Sajen Siraman Pusaka Kraton Ngayogyakarta
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 153 kali

Kaya kang wis katur ing udyana Panjebar Semangat minggu kepungkur kanthi irah irahan : “Ing Keputren Kraton Ngayogyakarta Ora Saben Wong Lanang Kepareng Ngambah Mrana”, yen ing wewengkon (komplek) Kraton Ngayogyakarta kuwi yektine  ana papan-papan tertamtu sing ora kena diambah dening sadhengah pawongan, kejaba ana pawadan  sing maton upamane tinanggenah  ndandani instalasi listrik kang rusak, dandan-dandan mbenerake gendheng pecah lsp kang pokoke klebu pagaweyan sing umume mung bisa ditandangi dening wong sing ahli utawa trampil.

 

Papan papan sing ora kena diambah dening wong lanang ing antarane keputren lan gedhong pusaka kang dununge ana samburine bangsal Prabayeksa. Gedhong Pusaka mujudake sawijine papan kanggo nyarekake pusaka pusaka kagungan dalem nata utawa kagungane Kraton. Kahanan saben dinane  gedhong pusaka kuwi korine tansah minep lan dikunci. Anggone mbukak gedhong pusaka mung yen ana keperluwan mirunggan upamane arep  ngampil pusaka kanggo sawijining adicara utawa yen ana keperluawan nyirami pusaka pusaka kagungan dalem nata lan kraton ing sasi Jawa Sura.

Pusaka-pusaka kang baku lan kang disirami ing Kraton Ngayogyakarta yakuwi Kangjeng Kyai Ageng Pleret. Anggone nyirami mesthi diasta dhewe dening Ingkang Sinuwun Sultan Hamengkubuwono. Banjur kangjeng Kyai Tunggul Wulung awujud klebet utawa gendera, Kangjeng Kyai pangarib-arib wujude pedhang sabet kang ing kunane kanggo ngisas kang kudu nindakake ukum pati, kangjeng Kyai Tandhulawak kang awujud tandhu. Kangjeng Kyai Slamet menawa ana pagebluk banjur diagem klebet,  bebarengan karo Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kang diarak mubeng kutha. Sabanjure kangjeng Nyai Jimat kang awujud kreta kencana, lan Kangjeng Kyai Dewandaru kang awujud ringin kurung ing alun alun lor sisih kulon.

Anggone nindakake siraman pusaka, kudu nganggo ungak-ungak apa ing sasi Sura iku ana dinane Selasa Kliwon (Anggarakasih) dina kang dianggep gedhe ing kawruh Kejawen. Yen  ora ana dinane SelasaKliwon, saora-orane apa dinane Jemuwah Kliwon, dina kang uga dianggep kramat kanggo nisihi Anggara kasih. Bakda Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Agung yasa almanak Jawa wiwit taun Jawa 1555 kang angka taune mbacutake taun Saka. Dadi wiwit taun mau ing Tanah jawa, kajaba kang isih nggilut agama kuna, wis ora mlaku maneh petungan taun Saka. Kang tumindak taun Jawa, taun nasional iyasane Kangjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma.

Ing dina siraman mau, pusaka –pusaka kasebut dalasan pusaka pusaka liyane kang cacahe akeh banget iku dicaosi dharar (disajeni), sajen sajen iku dicawisake dening para abdi dalem saka pawon ageng kraton, wujude pepak banget. Miturut katrangane Pengageng Pawon Ageng  Kraton Ngayogyakarta Nyai Lurah Sekullanggi lan Nyai Lurah Kebuli  marang PS wujude sajen-sajen mau :

Minangka sajen dhasar : 1. Rasulan 1 prangkat (tegese sega wuduk sapengaron katambahan uba rampe lalaban 1 panjang,sambel pecel 1 ambengan, krecek 1 lodhong) katambahan sekar konyoh (kanthil, mlati,  kenanga lan boreh) lan menyan sapringkil. Ganepe 2. Tumbasan (tukon) pasar satebok, 3.  Pisang ayu lan  suruh ayu sabesek, 4.  Abon-abon, 5 Sabesek gula klapa isi : Klapaglundhungan siji, empluk isi beras lan endhog pitik mentah, gula Jawa selirang, juplak paringi lenga lan lawe sarta ajug ajug, 6. Pala kesampar sabesek (isi salak, nanas, semangka lan timun),

