni).

Nyawang marang panguwasane raja kang gedhe banget iku, mula rakyat sacara umum anane mung banjur wedi marang ratune. Ing kahanan kasebut, kawula mung bisa tumungkul ing sangarepe raja yen arep matur kudu nyembah dhisik. Yen bola-bali matu, tegese uga kudu bola-bali nyembah.

***

Nanging mungguh konsep “Gung Binathara” iku satemene sacara wutuh unine mangkene: “raja gung bina­thara, mbau dhendha anyakrawati, berbudi bawa leksana, ambeg adil paramarta”. Dadi ukara kasebut ora mung nyungulake marang tembung “gung binathara” bae, nanging uga eling marang tembung “berbudi bawa leksana, ambeg adil paramarta.”

Mungguh maknane tembung “raja gung binathara, mbau dhendha anyakrawati, berbudi bawa leksana, ambeg adil paramarta”, yaiku: panguwasane raja kang gedhe iku kudu ditimbangi kanthi kewajiban budi kang luhur lan tumindak adil marang pepadhaning ngaurip. Mungguh laku budi luhur lan adil marang pepadhaning ngaurip iku sing disebut minangka “raja kang becik”.

Raja kang ngetrapake panguwa­sane kanthi timbang, antarane kewe­na­ngan kang gedhe karo kewajiban kang uga gedhe, utawa antarane panguwasa kang gedhe karo kewa­jiban kang setimbang iku mujudake isi kang wutuh saka konsep panguwasa Jawa kaya kang ginambar ing doktrin “Gung Binathara” kasebut. (doktrin= ajaran utawa dhasar, uga bisa dikarepake konsep utawa rancangan).

Ing konsep “Gung Binathara” iku uga dijlentrehake bab-bab kang manusiawi ing antarane yaiku: a). Raja bisa bae merjaya mungsuhe, nanging syarate kudu adil lan bisa nyukupi. b). Raja bisa bae milih wanita kang wis diwengku wong lanang liya, nanging syarate kudu diijoli kanthi setimbang. c). Marang kawula kang duweni labu-labet gedhe, raja wajib paring ganjaran. d). Yen raja paring paukuman marang kawula kang duwe kaluputan, kudu adil. Uga kudu paring paukuman marang putrane (kulawargane) kang uga nindakake kaluputan.

 

Raja Gung Binathara Kang “Ideal”

Rajagung binathara kang ‘ideal’ (kang digadhang-gadhang) iku digam­barake: darbe panguwasa dhuwur, minangka punjering panguwasa, di­aje­ni raja-raja liyane marga kawi­bawane, kasugihane, kratone gedhe lan endah, bisa minangka patuladan, kawentar ing saindhenging bawana. Akeh negara liya kang rumangsa aman lan diayomi, saengga para raja iku padha rila ngaturake apa bae kang dibutuhake raja. Ngaturake putri bo­yongan, bulu bekti, glondhong pengareng-areng, mas picis raja­brana, guru bakal, guru dadi. Pangu­wasane raja uga katon ing paseban, akehe nakaya kang marak ing piso­wanan bisa minangka takeran marang gedhene panguwasane raja. Pangu­wasane raja uga bisa ditengeri saka prajurite kang akeh (lan sateruse).

Kanthi ringkes disebutake, panguwasane “raja gung binathara” iku ditandhani dening: 1. Panguwasane kang dhuwur ora ana kang nandhingi. 2. Wilayah kang bawera. 3. Darbe nagara telukan (jajahan) akeh kanthi tandha bulu-bekti kang pepak, 4. Kasetyane para bupati lan nayakapraja kang katon trawaca nalika pisowanan. 5. Akehe prajurit lan pepake gegaman, 6. Regenge upacara, akehe pusaka, lan pepaking upacara kang ginelar. 7. Sugih bandha-bandhu, 8. Dhuwur kuncarane.

Mungguh raja gung binathara kang ideal (trep) iku bakal mahanani: “negara kang apanjang-apunjung, pasir wukir loh jinawi, gemah ripah, karta tur raharja.” Dene raja kang kanthi tumemen nindakake doktrin “Gung Binathara” yaiku: watake blaba lanloma, kersa paring busana wong kang wuda paring pangan wong kang luwe paring pangeyupan wong kudanan, lan paring teken wong wuta. Kanthi mangkono, tegese raja kasebut wis nindakake kuwajiban minangka “njaga tata trentreming praja.”

