Sejarah Pangrembakane Arsitektur Jawa (2/Tamat):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 14 kali

Arsitektur Jawa Wis Duwe Pathokan Baku

Pangrembakane arsitektur Jawa ing jaman kawuri pancen wis duweni pa­thokan baku kang manteb lan manetep. Bab iku bisa dimangerteni saka anane tataran klas-klas (klasifikasi) lan prana­tan bangunan Jawa kang sacara umum wis disarujuki dening rakyat (masyara­kat), sanajan tanpa nganggo pranatan kang tinulis. Mungguh sawatara bab kang disawang melu udhu marang pangrem­bakane arsitektur Jawa, ing antarane yaiku bab: 1. Klasifikasi bangunan, 2. Pra­natan bangunan, 3. Cara ngendhaleni komponen (perangan) bangunan.

1. Bab Klasifikasi Bangunan.

Klasifikasi bangunan bisa dilakoni kanthi maneka cara, ing antarane:

a. Adhedhasar bentuk payon, klasi­fikasi kasebut adhedhasar wawasan kang mratelakake yen “payon iku mujud­ake perangan paling baku mungguhing bangunan Jawa”. Payon tansah digathuk­ake marang makna-makna lan simbul-simbul mikrokosmos, utawa unsur alam ing sakitere lan statuse (wong) kang manggoni. Pabedan ing bentuk payon iku kang nemtokake marang klasifikasi bangunan kasebut, yaiku: 1). Payon Tajug kanthi maneka variasi, utamane bentuk Sinom, 2). Payon Limasan, 3).  Payon Kampung, 4). Payon Panggangpe.

b. Adhedhasar gunggunge saka (ca­gak) lan jinise bangunan. Babagan iki satemene uga ditemtokake marang ji­nise payon, sabab ing kasunyatan kla­sifikasi bangunan Jawa iku ditandangi liwat cara maneka warna lan uga duweni mawarna-warna variasi (cakrik).

2. Bab Pranatan Bangunan

Mungguh pranatan bangunan Jawa kang wujud tulisan (cathetan) iku tetela angel dipethuki. Utawa bisa dikandhak­ake yen bab Pranatan Bangunan Jawa iku ora ana sing katulis ing wujud cathetan-cathetan. Sanajan mangkono, nanging pangetrape pranatan bangunan Jawa iku tetela sacara umum wis ditan­dangi kanthi becik dening wong (rakyat, masyarakat) Jawa.

Pangetrape bangunan kang bakal dibangun uga gumantung marang wu­jude bangunan duweke panguwasa kang pangkate paling dhuwur ing lingkungane (upamane: bekel, panatus, panewu, nayaka, pangeran, lan sateruse). Jlen­trehe: Rakyat umume mbangun omah kanthi luwih prasaja katimbang omahe bekel. Dene bekel mbangun omah kang luwih prasaja katimbang omahe panatus, mangkono sateruse.

Dadi sanajan wis ana pranatan sing diarani tataran klasifikasi bangunan, nanging variasi (cakrik) bangunan ing saweneh wilayah iku siji lan sijine bisa beda-beda. Kabeh mau gumantung ma­rang tataran kalungguhane wong sing duwe omah. Dadi sanajan tanpa ngang­go pranatan kang cetha (tinulis), nanging kabeh wis padha dituhoni lan kanggo pathokan masyarakat. Kabeh mau ngemu karep, murih rakyat (kang lagi mbangun omah) aja nganti “disendhu” dening pehak panguwasa.

Pranatan kasebut wis lumaku wiwit jaman mekare arsitektur Jawa kang disengkuyung dening panguwasa (raja). Mungguh ing sabanjure, kanthi sureme panguwasa raja-raja ing Pulo Jawa, wiwit surem uga pamekare arsitektur Jawa. Ing awale proses kasebut isih lumaku alon, nanging suwe-suwe banjur katon lumaku luwih cepet, sabab ka­da­yan muncule teknologi lan kabudayaan anyar saka njaban rangkah ing jaman saiki.

3. Bab Ngendhaleni Perangan (Komponen) Bangunan

Wujuding bangunan Jawa iku sate­mene sacara ilmiah (naluriah) wis bisa nyukupi marang kebutuhane manungsa (wong) Jawa. Upamane, ing babagan iklim lan ekologi tatanan bangunan Jawa banget migatekake marang:

a. Pengontrol iklim, ing antarane kang­go ngawekani kahanan lembab kanthi cara liwat bentuk payon, pangga­wene aling-aling, lan dhuwure jogan kang sok-sok digawa beda siji lan sijine.

b. Kanggo pengamanan, kenyaman­an lan ‘privacy’ (kebutuhan mirunggan) kawujudake ing bangunan aling-aling (pepet), cendhela, lawang, lan plataran kang becik.

c. Bangunan Jawa uga migatekake bab rasa pangrasane manungsa. Kaya ta bab emosi, imajinasi, lan kapitayan. Kabeh mau kaudhar liwat sawarnaning komponen bangunan kang ana.

d. Naluri kanggo njaga keamanan lingkungan uga kaudhar ing jinise bangunan kang gampang dibongkar lan dipasang maneh. Jlentrehe: upamane yen ing lingkungan sing lawas wis dianggep kurang aman, kurang subur, utawa kurang trep, wong Jawa kanthi gampang bisa mindhah omahe ing papan (lingkungan) anyar kang disa­wang luwih becik.

e.   Carane nggawe omah uga mi­ga­­tekake babagan lingkungan ing kiwa-tengene lan ngawekani dumadi­ne gangguan alam. Kayata ngawe­kani yen ana lindhu ing kene wujude kons­truksi bangunan dipilih kanthi detail jinis konstruksi kang ceples. Ing kasu­nyatan sacara umum bangunan Jawa kabukten luwih kuwawa nahan gete­ring lindhu, kabandhing bangu­nan liyane kang ana ing sakiwa-tengene.

f.    Sistim kontruksi bangunan kang duweni daya tahan becik marang getering lindhu iku, mujudake ciri mi­runggan tumrap bangunan Jawa sing disebut kontruksi ‘dudur lan ‘pritgantil’ sarta cara penyambungan kayu mawa ‘pasak’. Eman, cara kasebut saiki wis arang dicakake ing konstruksi bangunan modheren. Dadi satemene bisa dikan­dhakake yen ciri mirunggan tumrap ba­ngu­nan Jawa iku wis mlorod (ilang?).

g. Mungguh wujude konstruksi bangunan Jawa iku ora mung tinemu kanthi kaperena bae, nanging ngliwati asil panaliten lan percobaan empiris kang wis dilakoni mataun-taun ing wektu kang suwe lan mujudake asil panemon kang bisa dipercaya sacara ilmiah.

 

Apresiasi masyarakat marang arsitektu Jawa wis anjlog

 

Arsitektur Jawa bisa dikan­dhakake wis tekan pucuk (men­tog). Nanging kanthi dumadine pame­karan teknologi lan per­bawane budaya saka njaban rangkah, tetela mangribawane marang tradhisi kang ana lan tingkahlakune wong Jawa. Mula apresiasi masyarakat marang arsitektur Jawa saiki katon ba­nget anjlog. Bisa dikandhakake wiwit taun-taun pungkasan iki, ora ana siji bae bangunan tra­dhisional Jawa kang dibangun kanthi wutuh. Bab kasebut mes­thi bae nuwuhake pitakonan, mungguh apa kang dumadi ma­rang arsitektur Jawa?

