Merconan Agawe Rame
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 147 kali

Merconan Agawe Rame

 

MITURUT critane simbah, kawit cilik bapakku pancen klebu bo-cah sing ora bisa meneng. Ana-ana wae tingkah polahe sing ndadekake simbah repot uta-wa duka. Apa ma-neh umur-umur-ane bocah kelas 3-4 SD, kuwi rak mangsa-mangsa senengane playon, dolan lan gawe ramene kahanan. Kaya sing keda-dean nalika kelu-wargane simbah duwe gawe. Kala iku para sedulur dalah tangga teparo padha ibut rewang olah-olah lan ngracik keperluwan kanggo hajatan. Lagi gayeng-gayenge caturan sinambi nandangi penggaweyan ndadak ana suwara,” Dhorr!..Dhorr! precikk..precikk..Dhorr!!”. sakala wong-wong padha pating jlerit lan mlayu golek amane dhewe-dhewe. Sawise suwara dhar-dher kuwi leren, bapak sing wektu iku lagi wae ngancik kelas papat kuwi katon mecungul saka walike lawang karo clengar-clengir cengengesan. “ Sapa kuwi sing nyumet mercon njero omah??”, pitakone simbah semu duka. “Ya kae no, si Pa’i..!”, ujare salah sijine sedulur karo nuding bapak. Sing dituding kok ya malah saya cengengesan, kepara ngguya-ngguyu kaya ora duweni dosa. Ora nganggo suwe bapak enggal dijewer lan diukum simbah ndhekem ana longane (ngisore) bayang sing cedhak pawonan. Walah bapak..bapak, ana wae pokal gawene. (Ajeng M. Rahmi-Mojokerto)


Kapok Tuku Nomor Buntutan

 

Crita iki kedadeyan tahun 1990-an. Penulis iseng - iseng tuku nomer buntut ing Gondornanan Yogyakarta. Aku dhewe - we, tuku nornor saklernbar “papat papat” kandhaku rnarang Tacik sing dodol nomer buntutan.

Mbok rnenawa merga sernono akehe nomer sing padha dituku iku nomor 42, dudu 44. Tacik sing adol nomor kleru, ora nyathet nomor 44, ning nornor 42. Temenan, nomor sing rnetu 9742. Dadi aku oleh rong nomoran, tuku sewu oleh telung puluh lima ewu.

Esuke, aku ngajak anakku, njupuk nomor hadiah mau. Sawise tak duduhke nomerku mau aku diwenehi dhuwit 35.000. Nanging apes, baline aku kebanan, bane ajur, Ganti ban entek 25.000. Merga aku kebanan, aku banjur kapok tuku nomer buntut. Pancen dhuwit nomor ora mberkahi.  (Tri Wahyono - Godean Sleman)

 

 

Bingung

 

SAPA sing ora bingung yen pikantuk ulem tanggal tuwek. Mula yen ora diulemi uga banjur padha pilih ora mbecek. Mula nalika Bu Ituk ora pikantuk ulem saka Bu Asih uga banjur nyicil seneng. Kamangka Bu ltuk iku kanca kinasihe Bu Asih. Nalika Bu ltuk diajak mbecek bareng karo kanca-­kancane banjur kandha yen ora mbecek.

Nalika kanca-kancane durung budhal mbecek, Bu Ituk ditilpun Bu Asih. “Saiki mrenea!” kandhane Bu Asih ing tilpun.

“Ana apa,” Bu Ituk ethok-ethok durung ngerti.

“Aku mantu, resepsine sakjaman engkas!” wangsulane Bu Asih.

Sidane Bu ltuk ora bisa selak. Nadyan duwe niyat mara, nanging panggah ora bisa mbecek bareng.

Mula banjur kandha marang kanca-kancane yen arep budhal dhisik.

Wondene alasane arep njupuk dhuwit dhisik ing bank

Ndilalah tekan kantor bank listrike mati. Mula Bu Ituk banjur age-age bali, lan nggenthirit tumuju papan nglumpuke kanca-kancane sing arep budhal mbecek bareng.

“Ana apa ta, Bu, kok balik? Apa ora sida resepsi?” pitakone Bu Susi marang Bu ltuk. “Resepsine panggah sida!” wangsulane Bu Ituk.

“Lha yen sida kok malah balik ? “

“Mreneku arep utang dhuwit kanggo mbecek!”

“Apa menyang bank ora entuk dhuwit?”

“Ora!”

“Geneya?”

“Merga listrike mati!”

Sidane dina iku Bu ltuk budhal mbecek bareng karo kanca-kancane. Kaya padatan saben mbecek nggone wong sugih mesthi “ditodhong” dhisik, sawise ngisi buku tamu banjur nyemplongake dhuwit menyang genthong sing wis sumadiya ing cedhake. Mula para tamu, klebu Bu Ituk, sawise ngisi buku tamu banjur uga tolah-toleh nggoleki genthong.

Amarga ora ketemu banjur langsung tumuju papan sasana rinengga saperlu nyalami temanten sakloron. Bubar iku lagi padha njupuk dhedhaharan dhewe-dhewe, manut apa sing dikarepake. Ing kono ana sega lawuh sate. Dene sing ora kersa, bisa dhahar gathot, kicak, cenil utawa puli. Dene ngunjuke yen ora kersa ngunjuk es bisa ngunjuk banyu putih.

Pungkasane sawise wis padha tuwuk banjur padha arep pamitan. Nanging bareng nggoleki Bu Asih ora ketemu, Bu ltuk minangka kanca kinasihe banjur nekad takon marang temantene, “Ibuke ana endi, Ndhuk?”

Temantene putri sing ditakoni ora mangsuli, ning malah matur yen ibune ora nampani becekan. Sanalika Bu Ituk bingung. Kok ana-ana bae, ora sida kelangan dhuwit kok malah bingung! (Dias Lentera Yuliano-Mahasiswa Unesa Surabaya)

 

 


 

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!