Guru sing Bermutu Nemtokake Tembe Mburine Bangsa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 12 kali

Wulan Agustus 1945 bom atom mbledhos ing Hiroshima lan Nagasaki. Jepang pasrah bongkokan tanpa syarat, nandhani akhiré Perang Donya II. Ing kaha­nan genting lan kalah perang kaisar Hirohito takon marang andhahané: “Isih ana pira guru sing kita duwèni?”.

Bab mau wis wola-wali kita aturaké. Kita ngrasakaké, saiba pentingé guru ing kemajuwaning bangsa Jepang sing ajur lan kalah perang; tur manèh Jepang ora duwé SDA sing cukup. Jepang bisa mlayu banter ngoyak negara liyané nganti saiki wis dadi negara maju sing ekonominé unggul. Mesthi waé merga SDM-é Jepang unggul. Bisané SDM-é unggul mesthi pendhidhikané maju, lan bisané pendhidhikané maju, dibu­tuhaké guru-guru sing jempolan lan ora sembarangan.

Kepriyé Indonesia? Gunggung pendhudhuké akèh banget (luwih saka 260 yuta jiwa). SDA-né turah-turah, mèh ora ana kebutuhan saka SDA sing ora ana ing negara kita. Nanging asilé ? Kita pancèn maju dibandhingaké sadurungé merdika. Nanging majuné kalah banter karo negara liya., kalebu tangga negara Asean. Kita kalah maju karo Vietnam, Singapura, Ma­laysia lan Thailand.         

Ing wulan Mei 2014, calon presiden Jokowi anjangsana menyang pesantrèn Tebu Ireng. Gus Solah, salah sijiné pa­ngar­sa Ponpes Tebu Ireng paring atur yèn Indonesia iku ma­salahé akèh banget. Nanging sing paling penting ana papat supaya kita bisa mlayu banter ngoyak negara liyané : Pene­gakan hukum, Reformasi birokrasi, Peningkatan pertumbuhan kanthi pemerataan, lan Pelayanan pendhidhikan sing bermutu. Patang bab mau, sing paling penting : pendhidhikan sing bermutu kanggo tembé mburiné bangsa.

Wapres Jusuf Kalla kanthi tegas ngandharaké yèn ing level Internasional, pendhidhikan ing Indonesia kalebu sing endhèk. Malah ing lingkungan Asean waé, kita manggon ing papan te­ngah, sangisoré Vietnam sing biyèn sangisoré Indonesia. Kamangka anggaran pendhidhikan kita wiwit taun 2010 ana Rp 400 T. Nanging kita kalah maju karo Vietnam. Nganti ana jurnalis Inggris Elizabeth Pisani nulis yèn : Bocah Ibdonesia sing satemené bodho, ora ngerti yèn sabeneré bodho. Kondhisi ngono mau sejatiné wis suwé banget. Menteriné wis bola-bali ganti, nanging mèh ora ana owah-owahan. Senajan pe­nyakité wis genah nanging durung ana perbaikan.

Yèn dibandhingaké soal-soal ujian taun saiki karo 40 – 50 taun kepungkur, katon yèn soal-soal jaman kepungkur luwih abot. Yèn soal ujian Indonesia jaman saiki dibandhingaké karo Thailand, Syngapura lan Malaysia, kita luwih gampang. Kita uga sadhar yèn asil ujian kita bidhang IPA lan matematika, rata-rata angkané sangisoré 50. Manut Menkeu Sri Mulyani Indarwati lan Menlu Retno Marsudi, keberhasilan menteri loro mau dibantu banget déning kehébatan SMA nalika leloroné se­kolah biyèn. Iki ateges, guru-guru SMA wektu iku luwih becik tinimbang saiki.

Para sepuh sing luwih sepuh manèh lan nalika sekolah isih ing awal kamardikan utawa para guruné isih pendhidhikan Belanda ngandharaké yèn guru-guru jaman semana umumé kuwawa nenangi (membangkitkan) rasa péngin ngerti sing kuwat marang para murid, saéngga murid banjur gelem sinau salawasé urip. Kekurangané guru-guru jaman semana (sing pendhidhikan Landa), yaiku kurang akèh nyithak guru-guru sing hébat, utamané warga asli Indonesia. Pancèn ora gam­pang ngasilaké guru sing bermutu, lan ora angger uwong bisa dadi guru. Pembenahan pendhidhikan guru mutlak diper­lokaké supaya ngasilaké guru-guru sing jempolan.

Saiki kita duwé 421 LPTK (Lembaga Pendidikan dan Tenaga Kependidikan). Saka gunggung semono mau mung 18 LPTK sing terakreditasi A lan 81 terakreditasi B. Saka totaal 5.716 program studi ing LPTK, mung 209 sing terakreditasi A lan 811 program studi terakreditasi B. Mula pembenahan tumrap LPTK kudu digarap serius. Sing ditampa minangka mahasiswa LPTK kudu ora mung sing golèk gelar sarjana, nanging kudu sing pancèn karep tenan dadi pendhidhik lan guru merga saka panggilan jiwané. Guru iku sawijining profesi sing terhormat lan nemtokaké nasib tembé mburiné bangsa. Mula perlu diselèksi ketat sing béda karo profesi liyané. (MW)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!