Adicara Harmoni Budaya Sundha – Jawa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 63 kali

Dirawuhi Pakdhe Karwo, Kang Aher lan Sri Sultan HB. X

Adicara kang diprakarsai dening Gubernur Jawa Timur Dr. H. Soekarwo (Pakdhe Karwo), Gubernur Jawa Barat Dr. H. Ahmad Heryawan (Kang Aher) sar­ta Gubernur Daerah Istimewa Yogyakar­ta (DIY) Sri Sultan Hamengku Buwono X  kang dikemas mawa adicara Harmoni Budaya Sundha – Jawa durung suwe iki kelakon ing hotel Bumi Surabaya kepe­tung sukses awit sineksenan kabeh pihak kang kawogan. Rawuh ing kalodhangan kasebut Sekdaprov Jatim Dr. H. Akhmad Sukardi, Pangdan V Brawijaya, Wakapol­da Jatim, bupati/walikota se-Jatim, bu­pa­ti/walikota eks. Pajajaran, jajaran Polda Jatim, jajaran Komandan Kodim, para Kapolres se-Jatim, Kepala Disbud­par Prov. Jatim lan Jabar, tokoh budaya­wan Jatim lan Jabar, mahasiswa lan ora keri para juru warta, reporter saka media cetak lan televisi. 

Harmoni Budaya Sundha – Jawa mu­jud­ake sawijine momen sejarah kanggo luwih ngraketake antaretnik sarta ngra­ketake paseduluran. Harmoni Budaya Sundha-Jawa diajab mujudake tetenger pungkasan antarane etnis Sundha karo etnis Jawa pasca anane kedadeyan pe­rang Pasundha  Bubat kang kedadeyane nalika taun 1357 Masehi, dhek 661 taun kepungkur.

Ing kalodhangan kasebut, sajrone orasine Gubernur DIY Sri Sultan Ha­meng­ku Buwono X kang entuk sesebutan saka Pakdhe Karwo minangka Penga­geng Budaya Jawa, ngendikakake yen momen kaya Harmoni Budaya Sundha-Jawa mujudake rekonsiliasi ngraketake etnik Sundha lan Jawa pasca anane perang Pasundha Bubat antarane krajan Majapahit karo Pasundhan nalika taun 1357 Masehi utawa 661 taun kepungkur.  Wujud rekonsiliasi kang luwih trep ka­tempuh lumantar padha-padha memetri budaya Sundha-Jawa kang adi luhung sarta ngganti jenenge dalan ing telung provinsi yaiku Jawa Timur, DIY lan Jawa Barat.

“Provinsi DIY wis nggawe dalan nganggo jeneng Jalan Siliwangi, Paja­jaran lan Majapa­hit ing sawijine da­lan sajalur lan ros dalan sim­pang, saka sim­pang Pelemgurih menyang Jombor banjur diterusake nganti simpang telu utawa per­telon Maguwo­harjo lan isih dite­rusake maneh te­kan simpang Wo­nosari. Jeneng-jeneng anyar tum­rap dalan-dalan mau mu­jud­ake tonggak sejarah anyar rekonsi­liasi etnik Sundha lan Jawa. Yen dina iki kita bebarengan karo Kang Aher, iki nge­mu teges yen piyambake mujudake re­presentasi rakyat Sundha kang mang­gon ing Jawa Barat. Semono uga Pakdhe Karwo sing nggagas rekonsiliasi iki mu­judake representasi rakyat utawa wong Jawa sing manggon ing Jawa Timur. Re­konsiliasi iki tansaya agawe kukuhe rasa persatuan lan mikuwati yen kita iki mu­jud­ake bangsa sing nduweni marta­bat. Ana ing ajaran agama apa wae, ora ana sing jenenge dosa turunan. Kita ngajab Gusti Kang Maha Kuwasa tansah maringi pituduh, saengga kita bisa dadi luwih utuh minangka sawijining bangsa,” mang­kono Gubernur DIY Sri Sultan Ha­mengku Buwono X ngendika ing kalodha­ngan orasine.

