Seri Patilasan Majapahit ing Gunung Kidul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 56 kali

Pasareyane Kyai Mendhung Ponjong Pawang Udan

Miturut sejarahe, Ponjong nate dadi ibukota Gunung Kidul sing sepi­sanan, sakdurunge kaboyong menyang Wono­sari. Sajake mujudake papan sing paling narik ati mungguhing para piyayi Ma­japahit sing keplayu saka Majapahit. Ing kono tinemu sawatara tapak tilas ma­japahitan. Ing antarane yaiku pasareyan Kyai Mendhung.

Dumunung ana ing Padhukuhan Ngabe­yan Kidul, Desa Karangasem. Kapernah ana ing sisih lor dalan desa arah Bedoyo. Saka kantor Kecamatan Ponjong arahe ngalor ngetan, adohe watara 3 kilome­ter. Golekane ora angel. Tinengeran uwit sikas sarta uwit serut sing tuwuh ana ing pasareyan iring kulon.

“Manawi jaman rumiyin, papan mriki katuwuhan uwit kathah Mas,” mang­­kono pratelane mbah Trisno Suwito (75) warga Ngabeyan Kidul sing kajibah ngrukti kahanane pasareyan marang PS.

Uwite wis dha ditegori. Amrih ora gawe rusak maejan sarta kahanane pasareyan katon lega resik. Saka sa­wernane uwit sing nate tuwuh, ana sing nenarik ati, yaiku uwit timoho. Tuwuh ana ing tengah pasa­reyan. Kapernah sisih wetan uwit serut. Masyarakat kono ngarani uwit gentungan.

“Uwitipun ageng sanget Mas, tiyang kalih mawon boten nyakup,” mbah Trisno nerangke.

Sanajan umure tuwa, nanging ora pati dhuwur. Watara limang meteran. Merga asring diponggangi utawa dipronggol bageyan pucuke. Jaman biyen dadi tetenger pasareyan. Merga umure wis tuwa, akeh bageyan sing growong. Wiwit ngisore cedhak tunggak nganti tekan bageyan pucuk.

“Panggenan ingkang growong asring kangge nusuh bethet,” imbuhe mbah Tris.

Mung wae mbah Tris ngaku wis ora kelingan, taun pira nalika uwit timoho iku mau mati sarta banjur pepokoke uwit entek merga dipangan rayap wana. Jinis rayap sing dhemen memangan nganti tekan pucuk uwit. Ora mung uwit sing wis mati, sing isih urip kadhangkala uga dimangsa.

“Manawi nuju pungkasan mangsa rendheng, godhongipun katingal ngrem­buyung,” ujare mbah Trisno.

Godhonge sing bentuke meper  go­dhong waru, asring digunake minangka sarana usada lara mripat. Carane usa­da, godhong sawatara lembar dikumbah resik, banjur digodhog utawa cukup diecom ing banyu. Sawise umob, ba­nyune dijarne luwih dhisik sawatara wektu. Sakwise adhem nembe kanggo masuh mripat.

“Saged ugi godhong ingkang garing dipunbakar, awunipun kacampuran toya, kasaring, lajeng kangge ngram­bang mripat ingkang sakit,” ujare mbah Trisno.

Emane babar pisan ora ana thu­kulane uwit timoho. Kamangka paran dununge wigati. Awit dadi salah siji tetenger menawa ing papan kono tinemu pasareyan utawa patilasan saka jaman Majapahitan, gathukane kalawan piyayi sing keplayu.

Dene paran dununge uwit serut uga asring digathuke kalawan pasa­reyan utawa patilasan Majapahitan. Mung wae ora kabeh. Mligi ana ing sawatara papan. Upamane sing tuwuh ana ing tilas patapan Kyai Tunjung ing Padukuhan Tunjungan, Caturharjo, Pandak Bantul.

“Mila uwitipun serut lajeng tansah kajagi,” mbah Trisno nerangke kanthi mantep.

Semono uga uwit pakis sing tuwuh ana ing sisih wetan uwit serut, kepara rada ngalor. Tansah jinaga amrih lestari. Bonggole wis mrengkel bunder-bunder ngayu kukuh ngayomi sawatara maejan. Apa maneh godhonge asring dijaluki tangga desa dienggo gawe pasren nuju ana warga sing tilar donya.

