Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (22)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 48 kali

(3).    Tumapake pati wong

      kang kufur

Miturut Syar’i, ana tipologi kematian,  yaiku sing karan kematian kang becik (husnul khatimah), lan ana kematian sing ala (su’ul khatimah). Allah wus ke­pareng paring pituduh tumindake Ma­laikat marang jiwa kawula sing kufur sarta tumindak maksiyate. Mangkene maksud dhawuhe Allah iku:

“He Muhammad! Manawa sira ndulu marang wong-wong kang padha tindak aniaya (dzalim) mau ana ing sajerone sekarating pati, ing kono Malaikat pati banjur mbeberake tangan-tangane kan­thi ngucap: Ing dina iki sira padha nge­tokna nyawanira saka raganira, sarta sira kabeh bakal nampa piwales siksa kang nginakake (ngasorake), jalaran saka anggonira padha gumedhe marang ayat-ayating Allah.” (AQ.S.Al-An ’Aam (6):93).

Lha tumraping wong-wong kang kufur sarta mbalela (ingkar) marang ayat-ayating Allah, sakaratul maut mau mu­judake siksan sing paling sepisan (awal) dirasakake sadurunge siksan-siksan liyane sing ngranti (nunggu). Malaikat pati bakal nyekel sirah (mbun-mbunane) wong-wong mau kanthi sikep kang kasar binarung karo nggebug  gegere wong mu kanthi gebugan kang banter banget, nuli ngucap:

“He sira wetokna nyawamu!” Ing dina iki, bakal dipitontonake marang wong mau siksa Neraka sing bakal dialami, sa­engga wong-wong mau bakal ngupaya mlayu ngedohi pati. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Saupama sira ndulu marang wong-wong kafir mau, nalika dheweke dile­renake ana ing sapinggiring Neraka, nuli dheweke munjuk atur: Dhuh Gusti Allah, nelangsa saestu kawula, mbok inggiha kepareng kita kawangsulaken malih dhateng Donya, saestu kita mboten badhe maiben malih dhu­mateng sedaya ayat-ayating Allah, sesembahan kita, tuwin kita badhe dados golonganipun tetiyang ing­kang iman.” (Q.S. Al-An’Aam (6):27).

Pawarta ghaib babagan apa kang bakal dialami dening manungsa ing nalika tumpakaing pati, ora dimangerteni de­ning sapa bae, kajaba mung dening Allah.

Ilmu pengetahuan manungsa banget winates, sarta ora bisa mangerteni (ngungkap) sekabehing masalah sing  dumadi nalika tumapaking pati. Sebabe tumrape wong-wong kang wus napaki pati, wus  ora bisa  urip maneh, sarta  nyri­takake apa kang wus dialami nalika napaki pati (kematian). Ilmu penge­tahuane manungsa mung bisa gaduk mangerteni apa sing bisa digayuh dening nalar lan apa sing bisa dinalar dening pikiran. Dene gaduke pikiran uga winates marang sing bisa jinangka dening pan­cadriya (pancaindra). Dene sing ora bisa dimangerteni (dijangkau) dening panca­driya iku mau kalebu tataran (ranah) ghaib, sing ora merlokake teori utawa pembuktian emperis.

Ing babagan iki tumraping pawongan, mung perlu kudu yaqin (pitaya), iman kanthi apa kang wus Allah kepareng paring pituduh utawa informasi ana ing Kitab Suci Al-Qur’anul Karim sarta apa kang wus didhawuhake dening para Nabi lan UtusaNe, liwat pangandikane kang shaheh (Hadits Shaheh).

 

(4). Tumapaking pati iku

      mujudake ujian

Tumapaking urip lan pati iku mu­judake pacoban mungguhing manungsa. Trep karo dhawuhing Allah, mangkene maksude:

(Allah) kang wus kepareng gawe pati lan urip saperlu kanggo nyoba ing sira kabeh, sapa kang luwih becik  tumin­dake. Panjenengane Allah iku Maha Mul­ya.” (Q.S.Al-Mulk (67):2).

Coba kita taliti ing ayat kasebut tembung al’maut (mati) iku kasebut luwih dhisik katimbang tembung al’ha­yat (urip). Iki hikmahe miturut sa­watara ulama tafsir, antara liya al’Qur­tubi lan Baidawi, yaiku manungsa mono asale saka ora ana, nuli dadi ana. Donya mono mujudake lumakune panguripan, sing njalari ana sawuse cinipta dening Allah, saengga dumadi kematian, ateges dadi ora ana (ketiadaan). Iku hakekate wus dilakoni dening manungsa saduru­nge urip (kehidupan) ana ing donya. Tembung liya sing narik kawigaten ing ayat kasebut, yaiku layab luwakum (kanggo nguji), sarta tembung ahsanu amala (sing luwih becik amale).

Tembung kanggo nyoba kasebut ngandhut informasi (pekabaran) ba­bagan hakekate urip lan mati sing dialami dening manungsa ana ing donya, iku mujudake pacoban, ujian. Dene tem­bung sapa sing becik amale, iku nuduh­ake sebab pangaji (nilai) ujian (poin pernilaian) Sang Panyipta saka pacoban panguripan lan kematian iku. Kang  mang­kono mau mujudake pangaji ujian kang adil banget, sing miturut sawatara ulama tafsir, antara liya Ibnu Katsir, amal kang becik iku, yaiku amal sing ndarbeni pangaji utawa kuwalitas sarta kerep ditindakake. Sabanjure diterangake, ma­nawa ayat kasebut migunakake tembung aksaru amal (amal sing akeh), iku maknane amal sing akeh (kwantitas). Kanthi mangkono, iku cetha ora adil. Apa sebabe? Lha sebabe hiya mung golo­ngan tinamtu saka wong-wong kang iman sing bisa nindakake.

 

Amrih genahe, mangkene tuladhane:

(a). Tumraping pawongan kang nindakake maksiyat, aweh wasiyat, supaya jasade dibakar (diobong), lan awune dibuang menyang segara, ma­nawa dheweke mbesuk tumapak ing pati (tilar donya). Iki mujudake pawadan, krana dheweke wedi banget ketemu marang Allah, wedi banget marang sik­saning Allah. Patrap kang kaya mang­kono mau ing pangajap dheweke bisa uwal saka PanjenenganE, lan ing dina Qiyamat dheweke ora ditangekake. Nanging krana rasa wedi kang banget iku (marang siksaning Allah), iku kang tuwuh ana ing atine, yaiku sing njalari Rahmat Allah lumeber marang pa­wongan mau. Hiya krana kwalitas amale wong mau, bisa njalari dheweke mlebu Suwarga.

(b). Kisah tumraping sawijining  wanita tuna susila (pelacur) kang mlebu menyang Suwarga, krana dheweke me­nehi ngombe marang sawijining asu sing wis sekarat krana ngelak banget. Wanita tuna susila mau kanthi susah lan ngre­kasa banget anggone golek banyu ngang­go wadhah sepatune, nuli diwe­nehake marang asu kasebut.

Lelandhesan karo saka akehe (kwan­titas) dosane, kekarone pawongan kang katur ing ndhuwur, yaiku pawongan kang akeh maksiyate lan wanita tuna susila kasebut, wus mesthi  dosane luwih akeh katimbang kebecikane. Nanging krana kwalitas amal kekarone pawongan mau, sanajan mung sethithik, iku kabeh bisa ngowahi murkaning Allah dadi ridlaning Allah. (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…