Sejarah Pangrembakane Arsitektur Jawa (1):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 32 kali

Bangunan Jawa Ngrembaka ing Jaman Majapahit

Mungguh sejarah pangrembakane arsitektur (bangunan) Jawa iku sacara umum ditem-tokake dening panguwasa (raja) kang jumeneng ing wektu kuwi. Awit saka ku­wi kanggo nlesih bab sejarah pangrem­bakane arsitektur Jawa bisa uga kanthi njingglengi urut-urutan raja-raja ing ta­nah Jawa jaman nyekel panguwasa ing ne­garane (wilayahe).

Sejarah nuduhake yen masyarakat Jawa kuwi kawit biyen mula ora bisa ucul karo kapitayan agama kang direngkuh, de­ne pengaruh agama Hindhu lan Budha minangka kapitayane wong Jawa kang ngrembaka ing jaman kasebut, duweni per­bawa banget gedhe tumraping ma­syarakat. Utawa bisa dikandhakake yen aga­ma kasebut wis nyawiji karo masya­rakat Jawa. Mangkono uga nalika agama Islam mlebu lan ngrembaka ing pulo Jawa.

Nanging ing kasunyatan, asimilasi (per­campuran) antarane kabudayan asli Jawa karo kabudayan Hindhu, Budha lan Islam ing Pulo Jawa iku pranyata intensif (kuat) banget. Saengga kanggo tetepu­ngan kanthi becik marang kabudayan lan kapercayan asli Jawa sadurunge kaper­ba­wan dening kabudayan lan kapitayane liya (Hindhu, Budha, lan Islam) iku banget rekasa.

Tekan saiki isih katon rinasa kurange dhokumen (cathetan) ngenani babagan kapitayan Jawa asli kang durung kaper­ba­wan kabudayan lan kapitayane liya. Uga isih banget sethithik informasi (dho­kumen) kang bisa tinemu ing bangunan Jawa sadurunge kaperbawan kabudayan Hindhu, Budha lan Islam. Mungguh wu­jude bangunan ing relief-relief candhi bi­sa minangka informasi kang paling lawas marang sawernaning bangunan kang na­te ana ing jaman kawuri. Mula kanggo mangerteni babagan sejarah pangrem­ba­kane arsitektur (bangunan) Jawa iku bisa kawiwitan kanthi andharan bab ba­ngunan-bangunan kang ana ing relief candhi.

 

Bangunan Ing Relief Candhi

Saka panlesihe Prof. Dr. Ir. Parmono At­madi, arsitek bangunan lan pengajar ing Institut Teknologi Bandung (ITB) kang tau minangka anggota tim pemugaran Candhi Borobudur mungguh ing relief can­dhi Borobudur bisa ditemokake wu­jude telung jinis bangunan Jawa yaiku: 1). Konstruksi bangunan sing digawe saka tumpukan watu kang sacara umum disebut candhi, 2). Konstruksi bangunan saka kayu kang sacara umum disebut omah, lan 3). Konstruksi bangunan saka logam kang wujud omah-omah cilik kang tinarbuka.

Telung jinis bangunan kasebut pra­nyata uga bisa disawang ing relief-relief candhi liyane kang ana ing Jawa Te­ngah lan Jawa Timur. Mula banjur bisa diarani yen bangunan ing relief-relief can­dhi iku bisa minangka pituduh ma­rang wujude bangunan kang ana dhek jaman samana. Utawa paling ora jinis-jinis bangunan kasebut ing kasunyatan wis nate dibangun ing Pulo Jawa.

Konstruksi bangunan saka kayu kaya kang kagambar ing relief candhi iku, bisa dipantha-pantha manut wujude payon. Yaiku disebut payon lapak (pelana), pa­yon limasan, payon tajug, lan payon sungsun. Dene konstruksi bangunan kang saka logam, umume payone digarap lan dirampungake mawa kayu utawa bahan liyane. Bangunan kasebut duwe cagak papat kanthi payon lapak (pelana) utawa payon limasan kang diadege ing ndhuwur batur (jogan) saka watu. Bangunan ka­sebut tanpa aling-aling saengga wujude kaya pendhapa cilik.

Saka panlesihe kasebut bisa dima­nger­teni yen anane bangunan ing bentuk payon iku banget wigati maknane tumrap arsitektur Jawa. Bangunan-bangunan iku bisa dipantha-pantha (diklasifikasi) lan dicocogake karo bentuk payone. Ing pa­mekaran sabanjure tetela klasifikasi pa­yon iku terus lumaku tekan saprene lan malah saya dimekarake.