Sawatara kuwi Gubernur Jawa Timur ing orasine ngendikakake yen rekonsiliasi iki dadi penting banget kanggo mikuwati persatuan sarta kesatuan bangsa mligine  etnis Sundha lan Jawa. Kamangka kang dadi punjering perkara kuwi wis keda­deyan 661 taun kang kepungkur nalikane ana tragedi perang Pasundha Bubat uta­wa Perang Bubat, saengga etnis Sundha dalasan etnis Jawa asring ngalami beda panemu ing bab sosial kemanusiaan ka­yadene bidang  perkawinan, pendhidhi­kan dasar lan sawatara liyane.   

“Lumantar Harmoni Budaya Sundha – Jawa iki, samubarang perkara lan be­dane panemu antarane etnis Sundha karo etnis Jawa sing wis kita alami sajro­ne 661 taun suwene, kita kabeh wis sa­rujuk kita pungkasi dina iki. Alhamdulil­lah, aku karo Pak Aher kasil nemokake titik temu sing padha. Mula saka kuwi, penting banget kanggone generasi mu­dha saiki mangerteni sing sabenere ka­ya­ngapa satemene nganthi ana keda­deyan Perang Bubat minangka perang kebudayaan. Sabanjure antarane keda­deyane Perang Bubat karo anane naskah-naskah kuno bangsane Kidung Sundha­yana sing njedule udakara 200 taunan sawise kedadeyane Perang Bubat kuwi, kena diarani mung upaya devide et im­pera (politik pecah-belah) saka jaman ko­lonial sing tujuwane mecah-belah per­satuan antarane kita,” ature Pakdhe Kar­wo ing pidhato orasine. 

Sabanjure manut Pakdhe Karwo, minangkani rekonsiliasi iki ing kutha Surabaya ana owah-owahan jenenge dalan kang migunakake simbol-simbol ke-Sundha-an. Ing Surabaya,  dalan arteri kang kawitane je­neng Jalan Gunungsari diganti nganggo jeneng anyar Jalan Pra­bu Siliwangi. Sabanjure da­lan Jalan Dinoyo diganti ngang­go jeneng anyar Jalan Sundha. Kanthi jeneng-jeneng anyar mau, mula ing kutha Surabaya, dalan Jalan Prabu Siliwangi da­di dalan sacedhake dalan Jalan Gajah Mada, sawatara dalan Jalan Sundha cedhak karo Jalan Majapahit.

Gubernur Jawa Barat Dr.H. Ahmad Heryawan ing kalodha­ngan orasine uga nandhesake yen ing provinsi Jawa Barat mli­gine ing kutha Bandung uga ana dalan anyar nganggo jeneng Jalan Majapahit lan Jalan Hayam Wuruk.

“Jeneng Jalan Majapahit ngganti je­nenge Jalan Gasibu kang papane ing tengah kutha Bandung. Sawatara jeneng Jalan Kopo diganti nganggo jeneng Jalan Hayam Wuruk. Penggantian jeneng dalan loro mau direncanakake kaleksa­nan sajrone sasi April utawa awal Mei 2018 iki,” mangkono ngendikane Guber­nur Jawa Barat.

Gubernur Ahmad Heryawan uga nan­dhesake yen piyambake sarujuk karo panemune Pakdhe Karwo yen upaya rekonsiliasi lumantar Harmoni Budaya Sundha – Jawa iki mujudake terobosan sejarah kang tujuwane ora liya mikuwati rasa nyawijine etnis Sundha lan etnis Jawa njaga keutuhan bangsa kang nyawiji sajroning bingkai negara NKRI. Disebutake cacah etnis Jawa ana 42% saka kabeh cacah etnis ing Indonesia. Sawatara kuwi etnis Sundha cacahe 14%. Cacah etnis loro kuwi padha karo 56%. Cacah kuwi padha karo separo luwih saka cacah etnis sa-Indonesia.

“Tegese yen masalah Jawa karo Sun­dha iki wis kita tuntasake, kudune perkara-perkara gedhe sing ana ing Indonesia iki uga bisa kita rampungake,” im­buhe Gubernur Jawa Barat ing orasine.

Adicara Harmoni Budaya Sundha-Jawa iki dipambukani seni budaya kola­borasi kesenian Jawa Timur lan Jawa Barat, dibacutake orasi penggantian jeneng-jeneng dalan dening gubernur Jatim, Jabar lan DIY katiti mawa tandha mijet tombol sirine bebarengan. Saban­jure ana srah-srahan cinderamata wu­jud plakat, kain bathik, lan piagam saka Guberenur Jawa Timur Dr.H. Soekarwo marang Gubernur Jawa Barat Dr.H. Ah­mad Heryawan lan Gubernur DIY Sri Sultan Hamengku Buwono X. Kang uga narik kawigaten, para undangan sarta tetelune gubernur sabanjure padha ma­in­­ake alat musik angklung kang mujud­ake musik tradhisional provinsi Jawa Ba­rat. Ing kalodhangan kasebut uga diadani diskusi panel. Narasumber saka Universitas Indonesia Jakarta Prof. Agus Aris Munandar, M.Hum kanthi makalah irah-irahan Bukti-bukti Perekat Sejarah Antara Dua Etnik di Masa Silam, kasil narik kawi­gatene kang padha rawuh. Sabanjure Prof. Dr. Haryono saka Universitas Negeri Malang ngangkat makalah Hikmah Yang Dapat Diambil Dari Pasundan Bubat menuju Kehidupan Masa Kini, sawatara Dr. Undang Ahmad Darsa saka Universitas Pajajaran Bandung ngangkat irah-irahan Bukti-bukti Perekat di Budaya Sunda. Makalah mawa irah-irahan Peran Majapahit di Nusantara diangkat dening Prof. Aminudin Kasdi saka Universitas Negeri Surabaya (Unesa).

 

Kudu Nunggu Perda Dhisik.

Kedadeyan perang Pasundha Bubat utawa Perang Bubat mu­jud­ake perang antarane krajan Majapahit karo krajan Sundha ing abad ka-14, utawa persise na­­lika taun 1357 Masehi. Dadi perang kuwi kedadeyane wis 661 taun ndhisik. Pasundha Bu­bat kuwi bisa dadi perang ra­me amarga anane kesalahpaha­man antarane Patih Gajah Mada mi­nangka utusane ratu Hayam Wu­ruk saka Majapahit karo Pra­bu Linggabuana dalasan patihe aran Anepaken saka krajan Sun­dha. Patih Gajah Mada ngatur­ake panglamare Prabu Hayam Wuruk kang ngersakake mengku putri ayu Dyah Pitaloka putrine ratu krajan Sundha. Nanging amarga anane beda panemu uta­wa kesalahpahaman weka­sane nuwuhake pradondhi kang banjur ngambra-ambra dadi perang antarane Majapahit karo krajan Sundha mau. Paprangan kuwi pungkasane nu­wuh­ake kurban pepati. Ratu Sundha da­lasan ibu ratu, putri Dyah Pitaloka ange­masi ing perang Pasundhan Bubat kuwi. Saliyane kuwi korban pepati saka prajurit krajan lelorone uga ora sethithik, mligine prajurit kang saka krajan Sundha. Mang­kono mungguh satleraman kedadeyan Pasundha Bubat utawa Perang Bubat kang cinathet sejarah kedadeyane dhek taun 1357 Masehi.             

“Nganthi saiki isih ana wong Sundha sing ora gelem yen disebut manggon ing Jawa, kamangka wong-wong mau sate­mene manggon lan urip ing pulo Jawa. Mulane rekonsiliasi iki mengko, bakal nggawa dampak psikologis supaya kita kabeh iki luwih ngraketake paseduluran murih utuhe bangsa Nuswantara,” atur im­buhe Gubernur Jawa Barat Dr.H. Ah­mad Heryawan.

Sabanjure saka pihak Pemerintah Provinsi Jawa Timur nandhesake yen ren­cana ngowahi jeneng dalan cacah loro ing Surabaya mau sejatine wis ditempuh nganthi ngadani pirembugan ing sawa­tara tahapan. Rencana kasebut uga wis entuk pasetujonan awal saka Pemerin­tah Kota Surabaya. Nanging pancen isih ana tahapan liyane kang kudu diliwati.

