Patapan Gunung Genthong
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 186 kali

Wis Tekan Titiwanci Jumedhule Satriya Piningit ?

Warga Padhukuhan Manggung bawah Desa Ngalang, Kecamatan Ge­dangs­ari kerep nggelar acara Nyadran ana ing plataran Gunung Genthong. Tilas patapan Sinuhun Brawijaya pungkasan ing Majapahit duk linggar saka kedhaton.

Gelaring acara nyadran rinengga kirab budaya saka Balai desa Ngalang nuju pla­taran Gunung Genthong. Adohe watara 3 kilometer. Anggone ngusung jodhang ora bisa rikat, merga dalan sing diliwati mung­gah. Rombongan kirab ora kena mandheg sadurunge tekan watu lincip.

Tekane rombongan ing Watu Lincip ka­papag dening Pamong Desa, sawatara tokoh masyarakat sarta jathilan. Ing kono padha leren sawatara wektu. Sakbanjure nerusake laku. Tekan panti upacara, uba­rampe kirab kapasrahke marang sesepuh adat. Masyarakat padha lungguh ing ngi­sor maneka uwit gedhe, tur meneh langka.

 Kaya ta uwit klumprit sing tuwuh ce­dhak kali cilik sakidul panti upacara. Dhu­wure nganti 10 meter. Dadi salah siji ciri patilasan Majapahit sing ana ing Gunung Kidul. Ana maneh uwit Blabag, werna kulite kayu semu abang. Godhonge sairib go­dhong duku. Sarta uwit Apit, sak tleraman kadidene uwit mlinjo.

Sawise sakabehe ubarampe sumadya tata, luwih dhisik diadani acara srah pa­nampa sedhekah asil panen. Mbah kaum banjur nindakake atur pandonga samur­wate. Bubar iku sawernane dhedhaharan kabagi warata. Sinambi geguyonan, masyarakat kembul bujana bebarengan. Rasa pase­duluran katon kenthel.

“Acara nyadran sampun run tumurun di­punwontenaken,” pratelane mbah Atmo Suwito (79) ana ing daleme sing katelah omah tiban. Saben-saben acarane ya ngono kuwi.

 Sedina sakdurunge, masyarakat gotong royong reresik dhusun sarta dalan sing bakal diliwati kirab. Anggone nyadran sengaja ana ing plataran Gunung Gen­thong minangka sarana ngurmati Sinuhun Brawijaya, leluhur dusun sarta upaya njaga lingkungan sakiwa tengen dhusun, amrih lestari.

“Gunung menika kawastanan gunung Genthong, awit ing nginggil wonten gen­thongipun,” ujare mbah Atmo.

Genthong iku mau didunungke ana ing pucuk minangka sarana wadhah banyu be­ning. Banyune pinarcaya bisa dadi sarana usada. Mula asring digawa bali. Dene dhek jaman kunane kanggo mbersihi raga sak­durunge manguntapa. Gedhene genthong sedhengan, ora cilik, ora gedhe.

“Nanging nate benthet Mas, dipun risak kaliyan tiyang,” imbuhe mbah Atmo.

Jaman biyen kocap ana nom-noman munggah ing pucuk gunung sarta mlebu ana ing guwa. Kajurung marang dayane genthong, dheweke banjur nyoba nyuwil bageyan lambe. Karana atos mula banjur dithuthuk nganggo watu. Sidane antuk cuwilan, nanging anjalari genthonge benthet.

Ssewau badhe kagantos genthong enggal, nanging boten siyos, soale boten kepareng kaliyan eyang,” ujare mbah Atmo.

Eyang iku sesebutan masyarakat Manggung marang Sinuhun Brawijaya Pungkasan sing nate manguntapa ing Gadean Gunung Genthong sajrone ana ing paran. Bakda bedhahing praja Majapahit sinengkalan “sirna ilang kertaning bhumi”

Bhumi Gedangsari sajake nenarik ati mungguhing Sinuhun Brawijaya. Nganti ing papan kono, sing katuwuhan sawernane uwit taun kagolong langka, banjur yasa pesanggrahan. Minangka sarana me­sanggrah sawatara wektu sajrone ma­nguntapa sarta sakdurunge neruske laku.

“Papan anggenipun mesanggrah ka­telah omah tiban,” ujare mbah Atmo.

Omah tiban yaiku aran omah sing jaman saikine dienggoni Mbah Atmo ka­kung putri. Mujudake omah warisan. Du­nunge kapernah sakidul wetan Gunung Genthong. Diarani mangkono, awit ngerti-ngerti wis madeg ing satengahing grumbul alang-alang sing rungkud sarta dhuwur.

“Kula marisi saking bapak kula, Pa­wirareja, bapak kula marisi saking simbah kula, Lurah Kromorejo,” ujare mbah Atmo

Mbah Atmo nerangake, jaman semana leluhure nampa sasmita. Lire amrih uripe luwih tentrem, merga saben anak lair, asring dadi memangsan macan galak sing ana ing wana. Mula  kaprayogake gawe pomahan ing satengahing grumbul alang-alang. Mula banjur siyaga perabot sarta wiwit ngresiki.

Sawise alang-alang resik, katon ana pomahan wis ngadeg. Ambane watara 9x6 meter pesagi. Payon cara omah kam­pung. Jaman semana payone isih nganggo nam-naman alang-alang garing. Karana ngerti-ngerti ana, banjur katelah omah tiban.

“Jaman rumiyin gebyoge  sadaya mawi gedheg, nanging sawatawis kagantos triplek,” imbuhe mbah Atmo.

Gedheg sing diganti utamane sing sisih ngerep. Jalarane diganti merga wis akeh sing rusak sarta amrih ora semribit. Gen­dhenge uga wis diganti nganggo gendheng lemah. Sawatara kayu usuk sisih ngarep diganti nganggo kayu ker­mis. Dene saka guru, beba­lung, gawangan sarta la­wang isih asli.

Sing narik kawi­gaten ing bageyan gamblok, yaiku ka­yu landhesan sing tumem­plek ing blandar. Da­wane kurang luwih se­tengah meter. Rinengga rerenggan sesuluran sarta ceplok kem­bang ngiwa nengen. Jare mbah Atmo, wujude pepe­than sairib kalawan sing tinemu ing mesjid Demak.

“Manawi jobinipun boten kepareng dipun plester kaliyan eyang,” ujare mbah Atmo.

Ora mung kuwi, kandhane Mbah Atmo, nate ana sing duwe gagasan mindhah omah tiban ana ing papan sing luwih jembar sarta aksese gampang. Papan anyar karancang jangkep nganggo taman. Tujuwane amrih luwih nenarik ati mung­guhing wisatawan.

“Nanging boten siyos, boten angsal idi palilah,” imbuhe mbah Atmo.

Papan dununge omah tiban saka dalan dhusun pancen ka­eletan omah sarta pekarangan. Mula kalumrah menawa ora ka­ton. Apa maneh lemah ing sisih kidule luwih dhuwur, saengga kesane ambles. Nanging saka kono awake dhewe bisa nya­wang kaendahane Gunung Gen­thong sarta tanduran pari sing tuwuh ngupengi gunung.

“Menapa malih wulan Sura, katingal langkung endah,” ujare mbah Atmo.

Ngarepake tang­gal siji Sura kahanane Gu­nung Genthong biya­sane rame. Para pan­dhemen laku saka sa­watara papan padha neneka. Mundhi dha­wuhe Pangeran sajro­ne nglakoni urip sa­jro­ne setaun sing bakal kelakon. Anggone nindake laku nut mo­bah mosike rasa pri­badi.

“Nanging prayogi kaampingan juru kunci, soale taksih gawat,” kandhane mbah Atmo.

Durung maneh, dalan munggah nuju pucuk gunung rungkud tur rumpil. Kudu tansah ngati-ati, aja nganti lena ing ka­prayitnan. Ora prayoga meksa diri pribadi. Upama mangu-mangu cukup laku ana ing plataran. Ngadhep padupan sing sumadya minangka sarana atur pandonga.

“Manawi kula cekap damel slametan saben tanggal 10 sura,” imbuhe mbah Atmo.

Wujude slametan yaiku among-among sega gudhangan winadhahan tampah cilik minangka wujud pakurmatan marang Sinuhun Brawijaya. Awit pinarcaya nung­goni sarta ngrukti kahanane omah tiban sing nate dienggo mesanggrah Sinuhun.

“Kaladosaken wonten mriki, sasam­punipun kadonganan lajeng kakepung sesarengan,” ujare mbah Atmo.

Sakjege manggon ana ing omah tiban, mbah Atmo ngaku nembe sepisan dira­wuhi piyayi sing ngakune Sinuhun Bra­wijaya pungkasan. Pangageme sarwa putih, kadidene agemane para pandhita nuju manguntapa. Astane nggawa ke­thokan kayu ireng. Sanajan umure wis sepuh nanging isih merbawani.

“Sakderengipun kepanggih langkung rumiyin nglampahi,” ujare. Istilahe mbah Atmo, amrih bisa ketemu, kudu wani ngelih. Ora mangan ngombe. Apik maneh menawa ora turu, paling ora sewengi. Dina apa wae apik, nanging luwih apik yen njupuk dina Jumuah Legi. Dadi anggone miwiti dina Kemis sore, rampunge Jumuah Legi sore.

Sore iku, mbah Atmo mungkasi ang­gone paring katrangan kanthi ngandikake piwelinge eyang, ‘wis tekan titiwanci jumedhule satriya piningit’. n

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!