 

Sejarah Pangrembakane Arsitektur (bangunan) Jawa

1. Ing Jaman Pajajaran (1200-1300 Saka/1273-1732 Masehi)

Bangunan ing wektu kuwi isih mawa cakrik panggangpe, Kampung, Tajugan, lan Limasan, kanthi tambahan emper ke­liling. Dene aling-aling saka gedheg (nam-naman banbu) utawa blabag (saka kayu taun/jati). Jogan saka galar bambu utawa blabag (kayu jati). Payon saka bla­rak (godhong palem) lan duk. Mungguh gendheng modhel sirap kayu kanthi ukuran godhong 4x15 dim (jempol).

Wujude bangunan kraton utawa omah-omah bangsawan kabeh wis mi­gunakake elar utawa tumpangsari lan usuk peniyung. Kabeh bangunan iku becik duweke rakyat umum utawa bangunan kraton, kabeh isih migunakake modhel panggung. Rakyat bisa nga­degake omah kanthi mardika trep karo kekuwatane, sawe­nehing peninggalan bangunan kuna jaman Pajajaran isih bisa disawang ing kompleks makam Gunung Sembung Cirebon.

2. Ing Jaman Majapahit (1301-1400 Saka/1721-1472 M).

Ing taun 1301 Saka (1721 M), Ra­den Wijaya (Raja Maja­pahit I) wiwit mba­ngun kra­ton. Limang taun can­dhake dite­rusake mbangun kutha, kayata omah, da­lan beteng, segaran, pura, kuil, lsp. Pangrembakane ba­ngu­nan ing jaman Majapahit iku ka­golong cepet, jalaran di­bantu wong-wong Ka­lang saka Pulo Bali.

Awale bentuke bangunan payon yaiku cakrik Kampung, Limasan, Joglo Tajugan Lawakan dadi Sinom (sa­emperan keliling dadi rong emperan keliling). Sabanjure Jo­glo Tajugan dimekarake dadi Joglo Jom­pongan, Joglo Jompongan dimekar­ake dadi Joglo Limasan, Joglo Limasan dime­karake dadi Joglo Lambangsari, Jo­glo Lambang Teplok, Joglo Semar Ti­nan­dhu utawa Joglo Semar Pinon­dhong.

Wujude bangunan Jawa ing ja­man Majapahit tansaya ngrembaka, lu­wih-luwih sawise Prabu Brawijaya V nggarwa putri saka Cina lan Campa kang agama­ne Islam. Wewangunan kraton Majapa­hit tansaya digawe endah kanthi nam­bah­ake Ganja Mayangkara, yaiku santen kanthi motif ukir-ukiran Campa kang di­gabung karo motif ukir-ukiran Bali. Tekan saiki sunggingan prada corak Ma­japahit iku isih bisa disawang ing kraton Sura­karta lan Yogyakarta.

Selawase iki, mungguh pawongan kang duweni kabisan ing babagan ba­ngunan diolehake gawe bagunan joglo kang piguna migunakake pendhapa pang­gedhe utawa saklompok bangunan kang dipisungsungake kanggo pangge­dhe wiwit saka pangkat panatus mung­gah nganti nayaka, pangeran, kastriya, lan brahmana.

Jinis saklompok bangunan kasebut dumadi saka: 1) Pendhapa (Joglo La­wak­an apa Sinom), 2) Pringgitan (Lima­san), 3) Omah baku (Dalem Lebet) kale­bu Pedaringan (petanen/pasren), Joglo Sinom, Gadri (Limasan), Pawon (Dara Gepak), Gandhok kiwa-tengene (Klabang Nyander), lan 4) Regol (Gapura) Semar Tinandhu.

Mungguh syarat kang kudu dituruti nalika ngadegake bangunan, yaiku:

- Panganggone bahan minangka ra­gangan (rangka) bangunan sabisa-bisa mawa kayu jati lan cara pangukure mawa pathokan ukuran tapak tangane wong kang bakal manggoni utawa kan ngga­rap.

- Balok-balok kayu dipasang mlumah (serat-serat kang dawa dumunung ing perangan ngisor), kalebu molo lan usuk-usuk ri gereh (peniyung), kajaba dudur kang bisa dipasang miring.

- Wuwuhan (dudur) ditutup mawa gen­dheng wuwug utawa blabag kayu jati lan congorane (bungkak) diwenehi ukiran menyan kobar.

- Bangunan kang payone cakrik Joglo Tajugan, Joglo Wantah, Joglo Kepuhan, utawa Limasan, kudu migunakake rang­ka rangkep elar lan tumpangsari, dha­dha peksi ing pemindhangan (uleng du­dur) kudu dipisah nganggo todho prit­gantil.

