Kalungguhane Guru Manut Pamawase Ki Hajar Dewantara
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 34 kali

Jaman sing terus lumaku nuwuhake maneka owah-owahan sajroning panguripan lan tatanan kang ana ing masyarakat. Salah sijine yaiku anane owah-owahan sajroning makna sajroning guru. Ing dinane iki akeh sing nduweni panemu yen guru ngono (mung) sawates profesi kang ora nuntut anane tanggungjawab moral marang siswane. Babagan kepriye morale siswane iku urusane siswa dhewe. Tugase guru mung aweh materine. Siswane ngerti utawa ora iku urusan mburi.

Anane owah-owahan utawa penyempitan makna iki mau akeh sing nduweni panduga ana sambung rapete klawan akehe tugas administrasi kang kudu ditindakake dening guru jaman saiki. Saliyane iku ‘kuwasaning’ guru ing jaman saiki uga wis ora kaya guru ing jaman biyen. Guru jaman saiki sejatine isih akeh kang kepengin nata morale siswane. Nanging gandhenge akeh siswa lan wong tuwane siswa kang salah tangkep marang carane sawijining guru nata morale siswane. Sing dumadi malah nyebabake kapitunan marang pihak guru. Salah sijine yaiku kaya sing durung suwe iki dumadi. Ana oknum guru kang dikunjara merga njiwit muride.

Nasib nrenyuhake kang ditampa oknum guru kang kepengin ndhidhik siswane iku mau mesthine gawe oknum guru liyane ngepreh. Tinimbang ngalami nganti dikunjara merga ndhidhik anake wong liya rak ya luwih becik mung mulang kanthi biyasa (aweh materi thok). Mangka bayarane ya tetep padha.

Ing perangan liya, anane owah-owahan kang ditindakake guru ing jaman saiki sithik akeh uga ana sambung rapete klawan kerepe pamrentah nggonta-ngganti kurikulum. Sauntara taun pungkasan iki, pamrentah sajak bingung bakal ngetrepake kurikulum sing endi. Mula saka kuwi nganti dinane iki pamarentah isih tetep bola-bali nyoba maneka jinis kurikulum kanggo meruhi endi sing trep kanggo dicakake ing Indonesia. Malah pamrentah nganti nindakake studi bandhing menyang negara manca (mung) kepengin ngerti kepriye kurikulum ing negara kang dianggep maju jagad pendhidhikane.

Tanpa anane coba-coba sarta studi banding menyang negara manca, yen pamarentah gelem rada tliti, sejatine negarane dhewe nduweni konsep pendhidhikan kang becik banget. Konsep sing dimaksud yaiku konsep pendhidhikan kaya kang ditrepake ing Taman Siswa. Konsep sing kaya ngono iku mau mujudake anggitane Ki Hajar Dewantara. Kena ngapa konsep kasebut dianggep luwih becik?

Konsep pendhidhikan kang digunakake ing Taman Siswa anggitane Ki Hajar Dewantara dianggep luwih cetha anggene merang kalungguhan antarane guru lan siswa. Anane pamerang kalungguhan kang cetha iki mau ndadekake guru tansah bisa mangerti kewajiban apa wae sing bisa diayahi kalane mulang ing sekolahan.

Manut pamawase Ki Hajar Dewantara, guru nduweni kewajiban mulang lan ndhidhik siswane. Tegese mulang lan ndhindhik ing kene yaiku menehi piwulangan, nata cara pikir, sarta nglatih kecerdasan siswane. Tumindak sing kaya mangkene ditindakake dening guru supaya siswane ing tembe bisa tuwuh dadi manungsa kang pinter, nduweni cara pikir sing becik, lan cerdas kalane ngrampungake sekabehane masalah kang diadhepi.

Saliyane nduweni kewajiban kang kaya mangkono. Guru uga nduweni kewajiban kanggo nuntun tuwuhe budi pekertine siswa. Carane guru kanggo nuntun tuwuhe budi pekerti marang siswa iku mau yaiku kanthi mulangake babagan adab lan kaluhuran budi. Pawulange babagan loro sing kaya mangkene mungguhe Ki Hajar Dewantara wigati banget ditindakake dening guru. Merga kanthi anane tuntunan saka guru marang siswane ing babagan budi pekerti iki. Ing tembe mburi diajab bakal bisa ndadekake siswa dadi manungsa dewasa kang nduweni adab, ngerti marang tata susila lan nduweni budi kang luhur.

Ing perangan liya, yen guru bisa mulangake rong perangan iku. Uga bisa digunakake kanggo nuduhake sifat batine guru iku mau. Sifat batin sing dimaksud ing kene yaiku kasucian, kamardikan, keadilan, keTuhanan, kasetyan, katresnan, lsp. Ing perangan liya rong perangan iku mau uga bisa digunakake kanggo nuduhake sifat lahiriah guru kang kasil mulangake rong perangan iku mau. Sipat lahiriah sing dikarepake ing kene yaiku lagak lageyane (tumindake) tansah nyenengake kanggone sing nyawang.

Saliyane kuwi manut pamawase Ki Hajar Dewantara cara mulang nduweni daya gedhe kanggo nemtokake kasil utawa orane kang dadi tujuan sajroning pamulangan. Ngenani cara mulang kang trep manut pamawase Ki Hajar Dewantara yaiku kanthi migunakake cara kakulawargaan. Sing dimaksud ing kene yaiku ing kalane mulang guru kudu mapanake dhiri dadi bapak. Ing perangan liya, guru uga kudu bisa mapanake murid kayadene anake dhewe.

Swasana sing kaya mangkene bisa lumaku kalane wong tuwa kandhunge siswa wis bisa temen anggene masrahake anake marang guru. Tegese pasrah ing kene yaiku wong tuwa kandhunge siswa ora oleh  suwala utawa nyalahake guru sasuwene proses piwulangan iku mau lumaku. Sauger apa sing ditindakake dening gur mau ora nerjang paugeran-paugeran kang lumaku ing laladan kasebut. Wiwit saka norma adat, norma susila, norma agama, lan norma hukum. Utawa tembung cekake, wong tuwa kudu menehi kebebasan marang guru kanggo mulang lan ndhindhik anake.

Sauntara kuwi sing ora kalah wigatine yaiku guru kudu bisa ngecakake cara mulang kang sinebut Among, cara mulang Among yaiku, cara mulang lan ndhidhik kang nengenake welas lan asih, ing sistem pamulang kanthi cara among iki mau guru ora diolehake menehi prentah, meksa, lan menehi ukuman. Ora ditindakake telung perkara iku mau merga guru diajab bisa ngasilake siswa kang tuwuh lang ngrembaka kanthi kekuatane dhewe. merga ora nindakake telung perkara kaya mau. Ing kene guru mung dikeparengake ngulati lan ngarahake apa sing ditindakake dening siswane.

Saka anane tumindak (laku) sing kaya mangkene diajap bakal bisa ndadekake bocah kulina ngrampungake masalah kang diadhepi kanthi migunakake tenaga lan kabisane dhewe. Anane pakulinan sing kaya mangkene dikarepake bisa meruhi potensi lan kabisane bocah wiwit isih cilik.

Ing perangan liya, guru uga nduweni lan bisa ngecakake sipat kena ‘digugu’ lan ‘ditiru’ menawa ngepenginake swasana sing kaya kang diandharake ing nduwur iku dumadi ing papane nyambut gawe. Saliyane iku, sing ora kalah wigatine yaiku guru kudu bisa nyiptakake swasana kang nyenengake ing lingkungan sekolah. Tumindak sing kaya mangkene kudu ditindakake merga sekolah mujudake ‘omah kapindho’ kanggone para siswa yen manut konsep Taman Siswa.

Saka  andharan iku mau, cetha yen guru ngono mujudake paraga kang wigati banget sajroning nyiptakake generasi penerus kang becik. Mula saka kuwi wis dadi pantese yen pamrintah bisa nyejahterakake uripe para guru. Embuh iku kang honorer, GTT, PNS, lan Guru sing wis sertifikasi. Ing perangan liya guru uga mbutuhake anane ‘perlindungan’ kalane mulang ing kelas. Babagan sing kapindho iki  dibutuhake banget,  supaya ing tembe mburine bocah sing sekolah mau bisa nduweni kautaman kang jangkep. Yaiku kautaman ing babagan tata lair, sarta tata batine.

Muga-muga ora ana maneh oknum guru kang kudu urusan klawan meja ijo utawa nganti ngrasakke adheme jobin pakunjaran mung merga kedadeyan kang sepele kalane ndhindhik siswane. Sinung S.

 

 

 

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?