“Salah siji tujuan ana owah-owahan ngenani jeneng dalan mau yaiku anane harmoni budaya antraprovinsi. Mligine Jawa Timur, Jawa Barat lan DIY. Nanging owah-owahan jeneng dalan kasebut kudu liwat Perda. Wektu iki, anggone nyusun Perda dipasrahake marang Pemkot lan DPRD,” mangkono kandhane Kepala Dinas PU Bina Marga Prov.Jawa Timur Gatot Sulistyo Hadi.  

Sumber informasi kang diimpun saka Dinas PU Bina Marga Jatim nyebutake yen owah-owahan jenenge dalan cacah loro ing kutha Surabaya kuwi sejatine ora sawutuhe dawane dalan. Tegese mung sebageyan saka dalan kang ngala­mi owah-owahan jeneng. Dalan lan je­neng lawas isih ajeg ana, dadi ora diputhes ngono wae. Mung sebageyan saka dalan kang ngalami owah-owahan kanthi nganggo jeneng anyar.

Contone, dalan Jalan Gunungsari. Ruas Jalan kang ngalami owah-owahan mawa jeneng Jl.Siliwangi kawiwitan saka ruas per­telon Jalan Gunungsari - Jl. Gajah Mada nganti Gunungsari - Wiyung. Wondene ruas dalan Jalan Joyoboyo nganthi per­telon Jalan Gajah Mada, ajeg nganggo jeneng lawas Jalan Gunungsari.  Semono uga kang lokasine ing ros dalan Dinoyo. Ing ros dalan kasebut kang ngalami owah-owahan nganggo jeneng anyar Jalan Sundha kawiwitan saka ros da­lan pertelon Jl. Mojopahit nganthi pra­patan Jl. Dinoyo-Pandegiling. Sawatara pertelon jl. Mojopahit – Jl. Bung Tomo (jembatan BAT) ajeg nganggo jeneng lawas Jl. Dinoyo.

Kanthi mangkono, dalan Jalan Dinoyo kang ngalami owah-owahan jeneng dadi Jalan Sundha da­wa­ne mung  watara 300 meter. Sawa­tara dalan Jalan Gunungsari, watara 1.990 meter kang nganggo jeneng anyar Jalan Prabu Siliwangi. Ewasemono sawise Gubernur Jatim Soekarwo mba­bar anane owah-owahan jeneng dalan cacah loro ing Harmoni Budaya Sundha – Jawa kuwi, banjur ana sawatara war­ga lan pihak liya kang ora sarujuk. Uta­wa nuwuhake sikep pro lan kontra.

Sejarawan saka Universitas Airlang­ga (Unair) Surabaya Adrian Perkasa sarujuk karo panemu sarta tumindhake Pemprov Jatim. Manut Adrian Perkasa sejarawan kang nulis buku “Orang-orang Tionghoa dan Islam di Majapahit” kasebut, lumantar anane owah-owahan jenenge dalan kasebut diajap nuwuhake kesadhasaran anyar, yakuwi pemerintah ngupaya mbangun persepsi yen pradon­dhi krajan loro kuwi wis liwat. Mula wis sapantese yen anane tambahan jeneng loro dalan ing Jawa Timur apadene ing Jawa Barat mau luwih ngatonake kebhi­nekaan Indonesia kang njunjung kesa­tuan lan persatuan.

Sawatara kuwi Kabiro Humas dan Protokol Pemprov Jatim Benny Sampir­wanto uga ngendika yen sejatine ngono gubernur Jawa Timur kagungan niyat luhur nalika ngusulake owah-owahan jeneng dalan kasebut. Pakdhe Karwo nyandhingake jeneng dalan kang ngan­dhut tembung Sundha ing Surabaya ka­sebut dadia simbol final nyawijine Sundha – Jawa.                                                                                                                                                                                                   

“Mengko kayangapa pembahasan ing Pansus (Pantia Khusus) Perda-ne. Mes­thi njaluk panemune pakar lan masyarakat,” mangkono ngendikane Kabiro Humas dan Protokol Pemprov Jatim kuwi, sinartan menehi katrangan yen Pemeritah Provinsi manut karo kang dadi keputusane DPRD.                                                             

(A.Manan Sagitarius)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya