Ritual Sakral Mbeleh Kebo Siluman Alas Ngawi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 189 kali

Sawijining ritual sakral, yaiku mbeleh kebo siluman ditindakake dening warga ing pinggire alas Sekarputih, desa Sekarputih, Widodaren, Jatim durung suwe iki. Unike nalika dibeleh, dudu getih amis sing muncrat, nanging juruh ketan sing gandane legi. Jalaran kuwi, kebo kasebut diarani kebo ketan siluman saka alas Ngawi. Ewonan warga jejel-riyel nekani acara iki.

Ritual kasebut uga diarani upacara Grebeg Mulud Kebo Ketan, jalaran dianakake  jroning pungkasan minggu sawise grebeg Maulud ing Yogyakarta lan Surakarta. Utawa diselarasake miturut tradhisi sing ana, yakuwi minangka perangan saka pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW.

Diarani kebo ketan, uga jalaran awake kebo dibungkus saka kulit bahan olahan panganan ketan. Lan sirahe kebo uga mung digawe saka bahan fiber. Saengga sanajan diarani kebo ketan siluman, sejatine kewan kasebut mung awujud patung kebo kanthi ukuran raseksa. Dhuwure kira-kira 2,5 meteran, lan dawane 5 meteran. Nanging marga digawe ing tengah alas Ngawi, njur diarani kebo ketan siluman alas Ngawi.

“Sanajan mung wujud patung utawa reca kebo, proses nggawene nganti tekan ritual mbelehe uga manut tata-cara ritual saemper kewan kebo tenan,” ujare Bramantyo Prijosusilo (50), minangka sutradarane acara ritual kebo ketan kasebut.

Malah wektu digawe, utawa sedina sadurunge dibeleh, kebo ketan kasebut digawe jroning papan sing mligi cedhake sawijining sendhang kramat. Yaiku sendhang Marga ing tengah alas Sekarputih. Nalika digawe, uga dilebokake jroning pawon sing diwenehi kain mori minangka temboke. Saengga ing wayah wengine wong-wong sing padha nggawe lan kebone, katon ayang-ayange  ing cahya kain mori kasebut. Kahanan iki nambahi swasana katon wingit.

Ora mung kuwi thok, maneka werna sesaji komplit uga dicawisake sakiwa tengene pawon nggawene. Kembang setaman komplit lan dupa uga ngubengi papan pawon kuwi. Nalika kebo ketan digawe ing sendhang Marga, ing dhuwur panggung lapangan desa Sekarputih uga diisi kanthi ritual Istigosah. Uga beksan sufi saka musike Ki Ageng Ganjur lan Dr Zastrauw Al Ngatawi.

“Ritual mbeleh kebo ketan iki, jan-jane isih rerangkene saka ritual seni kedadeyan (hapening art). Utawa seni sing nyritakake pasangan unik antarane Mbah Kodok (manungsa) lan Danyang Setyowati (peri alas Ngawi). Pasangan kasebut wis nglairake putra-putri kembar, yaiku Jaga Samudra lan Sri Parwati,” sambunge.

Sawise putra-putrine wis ngancik remaja, Mbah Kodok lan Peri Setyowati ketaman dhawuh, utawa wangsit saka Kanjeng Ratu Kidul. Wangsit dhawuh kasebut ngutus supaya saklorone ngenger utawa ngangsu kawruh marang Bagindo Milir. Bagindo Milir dhewe wis kawentar minangka dhanyang panguwasa gaib kali Bengawan Solo.

Lumantar cara ngenger kasebut, saklorone diajab bisa sinau akeh. Tujuwane kareben ngerti, kepiye carane mbalekake kali Bengawan Solo supaya dadi nadine sosial, budaya, lan ekonomine masarakat. Becik sing kena dampake Bengawan, utawa sing menehi dampak marang Bengawan Solone dhewe.

Pungkasane saklorone wis entuk cukup ilmu, dianggo mbalekake kali Bengawan kaya sing diajab mau. Upamane  kudu nyuburake maneh lahan-lahan saurute kali Bengawan. Utawa lahan ing papan-papan sing kena dampak lan menehi dampak marang Bengawan. Lumantar olahan para punggawa ing kraton Ngiyom (Ngawi), kasil nggandheng kerja-sama bareng klawan pehak-pehak sing preduli, kalebu para seniman.

“Wujude kerja sama kareben warga luwih nggatekake lan peduli marang kali Bengawan Solo. Lan salah siji carane, yakuwi kanthi mbangun kesadaran masarakat, supaya ngolah sampah sacara cerdas. Utamane sing kerep kena dampak, lan uga menehi dampak marang kali Bengawan Solo,” sambunge Bramantyo.

Cara mbangun kesadaran sing efektif lan menehi hiburan, yakuwi kanthi cara nggelar seni kedadeyan. Jalaran slaras marang ilmu sing ditampa dening pasangan Jaga Samudra lan Sri Parwati. Masyarakat uga kudu mbudayakake, utawa nguripake maneh kesenian saurute kali Bengawan. Tujuwane kareben bisa dadi ragi, utawa sumbu thukule kreatifitas. Bab iki wis diyakini dening leluhur, bakale bisa menehi dampak sing positip marang urip lan panguripan.

Sawise kebo ketan rampung digawe, dina esuke dikirab ngubengi desa. Kirab diwiwiti wetara jam 09.00 esuk. Rute kirab ngliwati dalan-dalan pinggiran desa, bulak sawah, lan alas Sekarputih. Sadurunge metu saka pawon sing dianggo nggawe, uga digelar ritual sakral sing awujud musik lan tari-tarian tradhisional. Yaiku reog Kebon Agung, lan Barongsai Kwan Sing Bio saka Tuban. Tarian iki dianggo nyawijikake roh-roh sing ana sakiwa-tengene sendhang Marga, kareben gelem manjing jroning awake sang kebo ketan.

Kebo ketan raseksa dikirab kanthi cara ditandhu. Dibutuhake welasan wong supaya bisa ngangkat. Ora lali, kabeh awake kebo diklambeni nganggo kain mori tilas gedhek lan payon pawone. Barisan paling ngarep yaiku para peraga saka punggawa Kraton Ngiyom. Barisan pambuka iki nggawa pirang-pirang pusaka, lan nembangake lagu-lagu Jawa sakral. Pusaka utama sing digawa awujud keris dawa sing arane keris Pancasila.

“Iring-iringan kirab uga dikawal dening musik sakral saka Paguyuban Sekar Pangawikan (Yogya) ing rombongan paling mburi,” pratelane.

Kira-kira jam 11.00 awan, rombongan kirab kebo ketan mlebu lapangan desa Sekarputih. Sadurunge mlebu gapura lapangan, dianakake upacara serah-terima sang kebo ketan marang panitia lan sesepuh desa Sekarputih. Njur disambung ritual maneka werna seni tradhisi, kanggo ngiringi kebo ketan munggah menyang panggung dianggo mbeleh.

Jam 13.00 awan, diwiwiti upacara sakral mbeleh sang kebo ketan. Nalika dibeleh, digelar beksan sakral ing ngarep panggung. Yakuwi beksan pari utawa gabah, sing nyimbulake kasuburan lan kamakmurane masarakat. Unike, beksan iki minangka kolaborasi antarane seniwati saka Solo, Meksiko, lan spiritualis saka Solo.

Pirang-pirang perangan obahe beksan, dianggep sakral sanajan ana sing katon semu erotis. Kayata mbalang, utawa nyebar gabah menyang panggung lan warga sing nonton. Sapa wae sing entuk, utawa rumangsa kena, dening balangan mau, diprecaya bakal gampang anggone golek rejeki lan gawe katurunan (anak).

“Saliyane kuwi, isih ana ritual sing mligi ditindakake dening pasangan spiritualis. Yaiku maca japa mantra lan donga, kareben kebo sing arep dibeleh bisa semeleh kanggo kepentingane masarakat akeh. Uga supaya ritual mbelehe mengko bisa lumaku kanthi lancar,” sambunge maneh.