Sajen kagem kangjeng Kyai Tunggul Wulung tambah a. Jenang manggul (jenang utawa bubur dilawuhi sambel goreng, kacang brol goreng, dhele goreng, entho-entho, lan endhog sawur) sarta, b. jenang sraba (jenang/bubur putih dilawuhi jangan kothok, dicampurake). Sajen Kagem kangjeng Kyai pangarib-arib 1. Rasulan, 2. Sega ambengan, 3. Sega golong, 4 sega anyep-anyepan, 5. Jangan menir pecel ayam, 6. Tebu serakit, 7. jajan (tukon) pasar, 8. Suruh ayu gedhang ayu, 9. Sebesek gula klapa, 10 jenang-jenangan, 11. Pitik urip siji lan 12. Bekakak siji digawe saka glepung ketan (gandheng adatipun Kangjeng Kyai siji iki biyen sok kanggo nigas gulu mula disadhiani bekak kang banjur katigas gulune).

Sajen kagem kangjeng Kyai Tandhulawak kaya kang kagem kangjeng Kyai Pangarib-arib, nanging tanpa bekakak, katabahan ketan kulak apem lan sega punar.

Tambahane ; sajatine cacahe sajen dhasar iku durung pepak, isih kudu ditambah, kajaba Pala kasimpar, pala kapendhem sabesek serta pala gumantung sabesek. Kajaba saka kuwi, 7. ketan salak (wajik nganggo klapa isiran), 8. Kulak gedhang emas (jene), 9. Jongkong inthil sabesek, 10. Kupat lepet, uler-uleran,clorot sabesek 11. ketan iwak pitik dhadha menthok, 12. Tumpeng kencana (digawe saka ketan dikuning nganggo kunir lan disingepi endhog dadar) sacuwo, 13. Tumpeng Megana, 14. Tumpeng urubing damar, 15 Tumpeng dhumplak, 16., Tumpeng kendhit (kang kanggo kendhit kunir parudan), 17. Tumpeng ropoh (diapit gedhang setangkep, raja lan pulut), 18. Tumpeng putih, 19 Tumpeng biru, 20. Tumpeng kuning, 21. Tumpeng jangan menir sacuwo, 22. Tumpeng pecel ayam sacuwo, 23. Tumpeng robyong gundhul (2 rakit, sding siji nganggo endhog glundhungan, sijine nganggo sundukan lan pitik urip), 24, Ketan kolak apem nyabesek, 25. Srabi werna 7 (tengah enten-enten diubengi srabi cacah 7 cacahe), 25. Ketan warnba 7 (sing tengah putih, liyane diubengake),26. Rujak 7 werna,27, Jenang 7 werna 28. Ambengan sabesek, 29. Sega golong sabesek, 30. Sega punar (lawuhe dhele, abon, kacang brol, rese, criping tempe), 31. Dhahar kapuranta (biru) sebesek, 32, dhahar anyep anyepan, 33. Dhahar gebuli sebesek, 34. Dhahar langgi sebesek, 35.  Tebu serakit. Sarta ora lali sajen kagem Tumenggung Jaganegara (kang mbaureksa kali Winongo sakukuban) impling, gula jawa setangkep,wedang kopi bubuk paitan, roti randhon, dhuwit putih lan bedhutan.

Sajen kagem Kangjeng Kyai Dewandaru, rujak iwak sapi (jambul) sarta sugengane rasulan, golong, ambengan, tukon pasar, pisang ayu, suruh ayu, gula klapa, pepak, tumpeng robyong gundhul lan pirtik urip, kembang boreh, tebu lan pari serakit. Mangkono kang bisa kacathet, pepak banget lan jarene ora kena ana sing cicir utawa kliwatan. (Amin Nugroho)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya