Kedadeyan Sanga ing Al-Furqan Ngukuhake Iman (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 179 kali

4). Fenomena rembulan sigar dadi loro.

Bukti ilmiyah rembulan sigar dadi loro. Ana ing sawijining wektu, wong-wong kafir/musyrik Mekah ora pitaya marang Rasulullah minangka Nabi lan utusan (rasul) Allah. Ing swasana kang kaya mangkono mau Rasulullah kanthi izin sarta palilahing Allah Dzat kang Maha Kuwasa, astane kumlawe nudingi rem­bulan. Sakala rembulan mau dadi sigar, kanthi kodrat lan iradahe Allah. Ewa semono wong-wong musyrik Mekah mau tetep ora pitaya, manawa Njeng Nabi Mu­hammad.s.a.w. iku Nabi lan Rasul Allah.  Trep karo dhawuhe Allah, mang­ke­ne maksude:

“Wus cedhak tekaning dina Qiyamat, lan rembulan (candra) wus sigar, nalika Rasulullah disu­wuni mukjizat dina Qiyamat. Manawa wong-wong musyrik ndeleng muk­jizating Allah, dheweke padha mle­ngos sarta ngucap, “iku sihir kang banget nggegirisi.” (Q.S. Qomar (54):1-2).

Kajaba saka iku ing kene bakal dia­turake bukti ilmiyah, sinigare rembulan dening astane Njeng Nabi Muhammad s.a.w. Mangkene keterangane: Ana ing sawijining seminar ilmiyah ana ing Fa­kultas Kedokteran Cardiff University, Walles Inggris taun 2000-an diestreni dening DR. Zaghul Al-Najjar. Nalika kawi­witan binuka pitakonan-pitakonan, ana salah sawijining pawongan (bangsa Ing­gris) ngajokake pitakonan, manawa dhe­weke karan David M. Pidcok, pawongan Muslim lan tinanggenah minangka dadi ketua salah sawijining organisasi Islam ing Inggris. Kanthi tartil (urut)  nyritak­ake, manawa dheweke wus ajaran-aja­ran nyinau agama-agama. Sawijining kalo­dhangan, dheweke oleh silihan Kitab Suci Al-Qur’an saka sahabate. Lha nalika  dheweke mbukak Al-Qur’an pas Qur’an Surat, Qomar (54):1-2, sawuse diwaca banjur ditutup. Dheweke ora pitaya kra­na ing kono diterangake manawa rem­bulan sigar (dadi loro). Takdir saka ngar­sane Allah dheweke nemu pituduh (hida­yah). Pancen pituduhe Allah iku kapa­ringan marang sok sapa wae kang ngudi kanthi temen-temen. Nalika semana dheweke (Pidcok) lagi ndeleng siaran BBC London. Ditayangake ana ing siaran iku, penyiar lagi wawan rembug (wawan cara) karo astronot Amerika telu, baba­gan sing ana gandheng cenenge karo kegiatan pendharatan manunmgsa ing rembulan, ing nalika taun 1978. Penyiar mau ora sarujuk kawicaksanan pangudi pendharatan manungsa ing rembulan. Kawicaksanan iku ateges pakarti (ke­giatan) sing migunakake (nyedhot) wra­gad 100 yuta dolar U.S.A. Lha mendah luwih piguna (munfa’ati), manawa dana kang sak mono akehe iku kanggo nyeng­kuyung wong-wong kang lagi nandhang keluwen (kelaparan). Para ilmuwan pa­dha ora sarujuk marang panemune pe­nyiar mau. Kanthi gamblang para ilmu­wan  nerangake, manawa  fakta ilmiyah  sing bisa dipethik nalika ana ing rem­bulan. Para ilmuwan nerusake pawa­dane (argumentasinya), manawa wragad me­nyang angkasa luar (rembulan) sing matikel-tikel, saka beya kang diwetok­ake, ing pangajab supaya wong-wong yakin (pitaya) marang fakta  kang dite­mokake, nuli

