Merga Kahanan Urip
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 305 kali

Rio pancen anake wong ora duwe. Mangkat sekolah, kanca-kancane padha numpak motor dheweke mlaku nganti pirang-pirang kilometer. Jarak omahe seka SMA-ne cukup adoh, ora mokal dheweke mlaku wiwit jam lima subuh.  Cah nom kuwi bingung marang kahanan uripe sing dirasakake kesrakat. Mula direwangi kerja kuli nalika dina minggu. Nanging temtu wae asile ora nyukupi kanggo tuku buku, tuku sepatu apamaneh tuku sepedhah motor.

Wong tuwane saben dina kerjane serabutan, kamangka adhi-adhine isih ana telu sing kudu sekolah uga. Ing jero kelas dheweke ngalamun, ora nggatekake pelajaran sing diwulang dening gurune.

“Aku yen ngene terus… terus nganti kapan rampunge? Urip kok abot takrasakke” batine.

Ujug-ujug gurune ngundang dheweke, mbuyarake anggone ngalamun.

“Rio, maju!”

Sanalika Rio glagepan lan maju nyedhak gurune. Ing ngarep kelas, gurune ndhawuhi  nggarap soal fisika sing wis ditulis ana board papan tulis. Rio bingung, ora ngerti kepiye carane, rumuse uga ora apal.

Kanca-kancane ana ruwang kelas iku padha ngguyu cekikikan. Dene gurune mung meneng, ngejarke Rio kang katon ndhereg tangane nyekeli spidol.

Ora antara suwe saka anggone nggejejer ana ngarep kelas, dheweke banjur matur, “Pak, ngapunten kula boten saged nggarap soal menika…”

Gurune mung mandeng wae, banjur nulis maneh ana papan tulis. Soal kang ditulis gurune iku beda.

“Saiki iki garapen! Iki beda karo sing mau. Soal iki luwih gampang.” Dhawuhe pak guru kuwi.

Rio madhep papan tulis maneh. Tangan tengene isih nyekel spidol karo panggah nrithik. Sikile saya suwe krasa kemeng lan kesemuten. Ora antara suwe anggone ngadeg dheweke pranyata tetep ora bisa njawab soal kuwi. Gurune banjur ngendikan maneh; “Kowe ki ora mudheng, nanging kok pas takterangke ora tau nggatekke? Mikir apa?”

Rio mung ndhingkluk wae ora wani njawab. Mripate kethip-kethip karo atine muni “mikir kahanan pak…” mangkono batine.

 “Wis kana lungguh. Gatekna ya nek ana guru nerangke kuwi” welinge gurune kanthi rada sengol.

Rio mung manthuk. Kanca-kancane mung klesak-klesik pandeng-pandengan.

Sawise lungguh ing kursi, Rio ngrasa nesu marang awake dhewe. Batine mung ngresula, kenangapa aku ketaman urip kaya mengkene? Liyane bisa penak anggone sekolah, iku jelas merga wong tuwane mampu, ora kaya aku, batine Rio.

***

Anggone mulih sekolah Rio kaya biasane mlaku. Ing sadawane dalan dheweke terus mikir jero. Mikir kahanan urip kang kesrakat, jarene. Rio banjur kelingan nalika ana kelas  diece kanca-kancane, didukani gurune. Pikiran iku ndadekake Rio sangsaya nyalahke kahanan urip. Dheweke ngrasa merga wong ora duwe, kuwi kang dadi sebabe. Nanging kepiye maneh? batine.

Ing dalan iku dheweke krasa kesel, banjur leren ana tugu pertelon dalan. Anggone lungguh sawetara, ana koran kang sumlebar ana ngisore, sacedhake tugu mau. Rio iseng-iseng njupuk koran iku banjur diwaca. Dheweke kaget!  Ya, Rio kami tenggengen nalika maca judhul koran kang unine “Anak Tukang Becak Dadi Sarjana Paling Unggul ing Universirtas Negeri Semarang”.

Sawise maca koran iku atine kaya kedhodhog, dheweke ngrasa kaya ngombe banyu telaga ing mangsa ketiga dawa. Jiwane kegugah tangi, pikirane kang lungkrah dadi ilang gumanti semangat kanggo nggayuh urip mukti.

Rio mbaleni maneh anggone njingglengi aksara latin kang kasusun ing koran iku. Dheweke sangsaya kedhodhog maneh nalika maca dialog anake tukang becak mau karo wartawan ing koran.

“Apa sing njalari awakmu semangat sinau?” pitakone wartawan.

“Merga kahanan keluwarga kang ora mampu. Ya merga kahanan urip!” jawabe anak tukang becak iku kanthi teges.

Rio banjur nglempit koran iku lan dilebokake tase. Dheweke mlaku mulih kanthi panjangkah cepet, tangane ngepel-ngepel kaya petinju arep ngalahake mungsuhe. Rio mbatin, “Merga kahanan urip aku kudu sinau mempeng! Dudu malah sewalike: lungkrah, lesu, nyalahke kahanan!”

***

Danang Cahya Firmansah, mahasiswa Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Unnes. Pegiat Lingkar Studi Kebudayaan Indonesia (LSKI). Ia bergiat di kelas menulis cerpen Kedai Kopi ABG Semarang. Kumpulan cerpen pertamanya berjudul Sukinah diterbitkan oleh penerbit Pataba Pres. Adapun kumpulan cerpen berbahasa Jawa pertamanya berjudul Mitos Sastra Jawa Pesisiran penerbit Cipta Prima. Selain menulis cerpen, juga menulis puisi dan esai. Beberapa cerpen dan esainya pernah termuat di harian Suara Merdeka dan majalah Merah Putih, sebuah majalah pendidikan di Kota Semarang…..

Rio mlebu koran! Rio saiki dadi wong kondhang! Dheweke akeh diwartakake dening koran-koran ing Jawa Tengah merga dheweke saiki dadi penulis kang peng-pengan!

(Dening: Sabihis Miyatun)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…