Wujude arsitektur Jawa pancen akeh ditemokake dening unsur-unsur pangu­wasa, kapitayan, kahanan sosial, buda­ya, iklim, kahanan geografi, naluri kang alami lan uga bab teknik-teknik carane gawe omah. Lamun dumadi owah-owahan ing unsur-unsur kasebut ing dhu­wur, mula mesthi bakal dumadi owah-owahan uga mungguhing arsitektur Jawa.

Pengaruh arsitektur, teknologi lan budaya manca, uga merbawani marang owahing apresiasi masyarakat marang karya arsitektur Jawa. Owah-owahan iki disebabake marang dumadine cara pa­mawas, tingkah-laku, kegiyatan, lan nilai-nilai kabudayan liyane. Gagasan lan kiprahe wong Jawa kang mujudake titik-tolak konsep karya arsitektur Jawa, uga wis nandang owah-owahan.

Akibat saka owah-owahan iku, bisa disawang ing maneka lingkungan kang ana ing kalangan kulawarga Jawa. Asring kedadeyan tumrap kulawarga Jawa kang wis “dadi” lan kasil nikelake kasejahteraane, nuli pindhah menyang kutha. Mula pembangunan omah uga akeh dumadi ing tengah kutha, ing pinggir kutha, utawa ing desa-desa kang maju.

Mungguh anane pembangunan peru­mahan ing samubarang papan kang sa­cara umum kasil aweh fasilitas kang lu­wih becik tumrap kulawarga kang mbu­tuhake, nanging wiwit kuwi uga omah asli Jawa wis ora ditepungi maneh. Sa­bab racake omah Jawa mau wis diowahi dening sing manggoni, cocog lan laras karo kebutuhane, kesanggupane, lan selerane.

 

Omah Jawa Cakrik Joglo

Kanthi karep kanggo tetep ngukuhake marang gegambaran arsitektur Jawa kang laras karo lingkungan, umume ba­ngu­nan omah Jawa banjur digawe kanthi bentuk payon joglo. Saengga jinis ba­ngunan kasebut bisa diarani kayadene ‘mashab’ (aliran) anyar tumrap bangu­nan Jawa. Bangunan apa bae, supaya dianggep duweni ciri minangka bangu­nan Jawa, banjur diwenehi payon joglo. Saengga bangunan joglo akeh dibangun ing Indonesia.

Ngrembaka lan sumebare payon joglo iku satemene wis kawiwitan ba­reng karo sumebare agama Islam ing Pulo Jawa. Sebab payon mesjid ing Jawa iku umume migunakake payon tumpang kang sejatine ungkur-ungkuran karo bentuk payon joglo. Sanajan ana pane­mu yen bentuk payon mesjid Jawa iku manut marang wangunan omah cakrik ‘wantilan’ (ing Bali). Nanging paling ora wujude mesjid-mesjid Jawa iku wis dianggep satrep karo kekarepane raja kang nyekel panguwasa ing wektu kuwi.

Ora kanyana jebul arsitektur Jawa iku tetela gawe ngungune para arsitek manca kang plesir menyang Indonesia, manut pawarta payon joglo wis suwe digunakake ing Brasil. Nanging malah ing Indonesia dhewe, saperangan masya­rakat tetela alergis (risi) marang wujude payon joglo kanthi alasan kang werna-werna. Mungguh alasan kang utama yaiku bab maknane joglo kang wis padha ora dimangerteni, tambah maneh kang­go mbangun omah joglo iku mbutuhake wragad kang kaluwih akeh.

Nanging manungsa terkadang lali lan ora krasa yen ing sakiwa tengene lagi dumadi maneke owah-owahan ing bab prinsip arsitektur, utamane arsitektur Jawa. Sejatine owah-owahan iku uga dirasakake ing kabudayan Jawa liyane, owah-owahan (kang becik) pancen bisa kedaden jalaran anane usaha pame­karan kang wis dirancang. Nanging owah-owahan uga bisa dumadi jalaran manungsa lena lan kalepyan. Iya bab iki kang rinasa mbebayani lan ndrawasi!

(Cuthel)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!