Jroning ritual maca japa mantra kasebut, pasangan spiritualis Mbah Prapto (55) lan Nyai Ramayani (47), nindakake ritual ngubengi kebo ketan. Mubenge kaping telu, lan ora lali uga nindakake ritual deteksi mata batin kanthi ndemok awake kebo. Ritual iki dianggo mesthekake roh kebo sing arep dibeleh, bener-bener wis siap. Njur mori sing nutupi awake kebo diuculi.

Sawise kabeh rerangken ritual mau wis rampung, lagi bener-bener diwiwiti ritual mbeleh kebone. Kyai Saket (59), sesepuh saka desa kono sing diprecaya nindakake ritual kuwi. Nganggo lading landhep sing wis disiapake dening panitia, Kyai Saket langsung ngiris gulune kebo. Getih mak cuuur, langsung muncrat saka gulune. Jalaran getih wis diganti nganggo juruh ketan, saengga gandane ora amis. Nanging malah mambu legi. Metune getih njur diwadhahi dening kain mori tilas klambine mau.

“Getih juruh kasebut, bakale ditandhur jroning lemah cedhak sendhang Marga. Yaiku minangka simbul nyawisake sesaji marang danyang panguwasa gaib alas Sekarputih,” kandhane Mbah Prapto, nalika wis rampungan ritual mbeleh kebo ketan kasebut.

Sawise mbeleh kebo ketan, dadakan swasana lapangan Sekarputih ketekan ganda wangi. Saking wangine, ganda kuwi ngalahake ganda juruh ketan sing legi mau. Kedadeyan kasebut dipercaya warga sing teka, minangka tandha tekane roh-roh gaib sing dadi tamu undangan. Nanging uga ana sing ngarani, minangka tandha ana sawijining tamu istimewa sing bakal pamit mulih. Tamu istimewa kasebut yakuwi Kanjeng Ratu Kidul sing wis siap-siap bali menyang kraton segara kidul.

Para punggawa kraton Ngiyom, bareng para seniman sengaja njupuk kewan kebo minangka simbul ritual. Bab kasebut jalaran ing jaman biyen, kebo wis dianggep minangka kewan sing duwe maneka werna simbul sakral. Kepara sadurunge agama-agama modern mlebu menyang Nuswantara, kebo wis dianggep minangka kewan kanthi nilai-nilai kabecikan spiritual.

Upamane  kebo dianggep kewan sing seneng kerja rekasa, utawa seneng tumandhang gawe. Nanging kebo uga dianggep kewan sing merdika, jalaran ora seneng dipeksa, dipilara, utawa digetak-getak. Bab kuwi mbok menawa dianggep minangka pawujudan saka masarakat, utawa sikepe rakyat marang panguwasa nalika semono.

Wose, rakyat kuwi sejatine tansah siyap sedia, anggone tumandang gawe, utawa kerja abot demi pembangunan lan kasejahteraan umum. Nanging rakyat uga bisa brontak lan nesu nalika mung rumangsa diperes, disiksa, lan diapusi thok. Lan isih akeh simbul, utawa makna filosofi jroning karakter kewan kebo iki.

 “Jan-jane ide utawa desain gambar karakter kebo ketan iki, asale saka lukisane pelukis kondhang Joko Pekik. Lan sirahe digawe dening perupa internasional, yaiku Heri Dono,” ujare Bramantyo isih ing papan sing padha.

Ing panggung liyane jroning lapangan sing padha, uga digelar maneka pentas seni lan budaya tradhisi. Malah musisi lan seniman saka saindenging donya, uga melu ngregengake acara ritual kebo ketan kasebut. Kayata  ana musisi Sawung Jabo, Oppy Andarista, Iwan Fals, Totok Tewel, Ucok Hutabarat, Sri Krisna, Abdul Rani, lan liya-liyane.

Minangka sawijining seni Happening Art, utawa seni kedadeyan, panitia kasil nglumpukake akeh seniman sakdonya. Kabeh nyawiji jroning papan, lan visi misi sing padha. Ana seniman saka Jogya, Solo, Semarang, Cirebon, Banten, Kudus, Purwodadi, Malang, Madiun, Ngawi, Jakarta, Lampung. Uga seniman saka Amerika, Meksiko, Eropa, lan pirang-pirang seniman saka Asia liyane.