- Jembare pekarangan diukur mawa tumbak,

- Let ing pendhak bangunan diukur mawa dhepa,

- Jembare bangunan lan dhuwure saka guru (cagak) diukur mawa pecak

- Dhuwure jobin diukur mawa ‘kaki’ (sikil, suku?). (1 kaki=12 inci, udakara 0,304 meter, pen).

Kabeh mau kudu dituruti adhedhasar kapitayan kang ana, bab iki dimaksudake kanggo memetri lestarine bangunan te­kan saanak-putune, lan murih gampang anggone padha golek sandhang pangan.

3. Ing Jaman Demak/Pajang (1403-1504 Saka/1507-1601 M)

Salawase adege krajan Islam ing De­mak lan Pajang, pangrembakane arsitek­tur bangunan Jawa bisa dikandhakake ora ana. Wewangunan ing Kraton Demak mung mindhah saka arsitektur bangunan ing jaman Majapahit.

Mungguh sawatara variasi bangunan omah kang dimekarake ing jaman Pa­jang, Surakarta lan pesisiran ing anta­rane yaiku cakrik Limasan Ceblokan, Li­masan Ceregancet, Limasan Gajah Nje­rum lan Limasan Klabang Nyander.

4. Ing Jaman Mataram (1504-1602 Saka/16001-1671 M).

Pangrembakane arsitektur bangunan ing jaman Mataram Islam uga mung me­karake saka bangunan konstruksi Lam­bang Gantung kang kagagas dening Sultan Agung. Bangunan cakrik Limasan Lambang Gantung tekan saiki isih bisa kapirsanana ing Kotagedhe (Mataram), Surakarta lan Yogyakarta.

Tumrap ukuran saka guru, saka rawa, emper, lan penitik sarta ukuran rangka liyane. Ditemokake mawa jempole sing bakal manggon utawa sing kajibah mba­ngun. Dhuwure saka guru kanggo ba­ngunan kraton lan omah golongan ningrat, ditemtokake mawa ‘kaki’ (sikil). Mungguh bangunan omah tumrap ma­syarakat umum isih tetep migunakake ukuran pecak lan dhuwure jogan uga isih mawa ukuran ‘kaki’ (sikil).

5. Ing Jaman Kartasura (1602-1670 Saka/1671-1743 M)

Salawase jaman Mataram ing Karta­sura, pangrembakane bangunan Jawa bisa dikandhakake ora ana. Sanajan ana, nanging pamekaran kasebut mung awujud pamekaran cilik-cilikan bae.

6. Ing Jaman Surakarta (1670-1870 Saka/1743-1938 M)

Salawase 200 taun pangrembakane bangunan kang katon nyolok ing Sura­karta, mung wujud pamekaran bangsal Joglo Lawakan lambang gantung kang owah dadi Joglo Sinom lambang gantung kang uga diceluk Joglo Pangrawit. Sali­yane kuwi Pendhapa Agung Mangkune­gara bisa diajokake minangka saweneh bentuk pangrembakane bangunan Jawa kang laras karo undhake lan pigunane bangunan pendhapa. Dene omah-omah rakyat ora ana owah-owahan apa-apa.

7. Ing Jaman Yogyakarta (1682-1870 Saka/1756-1939 M)

Pangrembakane bangunan Jawa ing Kasultanan Yogyakarta mung ana tam­bahan Joglo Sinom utawa Tajug Mang­ku­rat lan sawetara variasine. Ing anta­rane kayata sing disebut Joglo Sinom Apitan ing Kotagedhe lan Tajug Mangku­rat ing Bangsal Witana Kraton Yogya­karta.

 

Pangrembakane Arsitektur Jawa Ing Jaman Saiki

Saka wedharan bab pangrembakane arsitektur Jawa iku, nuli bisa tinemu sa­wa­tara bab kang minangka asil pang­rem­bakane arsitektur Jawa. Arsitektur Jawa minangka saweneh perangan ka­budayan Jawa iku banget katemtokake dening manungsa, tradhisi lan filosofi Jawa. Kajaba saka iku, arsitektur Jawa uga diperbawani dening bahan-bahan kang cumawis, teknik, lan teknologi pembangunan. Mungguh bab kapitayane wong Jawa, uga mujudake unsur kang akeh merbawani marang wujude arsi­tektur Jawa. Dene jejering panguwasa uga mujudake unsur dominan kang mer­bawani marang arsitektur Jawa.

(Ana Candhake)              

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?