Raja uga kudu wicaksana, raja kang mangkono mau bakal antuk pangalembana kang sundhul langit saka kawulane. Saka dhuwuring pangalembana, raja digambarake kaya dene dudu salumrahing manung­sa nanging manungsa kang sekti mahambara. Kabeh ka­wula pasrah marang raja sabab mangerteni yen wa­tak kang mangkono mau, mung bakal mahanani kabecikan kanggo sapepadha. Mungguh dene raja uga banjur rumangsa yen kagungan wewenang lan panguwasa kang tanpa upama kanggo mranata nagara.

Senapati Ing Ngalaga Sayidin Panatagama Khalifatullah

Ciri-ciri kaya kang kinandhut ing konsep/ doktrin “Gung binathara” iku ing jaman Mataram awal katon ngrembaka ing pangageme gelar tumrap para raja Mataram, kayata gelar: panembahan, sunan, lan sultan, sarta ditambahi dening julukan “Senapati Ing Ngalaga Sayidin Panatagama Khalifatullah”. Julukan iku uga mujudake asma gelar kang ganep kanggo Panembahan Senapati minangka raja Mataram kang kapisan.

Pangrembaka ing bab pangageme gelar tumrap para raja Mataram kasebut katon ing maneka warna serat (kitab), kayata Babad Tanah Jawi, Serat Centhini lan SeratWulangreh. Ing Babad Tanah Jawi, umpamane, tinemu pangakune Pangeran Puger marang panguwasane raja kang tanpa wangenan (mutlak) kanthi nyebutake “yen apa kang diombe, godhong, suket, lan kabeh kang ana ing ndhuwur bumi iku kagungane raja.” Pangeran puger uga madhakake yen raja iku minangka “warananing Allah”  (warana=wakil, proyeksi, gambaran, panjilman).

Ing serat Centhini, raja kagambarake minangka “dhalang sejati” kang kuwasa mranata panguripan kang ‘antuk mandat’ saka Gusti Allah. Mungguh apa kang katindakake raja iku mujudake kersane Kang kuwasa, serat Tjenthini ngandharake: “pan ki dhalang sejati jatining ratu, sang ratu gantyaning nabi, nabi gantyaning Hyang Agung, ratu-nabi prasasating, Hyang Maha Agung kang kadular. Jarwan bebas: “Dhalang Sejati iku iya Raja pribadi, dheweke iku iya wakile Nabi, Nabi iku wakile Allah Kang Maha Agung, Raja lan Nabi iku wujuding Allah kang bisa disawang”. (Serat Tjenthini”, Batavia, 1912-1915 jilid VIII kaca 212).

Dene ing serat “Wulangreh” sinerat: “Ratu iku panguwasa kang kinarya wakiling Hyang Agung. Kagungan jejibahan minangka memetri jejeging angger-angger lan jejeging adil, kabeh manungsa kudu mbangun turut sapa kang wani nglawan marang dhawuhe raja ateges mbangkang marang karsaning Hyang Agung, mula wong kang ngawula marang ratu kudu mbangun miturut marang ratune tanpa syarat apa-apa” (jarwan bebas “Wulangreh Winardi” Paku Buwana IV, Surakarta 1953).

Ing masyarakat Jawa dikenal istilah kawula (rakyat) lan gusti (ratu). Mula banjur ana ungkapan kang muni “jumbuhing kawula gusti”. Ungkapan kasebut ora mung ing perkara mistik agama kang kanggo nyethakake bab “manunggaling manungsa kalawan Gusti Allah” bae, nanging ungkapan kasebut uga bisa kawerdi minangka “manunggaling rakyat karo ratune.”

Dene ing tataran pungkasan sisa-sisa pangetrape konsep/doktrin “Gung Binathara” tumrap raja-raja Mataram iku, katon trawaca ing nawala kohir (surat bukti pemilikan tanah) kang kababar dening kraton Surakarta lan Yogyakarta, kang tinulis ing ukara kang muni “Hanggadhuh Kagungan Dalem Ingkang Sinuwun.” (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!