Durmogati
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 420 kali

Ing kelir katon Prabu Duryudana lagi diadhep Patih Sengkuni, sawetara nayaka praja lan priyagung saka negara liya. Sing dadi underane pirembugan ora liya ngajap ringkihe Pandhawa. Sokur bage bisa nyirnakake kanggo salawase. Murih ora dadi klilipe Kurawa.

“Kula ajeng usul, Man Sengkuni,” Dur­magati nyletuk sawise Sengkuni ngudhal tembung tharik-tharik sing wose kepengin mblithuk lan nyingkirake Pandhawa.

“Dur, menenga dhisik. Ora prelu usul, cukup ngrungokake lan nglakoni apa sing dadi keputusane parepatan iki mengko.”

“Mboten ngaten, Man. Gandheng kula tumut parepatan mesthine nggih angsal urun rembag.”

“Bocah kok angger-angger mbregu­dul. Ya wis gek omonga nanging aja ngge­dabyah, awit iki ana sangarepe pri­yagung saka negara liya. Aja nganti gawe isinne kadang Kurawa.”

“Ngaten, Man Sengkuni. Kula niku gu­mun setaun kalih sampeyan, wiwit biyen mula ngantos saniki kok boten uwis-uwis nek gething mburu sengit kalih Pandha­wa. Sampeyan kedahe emut jaman se­manten, kaya ngapa sengsarane Pandha­wa sing kudu ninggalake praja lan urip kedharang-dharang ing alas amargi pokal gawe sampeyan. Kajaba niku pun kaping pinten sampeyan ngojok-ojoki Sinuwun Duryudana murih ngrenah patine Pandha­wa kanthi cara menapa mawon. Nanging gandheng Pandhawa niku jujur lan tansah nengenaken karukunan, krenah sampe­yan niku nyatane boten nate kasil lan su­walike malah asring nemahi kewirangan. Lelakon niku kedahe sampeyan emut-emut lan dadi kaca benggala, Man.”

“Dur, aja crigis. Aja mbok bacutake tembungmu sing nggladrah nggedabyah kuwi.”

“Kula namung dhapur ngemutaken lho, Man. Pandhawa niku nggene kabe­cikan, nggene kajujuran lan lambange karukunan. Yen sampeyan tetep nekad ajeng ngrenah patine Pandhawa, sengara kelakone. Malah-malah sampeyan sing bakal nemu wirang malih. Mbok nggih sam­pun ta, Man, dilereni anggene ga­dhah trekah kados ngaten.”

Ing sela-selane pacelathon antarane Durmagati lan Sengkuni sing katon geget gayeng kuwi, dumadakan Harya Wibaksa, ya pawongan sing bengi iki nanggap pa­gelaran wayang kulit sawengi natas, ban­jur ngadeg saka kursine lan gage-gage mlaku nyedhaki panggung.

“Pak Dhalang, critane kok mboten ka­dos pesenan kula sekawit. Kula rak sam­pun pesen, Durmagati sing pakulinane glenyengan mesthine bengi niki boten ke­nging ngaten,” tembunge wong lanang ge­dhe dhuwur mau sawise nyaut mic-wireless sing ana panggung, swarane ke­prungu rada santak.

“Pun mang eling-eling pesen kula, Pak Dhalang,” tembunge maneh lan banjur bali menyang kursine sekawit. Lungguh amor tamu undhangane ing kursi barisan ngarep dhewe. 

Krungu tembunge sing nanggap wayang kaya ngono, ora mung dhalang, sindhen lan para niyaga wae sing kaget. Penonton sing bengi iki jejel riyel uga………………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…