bisa narima kasunyatan  iku. Dak kira ora ana siji-sijia pawongan kang ora sa­rujuk (kabotan) karo beya kang sak mono akehe iku. Sang penyiar adreng kepengin banget enggal mangerteni, kasunyatan apa sing dimaksud dening para ilmuwan iku. Para ilmuwan mau banjur aweh pituduh, yaiku sing padha digumuni, lha kok rembulan iku sigar,  wusana banjur bisa gathuk maneh. Pra­nyata labet/bekas sing nuduhake feno­mena iku bisa dinulu (disaksikan) ana ing lumahing rembulan, nganti tekan sanjeroning (perut) rembulan.  Tumapak ana ing sangareping para ahli astronomi lan para pawongan kang teka ing seminar mau, Pidcok ngucap seru! Nalika dheweke keprungu jawaban para ilmu­wan mangkono mau, Pidcok mlumpat saka kursi sing  dilungguhi ing sangarepe televise, sarta ngucap ing batine, ma­nawa sawijining mukjizat wus tumapak (terjadi) tumraping Muhammad s.a.w.  1400 taun kepungkur. Allah wus dhawuh kanthi rerincen kang ngedab-edabi. Iku mesthi agama kang bener. Krana yakin dheweke banjur kanthi ikhlasing ati (ke­sadaran kang dhuwur) nggilut agama Islam. Fenomena  mau wus diterangake ana ing sawijining dhawuhe Rasulullah s.a.w.

 

5). Fenomena jagad raya cinipta

Jagad raya iku cinipta dening Allah, Dzat kang Hamurbeng Dumadi, (Q.S. Al-An-Aam(6):101). Panjenengane, Allah kang wus nitahake langit-langit sap pitu.

“He Muhammad! Sira ndelenga titahe Allah kang Maha Murah ora ana bedane. La ndelenga apa sira we­ruh yen langit iku ana kang ben­thet? Mesthi ora!” (Q.S.-Mulk (67):3).

Tumraping wong-wong atheis (ora pitaya marang Allah), apa sing padha diyakini, manawa (ing) donya iku ora ana sesembahan (tuhan). Krana  kapitayan kang mangkono iku, banjur tuwuh pemi­kiran kang nyleneh, sarta ora tinemu ing nalar, yen ta jagad raya iku  dumadi dhe­we. Jagad raya iku ora cinipta. Banjur tu­wuh panemu mujudake  samubarang kang mandheg (statis). Ambane tanpa wangenan. Ora melar lan molor sarta wus ana (wujud) wiwit jaman semana (ja­­man ja mbejuja) nganti wektu meng­kone. Iki ateges  jagad raya iku ora ana wiwitane lan mbesuk  ora bakal sirna utawa rusak. Para ilmuwan sing ndar­beni kapitayan kaya mangkono mau an­ta­ra liya, yaiku George Politzer, Karl Marx, Atur Eddi­neton, Dennis Sciama lan Prof. George Abel. Ana sebagian sing meng­kone bisa narima teori Big Bang. Sing dimaksud te­ori Big Bang, yaiku teori sing nerang­ake (menyatakan), manawa ja­gad raya iku ana kawitane sarta bakal ru­sak utawa sirna ing sawijining wektu. Hiya iki sing mujudake kapitayan existen­sine (kebera­daan) zat kang Maha Ha­nyip­ta, Dzat kang Hamurbeng Dumadi jagad raya dalah sak isine iki. Miturut ilmu pengetahuan (ciniptane jagad raya iku, kudu bisa di­buktekake, utawa diku­kuhake kanthi buk­ti-bukti. Lha minangka bukti jagad raya ci­nipta iku, yaiku sing karan Big Bang ledakan dahsyat, sawi­jining hukum sing nerangake manawa jagad raya iku du­ma­di (asale) saka sa­wijining nuktok (titik tunggal), sing ndar­beni volume (isi) nol sarta ndarbeni ke­pa­dhetan tak terhingga (tanpa wange­nan). Lha tumraping pa­wo­ngan kang iman, titik tunggal iku mu­judake samu­barang kang ora ana, sing wusanane banjur dadi jagad raya  iki kan­thi kodrat lan iradate Allah, Dzat Kang Hanyipta, Kang Hamurbeng Dumadi iki. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Sanyata manawa Panjene­nganE karsa nitahake sawiji-wiji (ja­­gad raya), iku cukup mung dhawuh (ngendika) “Anaa, sira (Kun Fa Ya­kun), sakala iku banjur ana.” (Q.S. Yaa Siin (36):82). (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)