Tapak Jangkah Leluhur (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 169 kali

Mubeng seser jantraning panguripan. Esuk awan sore bengi. Dina-dina ngronce sasi. Saka sasi dumadi ta­un. Kocap kutharaja Keling geger. Kampil isi brana picis saka Cina kang wis ana telung taunan diseleh ing dalan pra­pa­tan tengah kutharaja, entek-entekane dicolong Senapati Wiswasa. Genahe rikala Senapati Wiswasa lagi nggawa kampil kasebut dilalah diko­nangi Akuwu Tulak, Akuwu Maja lan Akuwu Dewa­ndaru. Temahane Sena­pati Wiswasa nuli dipikut lan diirit me­nyang ngarsane Ratu Shima.

Pendhapa pisowanan Keling Kaling­ga dadakan dikebaki kang kapiji marak ing ngarsane Ratu Shima. Ora kari Dharma­dyaksa Syiwa-Buddha. Bareng dirajaniti perkarane, ing sangarepe pengadilan kono Senapati Wiswasa banjur njlen­trehake lamun dheweke ora niyat arep nyolong kampil brana picis saka Cina.

Kang bener, wektu iku ing dalan pra­patan tengah kutharaja Keling ana asu padha kerah gumeder nganti nen­dhang-nendhang kampil brana picis saka Cina saengga dadi kontal adoh. Nyipati kedadian mangkono iku, Se­napati Wis­wasa banjur age-age njupuk kampil ka­sebut arep dibalekake neng enggone sakawit. Wektu kuwi tumin­dake Sena­pati Wiswasa kabener diko­nangi dening para akuwu. Kang tun­dhone Senapati Wiswasa terus di­nakwa maling lan dipikut.

“Ah, menika namung pambales wi­rangipun para akuwu dhateng kula. Awit sabela dhumateng Akuwu Bambang ingkang kapidana sengker. Gandheng kula menika putra kepulunanipun Sri Ratu Shima, pramila kula ingkang kangge le­san,” semantane Senapati Wiswasa me­kengkeng.

“Huh, dalan rupak wedi kedhisikan!” pambantahe Akuwu Tulak. “Endi ana ma­ling ngaku?! Pantog-pantoge ya ngono kuwi. Dimen katon resik malah wong liya kanggo alan­alan. Mojar koar-koar: Aku di­wengisi!”

“Leres, Sri Ratu. Kontaping asma da­lem minangka nalendra ingkang jujur lan adil kedah dipunwujudi. Njejegake ka­adilan sarana njunjung dhuwur ukum. Tegesipun nglenggahaken ukum mi­nangka kaku­wasan ingkang paling inggil. Gandheng Senapati Wiswasa sampun katangkep maling, mangka piyambakipun menika Man­­tri Raksa Nagara, mila Se­napati Wis­wasa kedah kapidana gantung!” ature Akuwu Maja mandhes.

Ratu Shima rumaos diadhepake ma­rang tantangan kang luwih dening abot. Hhh.

Senapati Wiswasa! Senadyan mung putra kepulunan parandene wis didhaku kaya putra kang mijil saka guwa garbane dhewe. Eling-eling jer simbahe Senapati Wiswasa iku isih sasedulur karo Dapunta Selendra, sudarmane Ratu Shima.

Ewa semono Ratu Shima ora bakal miyar-miyur anggone ngadeg ing sate­ngahe adil.

Bener apa kang dadi ature Akuwu Ma­ja. Ratu Shima kudu bisa nglungguhake ukum minangka kakuwasan kang pa­ling dhu­wur. Adil mono ora mbau ka­pine. Ora pilih-pilih. Ucap­ucapane upa­ma tangane wis nindakake kaluputan wus samesthine kudu sinempal dhewe. Se­nadyan kapernah putra, sentana kala­mun kudu kapidana iya kudu kapa­trapan paukuman. Cuplak andheng-andheng.

“Yoh, ingsun tampa anggonira gu­gat, para akuwu,” tandhese Ratu Shi­ma. “Sarehne Senapati Wiswasa ka­bukten anggone maling kampil brana picis saka Cina, mula Senapati Wiswasa ingsun patrapi pidana pati!”

“Tadhah duka dalem, kepareng mun­juk, Sri Ratu,” Resi Manubawa nila­krama alon sareh. “Kados pundi teka panjenengan dalem nunten ndhawah­aken pidana dhumateng Senapati Wis­wasa tanpa katintingi prekawisipun kanthi titi premati?”

“Bukti sampun cekap, seksi sampun mitayani, Sang Resi,” tumanggape Ratu Shima.

“Nuwun sewu, tiyang macul ing sa­bin temtu gupak siti, Sri Ratu. Nanging tiyang ingkang gupak siti dereng temtu tiyang macul. Tuladhanipun: tiyang dha­wah ing lendhutan utawi lare alit ingkang dolanan lumpur,” sumambunge Resi Ma­­nu­bawa. “Senajan Senapati Wiswasa mbekta kampil brana picis nanging piyambakipun dereng temtu maling. Awit Senapati Wis­wasa punggawa praja ing­kang tinangge­nah ngawat-awati kampil kasebat, Sri Ra­tu.”

“Lepat pangapunten dalem, Sri Ratu. Mila leres aturipun Kiraka Resi Ma­nubawa,” ature Wiku Dharmakirti sawuse mangan­jali. “Katemtuan wontenipun tumindak me­nika awit wontenipun pi­kajengan. Tan­pa wonten pikajengan mboten saget di­pun­wastani tumindak. Dados Senapati Wiswasa mboten saget dipunwastani ma­ling. Awit piyambakipun mboten gadhah niyat mendhet kampil brana picis kasebat.”

Wiku Dharmakirti banjur asung ge­gam­baran. Wong tani kang lagi macul mangka pacule mateni cacing. Ewa se­mono wong tani kasebut ora bisa diarani mateni cacing.

Jalaran dheweke ora duwe kekarepan mateni cacing. Kaya kang dingendikakake Sang Buddha Gotama: “O, para wiku. Ke­ka­repan kanggo tumindak (-CETTANA) iku kang diarani ‘KAMMA/. Sawuse ana keka­repan, wong banjur tumindak nganggo awak (KAYA KAMMA), pangucap (VACCI KAMMA) sarta pikiran (MANO KAMMA). Kacuplik saka Anguttara Nikaya III:415.

Ratu Shima rada sauntara njegreg. Peng­galihe puteg. Awit bareng ditim­bang­timbang miturut ature Dharmadyak­sa Syiwa-Buddha kanyata Senapati Wis­wasa ora bias……………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan