Dundum Kue Kranjang ing Grebeg Sudiro 2018
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 66 kali

Minangka bangsa kang njunjung dhuwur pluralisme, njaga persatuan lan kesatuan dadi jejibahane kabeh warga masyarakat. Akeh cara digunakake anggone padha njaga rasa persatuan lan kesatuan, salah sijine liwat event budaya Grebeg Sudiro kang ana wewengkon kampung Sudiroprajan, Jebres, kutho Solo.

 

“Ora gampang njaga persatuan lan kesatuan, semono  uga satemene ora angel nindake pakaryan  njaga rasa persa­tuan lan kesatuan. Liwat gotong royong lan budaya,  kabeh prabeda bisa disawi­jekake. Prabeda aja  didadhekake kekura­ngan, nanging dadiya kaluwihan kang mi­gu­nani tumrap bangsa lan Negara,” dhawuhe  Walikota Solo FX.Hadi Rudyat­mo ana ing sambutane nalika mbukak perayaan kirab Grebeg Sudiro taun 2018 sangarepe Pasar Gede Solo.

Kanthi ngusung tema ‘ Nglestarekake Budaya Ngrajut Kebhinekaan’, kirab Grebeg Sudiro dadi puncak perayaan grebeg kang dianakake  warga kampung Sudiroprajan. Perayaan iki saben taun sansaya ngrem­baka pelaksanaane, akeh warga masya­rakat ing kampung kampung kutha Solo padha melu ngramekake kirab budaya Grebeg Sudiro. Miturut Bul Hartomo mi­nangka pangarsa panitia perayaan budaya Grebeg Sudiro taun 2018, ana gunggung cacah sewu limang atus pawongan melu kirab Grebeg Sudiro.

“Grebeg Sudiro kang uwis dianakake tumeka kaping sewelas iki dadi bageyan perayaan mapag tumekane taun anyar Imlek,” ujare Hartomo ngandhakake

 Mula liwat tema kang diusung, imbuhe Hartomo, warga masyarakat kampung Sudiroprajan melu andil nglestarekake budaya lan nyawijekake manekawerna prabeda dadi destinasy wisata ana kam­pung Sudiroprajan. Taun iki panitia kirab ngedumake kue kranjang cacah patang ewu kang ana maneka werna jodhang lan gunungan.

Ana jodhang omah dinas Walikota Solo Loji Gandrung, jodang Monumen 45 Banjarsari, gunungan Pagoda lan jodang  liyane. Kue kranjang kang awujud jodang lan gunungan sak rampunge dikirab banjur di dumake warga masyarakat ana ngarep Pasar Gede Solo. Iring iringan mlakune kirab Grebeg Sudiro diwiwiti saka pelataran tugu jam Pasar Gede. Diwiwiti saka Jl. Jenderal Sudirman – Jl. Mayor Kusmanto  nganti tumeka prapatan Lowji Wetan - Jl.Kapten Mulyadi – Jl. RE. Martadinata – Jl. Juanda, banjur balik maneh menyang pelataran tugu jam Pasar Gede.

Iring-iringan kirab ora mung dieloni ko­munitas budaya saka Kalurahan lan ke­lompok sadar wisata ing kutho Solo, nanging potensi seni budaya, kuliner lan usaha duweke warga kampung Sudiro­prajan kabeh dietokake melu kirab Grebeg Sudiro 2018. Potensi kesenian ana ke­lompok seni budaya Sekolah Dasar Warga, paguyuban reog Mojosongo, Pagar Nusa Nahdlatul Ulama, musik bambu Kalurahan Joyontakan, wanita Nusantara duweke war­ga kampung Sudiroprajan kang isine kenya ayu ngagem maneka werna busana tradhisional  Nusantara.

Wanita Nusantara mujudake kebhin­nekaan kang manunggal ana sak jroning kebudayaan, sosial lan ekonomi warga masyarakat Sudiroprajan. Kemanunggalan rasa persatuan lan kesatuan kanggone warga kampung Sudiroprajan, bisa gawe ayem tentrem panguripane. Ayem, ang­go­ne urip sarwa ora kurang, kebutuh­ane kacukupan. Gotong royong bareng , sing abot dadi enteng, sing enteng san­saya gampang. Tentrem, anggone be­brayan ora pepinggetan amarga keru­kunan tansah di jaga dening warga. Ayem lan tentrem ing tembe bakal nuwuhake gemah ripah loh jinawi, gampang anggone golek sandhang pangan saengga bisa  mujudake sejahtera tumrap warga masyarakate.

Kejaba potensi seni budaya duweke war­ga kampung Sudiroprajan, potensi kuliner lan wirusaha kaya ta panganan Bak Pau, Kecap, Apem, Onde onde, Gembu­kan, Janggelut, woh wohan lan sapa­nunggalane diracik dening warga Sudi­roprajan nganggo jodhang lan gunungan kirab Grebeg Sudiro. Apem diracik lan ditata ana ndhuwur encek didadekake gu­nungan, semono uga panganan. Ora ke­ting­galan asil usaha kecap kedelai duweke warga kampung Sudiroprajan melu di racik didadekake gunungan. Atusan kecap bung­kus plastic ditata ana ndhuwur encek didadekake gunungan.

Ranto salah sijine warga Sudiroprajan kang melu ngusung gunungan kecap ngandhakake, gunungan kecap pinangka simbol asil bumi kang uwis dadi wirausaha duweke warga kampung Sudiroprajan. Gu­nungan kecap ora mung mujudake rasa syukur marang alam, nanging wujud syukur tumrap kanugrahane Gusti kang diparingake warga kampung Sudiroprajan.  Liwat kanugrahan wirausaha, Gusti menehi  pakaryan marang pa­wongan kang padha ora ndu­weni panggaotan. Liwat ka­nge­rahane asil bumi, masya­rakat bisa mangerteni nikmat kang diparingake  Gusti  ma­rang umate.

“Taun iki akeh jodang lan gunungan unik melu iring- iringan kirab,” ujare Hartomo ngandhake maneka werna peserta kirab

Jodhang  omah dinas Wali­kota Solo Loji Gandrung lan Monument 45 Banjarsari kang isine kue kranjang imbuhe Hartomo, modhele unik nanging nengsemake. Jodhang iki digawe kaya dene maket pembangunan, komplit diwenehi pager lan relief para pejuang na­lika perang lawan penjajah. Semono uga jodhang omah dinas Loji Gandrung, sisih ngarep diwenehi patung kaya dene rupa asli omah dinas Walikota Solo. Ing sisih kiwa lan tengene jodhang Loji Gandrung lan Monumen 45 Banjarsari, kue kranjang cacah ewon ditemplekake ana jodhang. Pungkasane acara kirab, kue kranjang ca­cah ewon didumake kanggo warga ma­syarakat kang padha nonton kirab.

Jodhang pagodha lan seni reog saka Kalurahan Mojosongo, potensi wisata lan seni budaya kang melu iring iringan kirab Grebeg Sudiro. Pagodha Mojosongo wektu iki dening Pemerintah kutha Solo lagi di­ung­gah pinangka potensi wisata ing kam­pung Mojosongo. Anggone nggawe gunu­ngan pagodha nduweni karep, ngenalake potensi wisata menyang warga masya­rakat kabeh.

Wektu iki akeh masyarakat durung ma­ngerteni menawa ing kampung Mojosongo ana wewangunan awujud Pagodha. Pago­dha Mojosongo mapan ana njero kampus II ISI Surakarta. Sak durunge dibangun kanggo kampus Institut Seni Indonesia Surakarta, papan pekarangan kampus ISI jaman ndhisik lahan kuburan etnis Tiong­hoa. Nanging wiwit digunakake kanggo pembangunan kampus, kuburan etnis Tionghoa dipindhahake dening ahli warise menyang papan panggonan sing anyar.

Maneka werna iring iringan kirab ora mung dieloni potensi seni budaya tradhi­sional kearifan lokal, nanging seni barong­sai, liong lan warga etnis keturunan kang nganggo busana dewa dewi Tionghoa uga melu kirab Grebeg Sudiro. Kebersamaan ana ing kirab Grebeg Sudiro pinangka cara ngrajut tali kebhinnekaan warga Sudiro­prajan lan warga masyarakat kutha Solo umume. Kampung Sudiroprajan bisa di­ara­ni kampung multi etnis ing kutha Solo, warga masyarakat asli lan et­nis keturunan Tionghoa nya­wiji reraketan tetanggan ana ing kampung Sudiroprajan.

Saben taun perayaan Gre­beg Sudiro melu andil dadi ba­geyan perayaan mapag tu­mekane Imlek.Taun 2018 iki, perayaan Grebeg Sudiro dira­mekake festival kuliner, page­laran wayang beber, pando­nga umbul mantram lan kirab Grebeg Sudiro. Pemerintah kutha Solo liwat dinas terkait melu nyengkuyung nyukses­ake perayaan Grebeg Sudiro lan nyambut taun anyar Imlek. Keistimewaane perayaan Grebeg Sudiro taun iki, panitia ngenengake lomba perahu ana kali Pepe. Puluhan peserta saka laladan ing kutha Solo melu andil lomba perahu, wiwit saka dermaga Pasar Gedhe nganti tumeka dermaga Lojiwetan.

Di kandhakake, lomba perahu kanggo  ngelingake transportasi bahari sing nate ana ing kutha Solo. Uwis kaserat dening sejarah, kali Pepe dadi salah sijine akses mlebu metu para pedagang menyang kutha praja, mligine pedagang saka negara China. Sejarah iki uga dicathet ana ing njero Klenteng Pasar Gede kang nduweni patung dewa laut, dewa keselamatane para nahkoda lan anak buah kapal.  Bab iki mratandhani, menawa dermaga pasar Gede dadi lawang utama para pedagang saka mancanegara. Kawiwitan jaman makuna kuna, sansaya suwe akeh warga etnis Tionghoa manggon sakiwa tengene dermaga Pasar Gede lan campur  dadi siji karo warga asli.

Run temurun nganti tumeka saiki kawasan sakiwa tengen pasar Gede banjur katelah aran kampung pecinan utawa kampung multi etnis. Balai besar wilayah sungai Bengawan Solo, minangka instansi kang wenang ngatur ngenani babagan kali Bengawan Solo lan kali kali cilik liyane, uga melu nyengkuyung lomba perahu kanggo cara ngletariake lan ngemutake transportasi bahari ing kutha Solo.  Panyengkuyung diwujudake kanthi cara menehi kebutuhan debit banyu kali Pepe kanggo lomba perahu.

Kekarepane Pemerintah kutha Solo, ing tembe  ora mung wektu perayaan Grebeg Sudiro lan Imlek kali Pepe diuripake kanggo wisata, nanging saben ndina kali Pepe bisa terus dimanfaatake kanggo destinasi wisata. Pembangunan talud lan pengerukan terus ditandangi dening dinas terkait, saperlu ndadekake kali Pepe resik lan apik kanggo pariwisata.

Wengi sadurunge kirab Grebeg Sudiro dileksanakake, panitia luwih dhisisk nganakake pandonga bebarengan para pamuka lintas agama.Saperlu nyenyuwun marang Gusti anggone ngleksanakake perayaan Grebeg Sudiro dilancarake sakabehe. Pandonga lintas agama uga nyeyuwun marang Gusti  amrih warga masyarakat  diparingi karaharjan, tentrem lan ayem. Pandonga lintas agama mapan ana Buk Teko ing kampung Sudiroprajan, papan sujarah tinggalane Sinuhun PB X saka Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat.

Rampung pandonga lintas agama, diterusake pandonga umbul mantram lan pagelaran wayang beber. Pandonga umbul mantram miturut Mpu Brojodingrat diba­barake pinangka salah sijine cara memayu hayuning bawana. Njaga keselarasanae jagat cilik lan jagad gedhe, njaga alaming manungsa lan alame leluhur. Pandonga umbul mantram ora mung cukup kidung mantram, nanging ana uba rampe jejang­kepan kang kudu dicawisake minangka simbol lan wujud regalia penyuwunan warga masyarakat Sudiroprajan.

Woh wohan saka uwit kang tinandur, panganan asil olahan budayane manungsa lan manek awerna palawija simbol ke­ihklasane warga masyarakat Sudiroprajan anggone menehi sedhekah. Sedhekah ora kudu nganggo duwit, nanging tenaga lan pamikiran uga klebu aran sedhekah. Makna kang kinandhut ana ing sedhekah, rasa ihklas lan narima. Akeh pawongan bisa ngucapake rasa syukur marang Gusti kanthi cara pangucapan, nanging ora kabeh pawongan bisa mujudake rasa syukur marang Gusti kanthi cara sedhekah. Amarga kudu ngikhlasake bandha, wektu lan sak panunggalane.

Tombak pusaka Sudiropraja dhapur gunungan, pamor pedaringan kebak, rinengga  melati rinonce saben taun diarak muteri kampung Sudiroprajan nalika perayaan grebeg dileksanakake. Upacara ritual iki nduweni makna, nyelarasake manungsa marang Gusti lan manungsa marang alam semesta. Awit saka ke­selarasan bakal nuwuhake katentreman lan kamulyan tumrap warga masyarakat Sudiroprajan. Rinengga melati rinonce dibabarake dadi simbol arume bebrayan warga masyarakat ing kampung Sudiro­prajan.

Kabeh upacara ing Grebeg Sudiro ngemu kekarepan tumrap rasa syukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Anggone memangun kabudayan grebeg ing tembe warga masyarakat kepingin, bisa ninggali kabudayan luhur marang putra wayah, saengga piwulang luhur be­brayan ageng  bisa tansah lestari senadyan amung kasirat lestari ana ing perayaan Grebeg Sudiro.

(Djoko Judiantoro)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!