Ngamboni Kathoke Kancane
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 161 kali

Ngamboni Kathoke Kancane

Nalika isih dhines dadi guru SD biyen,aku wis ngayahi tugas mulang kalas I - VI. Sateruse aku ditugasake dadi guru kelas I, awit guru-guru liyane padha ora sang­gup, kanthi alasan wer­na-werna, upamane : “Ora tlaten, gurune ku­du super sabar, bocahe ijik enek sing nangisan, bocahe enek sing angel diatur, lan liya-liyane ma­neh. Nanging kanggoku ora masalah, nyambut gawe kuwi yen anggone kanthi “niat ingsun” (tu­memen), ora ana sing angel, buktine aku bisa kuwat 23 taun, nganti aku pensiun umur 60 taun.

Nuju sawijining dina kelasku geger, awit ana ambu nylonong ora diundang mlebu nyang irunge kancane, aloke murid-murid padha pating clebung: “Bu,enten lare ngentut”, “Bu,enten lare ngengek”. Asline aku ya mambu nanging meneng bae karo mithet irung, banjur aku takon: “sapa sing ngentut apa ngengek, ngacung, bu Guru ora duka kok”. Tak ambali maneh nganti kaping 3 tetep ora ana sing ngaku, banjur salah siji muridku sing jenenge D, ndadak langsung ngamboni kathoke kancane sing ana ce­dhake. Lha dheweke ngonangi bocahe sing ngengek, banjur matur :

“Bu, A iki sing ngengek”, karo nudingi bocah sing nangis kuwi. Sidane A mau tak tuntun nyang jedhing tak resiki, banjur tak ganteni seragam inventaris olah raga, kathoke sing reged tak wadhahi tas kresek, sateruse aku njaluk tulung pesuruh ngeterne mulih, merga wetenge senep.

Apa tumon, bocah lagi kelas I kok wis pinter dadi detektif, nganti bisa nemokne bocah sing ngengek? (Resmiatun -  Kediri)

 


Sarwa Kuning

Kedadeyan iki jane mono wis rada sak untara wektu , nanging menawa aku nonton film India ing televisi, nda­dekake kelingan wae, kamangka wis ana meh rong taunan ke­dadeyane, yaiku nalika aku lan sisihanku ngleksanakake ibadah umrah. Wis dadi jamake para jamaah anggone dhahar wis disi­apake dening biro, mula Jamaah ora usah bingung golek konsumsi dhewe, biro wis nyepaki sing pas karo menu Indonesia.

Ngepasi wayahe dhahar awan ing Medinah, ndilalah ruwang dhahare cedhak karo ruwang dhahare rombongan saka India. Maneka masakan India dijejer ing meja prasmanan. Nalika liwat ing meja saji mau aku pancen nyawang wae, jane mono aku ya pengin, nanging ora isa guneman cara India. Amarga wong India mau ngerti karepku, mula ana bapak-bapak saka India kang nawani aku supaya njupuk. Dheweke uga menehi aku piring India kang gedhe lan wis dipontha-pontha sisan dienggo wadhah lawuhe utawa sayurane lan kuwahe.

Aku karo sisihanku banjur njupuk nglegani sing nawani mau, sakwise njupuk sega neng wadhah, wadhah liyane kang wis tumemplek ing piring uga tak isi kuah lan lawuh sing wis siapake.

Anehe arepa lawuh lan kuwah mau jenenge heda nanging, wernane sarwo kuning, wis ben wae aku uga njupuk idhep idhep ngerti rasane, bener sakwise tak rasake jebul lawuh lan kuwah kang sarwa kuning mau rasane meh padha nanging je­nenge beda, miturut juru bahasane saka Indonesia jare piyayi India mau, arepa wernane padha lan rasane uga meh padha nanging kan­dhungan bumbune beda ana ing awak uga duwe fungsi kang beda uga.

Anehe, senajan lawuh lan kuwahe jenenge beda, nanging wernane sarwa kuning

Mengkono masakan India kang tak rasakke, arepa rasane ora cocog neng ilat nanging tetep tak entekake alon-alon ma­sakan sarwa kuning mau, mbok menawa pancen bisa marahi sehat kaya sing dingendikakake juru bahasane kang saka Indonesia, sejene kuwi ngendikan ana ing tanah suci biyasane ngija­bahi, buktine sakwise aku ngrasakke menu kang sarwa kuning mau, awakku dadi bregas. Apa tumon?  (Aris Irianti – Kutoarjo, Purworejo)

 

 

Oh Untu         

Kedadeyan iki sakjane wis watara 30 tahun kepungkur. Na­nging, yen kelingan aku bisa mesam-mesem dhewe kaya dene wong telpunan karo yange.

Wektu kuwi, dinane Setu ngepasi kanca-kanca sing mapan ana asrama wis padha bali nang omahe dhewe-dhewe. Dene Mas Yon ora balik kampung mula aku sing ora mapan ana asrama dikon ngancani. Mas Yon kuwi priyayine nggantheng, pinter, tur pengurus OSIS. Mula ora mokal yen akeh kanca putri sing mambu ati marang dheweke. Karo nunggu Magrib, Mas Yon ngajak aku main pingpong. Wong loro wis padha dene siyape. Set kawitan aku kalah kanthi skor 21-18. Dene set kapindho aku genti menang 21-19. Mula banjur dianakake “pinal”.

Kanggo aweh semangat lan gawe girise mungsuh, saben-saben nyabet bal pingpong dibarengi mbengok sora. Mbuh saking semangate apa piye, wektu Mas Yon mbengok banter ana barang mak klothak tiba ing meja pingpong. Bareng dakwaspadakake, jebul untu. Kawitane aku arep ngguyu banter, nanging bareng ngerti yen praupane Mas Yon abang-ireng, aku ora mentala nggu­yu. Sidane ping ponge diuwisi kanthi skor nggantung.

Sawise krungu adan Magrib, Mas Yon agahan adus. Dene aku nunggu karo kipit-kipit awak. Untune Mas Yon digawa me­nyang kamar mandi saperlu arep diresiki. Banjur krungu suwara jebar-jebur. Nalikane bubar adus, Mas Yon arep masang untu palsune. Nanging, ana kedadeyan sing marake gawe guyu na­nging ora wani ngguyu. Untune Mas Yon ciblok menyang got. Karuwan dheweke bingung campur isin. Got wis dakubek-ubek karo Mas Yon nanging untu palsune ora ketemu. Kamangka di­nane wis sansaya peteng.

Bubar ujian, daksawang Mas Yon untune wis dharik apik meneh. Mbuh kuwi untu anyar apa untu sing ciblok ana ngegot kae, aku ora wani miterang. Untung wae kedadeyan kuwi mung aku sing mrangguli, seupama kanca-kanca putri weruh ngono priye, ya? (Parpal Poerwanto  —  Wonogiri)

 

 



Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!