Panitia uga ngedum ewonan pincuk isi sega, ketan, sayur gudangan, lan endog marang warga sing teka. Ewonan warga pancen wis padha teka. Ana sing ngaku saka Solo, Yogya, Madiun, Surabaya, Magetan, Sragen, Ponorogo, lan tlatah Ngawi dhewe. Jalaran kuwi, panitia uga ngedegake pirang-pirang tendha gratis dianggo nginep warga sing teka kuwi.

Sawise rerangken ritual mbeleh kebo ketan rampung, isih ana rerangken acara seni lan budaya wiwit awan tekan wengi. Kayata musik paduan swara saka mahasiswa UNS Solo, seni reog saka Barong Abang Tanggulangin (Wonogiri), seni kuda Lumping Kontemporer saka Bregada Niti Manggala (Yogyakarta). Uga ana seniman-seniman tari etnis lan kontemporer sakamanca kayata Jade Flahive-Gilbert (Inggris), Aga Ujma (Polandia), lan isih akeh liyane.

Saliyane kuwi uga ana musikal unik saka Tlatah Bocah (Merapi). Lan saka Ngawi dhewe ana Rindu Dendam lan Dhatnyank Music. Uga gelaran spontanitas saka warga sing teka. Wayah wengine, acara ditutup dening pentas wayang kulit. Kanthi lakon Kresna Duta dening dalang Ki Manteb Sudarsono.

Ritual kebo ketan iki jan-jane isih ana sesambungan klawan ritual nggawe pusaka, sing arane keris Pancasila. Ritual kuwi wis digelar taun wingi. Tujuwane dianggo mbangun kesadaran masarakat bab konservasi lingkungan, mligine sumber banyu lan kali Bengawan Solo. Uga dianggo mujudake persatuan bangsa sanajan suku, agama, lan kepentingan politik warga sing beda-beda. Empu Daliman saka Plesungan, Mojosongo, Surakarta, Jateng kadapuk gawe keris Pancasila kasebut.

“Keris pancen sengaja digawe ing lokasi acara supaya masyarakat ngerti bab budaya sing utuh, kaitane marang gawe keris dening empu," tuture Empu Daliman sing teka nggawa 2 empu pembantune.

Keris sing wis dadi dhapure lambang Pancasila, nduweni luk 5 sing trep karo lambang Pancasila. Pamore yaiku pedaringan kebak, sing maknane kamakmuran. Dawane keris Pancasila wetara 1 meter. Lan keris sing kapindho, miturut rencana ndhuweni luk jejeg/lurus, dhapure keris kebo lajer kanthi pamor beras wutah. Maknane uga kanggo kalurusan uripe tani desa, kamakmuran, lan kasuburan.

“Saklorone keris, daksanggarake ing papan candhi Sukuh lan Candhi Cetha ing perengane gunung Lawu," ujare.

Alesane, jalaran saklorone candhi kuwi dianggep isih wingit lan bisa menehi tuah gaib. Kajaba kuwi, candhi sukuh lan candhi Cetha uga dhuwe relief sing nggambarake kepiye carane gawe keris ing jaman biyen. Empu Daliman ngandhakake, gagasan gawe keris kuwi murni tanggung-jawab morale minangka empu  keris. Yaiku tanggung-jawab marang budaya lan kahanan sing ana ing masyarakat jaman iki. Kanthi simbol keris, tata cara panguripan sing luwih becik, utawa kuwalitas sing luwih diarepake bisa enggal wujud, kalebu guyup, utawa persatuan lan kesatuan bangsa.

Sajroning ritual gawe keris, uga dinyanyikake tembang kanthi tema bumi banyu. Tembang dinyanyikake dening Eyang Lawu Warta. Kanthi nyanyian tembang kuwi, makna alam sing langgeng bakal ajeg ngresep sajroning keris. Mligine bab lemah lan banyu, utawa lingkungan hidup sing diayomi. Tembang dinyanyikake wetara 30 menit ngiringi demo prosese gawe keris***.Meddia

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya