Guna, Makna, lan Watake Tembang Macapat (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 110 kali

6. Gambuh: Saka tembung ‘jumbuh’. Tegesé, “yen wis jumbuh (sarujuk) antarané priya lan wanita sing padha déné nduwèni rasa tresna, mula banjur digathukaké, ing pangangkah supaya bisa urip lan tumanduk ing bebrayan agung”. Tembang iki kebak “pitutur kang ngajak manungsa supaya éhng lan waspada marang laku Ian tumindaké”. Gambuh uga ateges ronggèng, ngerti, weruh, lumrah, utawa arané tetuwuhan. Samitané: mbuh, jumbuh, tambuh. Wataké: lugu, lugas, blaka, manetep, ora tidha-tidha. Gunané: kanggo medhar rasa paseduluran lan rasa tulusing ati.

7. Dhandhanggula. Jeneng tembang iki kajupuk saka asmané Prabu

Dhandhanggendhis, raja ing Kediri kang kawentar sawisé Prabu Jayabaya. Dhandhanggula werdiné ngrantu kabecikan (Serat Purwaukara). Tembang iki nggambaraké marang “uripé pawongan kang lagi seneng, lan apa kang digayuh bisa kasembadan. Kayata wong sing wis nduweni sisihan, anak, lan urip cukup sakulawarga”. Mula pawongan sing lagi bungah lan bombong atiné, banjur diarani lagi “andhandhanggula”. Sasmitané: dhandhang, madu, manis, sari, bremana, gagak, kaga, tresna. Wataké: manis, luwes, sengsem, milangoni. Pigunané: kanggo medharaké suwasana apa baé.

8. Durma. Saka tembung “darma” tegesé wèwèh. Maknané, “wong yèn wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas lan asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, sarta kepéngin wèwèh marang sapadha-padha”. Kabèh mau disengkuyung déning piwulang agama lan watak sosialé manungsa. Durma uga ateges sima (Jawa Kuna) utawa macan. Sasmitané: dur, mundur,sirna, galak. Wataké: serem, nepsu, sereng, muntap. Pigunané tembang : kanggo pepèling lan nggambaraké rasa welas asih.

9. Pangkur. Tegesé pungkuran (Serat Purwaukara), buntut, utawa wuri. Mula ‘pangkur’ kawuwuhan sasmita kanthi tembung “tut pungkur” sing ateges tut wuri, tut wuntat, mbuntuti, ngetutaké, utawa nginthil. Tembung “mungkur” uga duwé makna “nyingkur marang hawa nepsu lan angkara murka, kang dipikir mung tansah kepéngin tumindak becik marang sapepadha”. Wataké: gagah, greget, sereng. Gunané: kanggo paring pitutur bab kabecikan.

10. Megatruh. Saka tembung “megat” (pegat, pedhot, putus, pisah, rampung, cuthel) lan “ruh” (arwah, nyawa). Dadi Megatruh tegesé “pedhot nyawané”. Yaiku minangka perlambangé “manungsa kang wis tekan titi wanciné katimbalan marak sowan mring ngarsa dalem Gusti Allah Kang Maha Kuwasa”. Megatruh uga ateges mbucal kang sarwa ala (Serat Purwaukara). Tembung ‘pegat’ ana sambungé karo tembung ‘peget’ (pameget, pamegat, samgat, utawa samget) kang tegesé kalungguhan mirunggan (ahli, guru agama). Mula Megatruh uga duwé teges “nayaka kang wasis ing babagan agama lan tansah ngendhani tumindak ala”. Wataké: susah, gela. Keranta ­ranta. Gunané: kanggo medharaké rasa sedhih.

11. Pucung. Ateges “kudhuping gegodhongan” (Serat Purwaukara) kang biyasané katon seger. Pangucap tembung “cung” iku condhong karo bab-bab kanglucu Ian seger, kayata tembung  “kuncung” lan “kacung”. Tembang iki kanggo nggambaraké “sawisé manungsa mati banjur dipocong (dibuntel kain kafan)”. Mula katelah pucung (pocong) sebab yèn manungsa wis dadi layon, jisimé banjur dibungkus mori putih (dipocong),”’terus dikubur. Tembang iki wataké sasenengé, sakepénaké, utawa slengèkan. Gunané: kanggo medhar rasa seneng, ora tenanan, lan geguyonan (Cekap).

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?