Ana ing sisih wetane uwit pakis dunung pasareyane Kyai Mendhung. Wis diwenehi payon prasaja kanthi cecagak papat ana ing pojokan. Gendhenge cara pomahan jaman biyen. Maesane saka kayu jati sarta kalurupan kain mori putih sawatara lapis. Jubine sisih njaba wis diwenehi keramik mubeng.

“Waunipun badhe kaparingan cung­kup mawi tembokan, nanging eyang mboten kersa,” mbah Trisno nerangke.

Bab iku dingandikake eyang marang Mbah Tris ana ing sak jrone pangimpen. Durung cetha apa sing dadi jalarane ora kersa kaparingan cungkup ngang­go tembokan. Mbok menawa ana ga­thukane ka­lawan paran dununge pasa­re­yan sing sa­yekti.

“Ngandikane eyang, pasa­re­yan menika jan-janipun namung kangge nyimpen awu,” ujare mbah Trisno.

Lire dudu pa­sareyan kalumrah kanggo methak layon mungguhing ma­sya­rakat Jawa jaman saikine. Dene awu iku kadu­ga bageyan saka awu layone eyang sakwise ka­besem. Tradhisi sing ka­lumrah dianake dening ma­syara-kat Majapahit sajrone ngrukti kahanane layon. Cara wong Bali, ngaben. Utawa kremasi cara wong modern.

“Manawi pasareyan ingkang asli, ngandikane para sepuh wonten Gimeng,” imbuhe mbah Tris.

Gimeng, aran saweneh gumuk uta­wa gunung kapur. Paran dununge ka­pernah ana ing sisih lor kulon Ngabeyan Kidul. Nanging Mbah Trisno ngaku ora ngerti paran dunung sing sak nyatane kabawah Padukuhan utawa Desa ngendi.

“Para sepuh mboten nyanjangake,” ujare mbah Trisno.

Semono uga maejane, ora oleh  diganti nganggo wa­tu. Wujude saka rerakit balok kayu jati ngapit balok gedhe ing sisih tengahe. Nanging eyang isih nayog­yani, menawa diganti sarta dianyarake nganggo kayu. Sokur bage digawe saka galihe kayu sing atos. Kanthi mangkono luwih awet, mer­ga ora tedhas dipangan rayap.

“Welingipun eyang me­ka­­ten mas, mila maesan­ipun tetep saking kajeng,” imbuhe mbah Trisno.

Ngenani asma Kyai Mendhung, mu­jud­ake asma sesinglon sakjrone ana ing paran. Tujuwane nganggo asma sesing­lon, amrih sakjrone ana ing paran aman. Miturut gotheking para luhur, jaman sugenge, Kyai Mendhung kago­long piyayi linuwih ing ulah kanuragan apadene kabatosan.

“Kacariyos nggadhahi kasagedan nolak mendhung, mila lajeng kasebat Kyai Mendhung,” ujare mbah Trisno.

Nolak mendhung kalumrah katindake nalika mangsa rendheng nuju ana ma­syarakat nembe duwe gawe. Dene su­wa­like nuju mangsa katiga, bisa nekake utawa mindhahke mendhung saka papan liya tumuju wewengkon Ngabeyan. Paran dununge kadidene pawang udan.

“Tujuwanipun supados siti mriki saged kajawahan,” imbuhe mbah Trisno.

Tumrap ulah kabatosan, Kyai Mendhung kasuwur baud anggone ngulir samadi maladi hening. Dhimen tapa ana ing guwa utawa sak pinggir tlaga. Kacarita papan sing asring ditekani yaiku Guwa Paesan ing Tambakromo, Pon­jong. Dununge cecaketan tapel wates DIY Wonogiri. Saka kutha Wonosari adohe 25 kilometer.

“Guwa Paesan menika kangge memaes diri pribadi,” ujare mbah Trisno.

Memaes diri sing dikarepake yaiku upaya njaga kahananing rasa, amrih tansah bisa resik saka saliring rereged. Lire bisa kadunungan rasa jati, kahanan rasa kadidene rasa duweke bayi sing mentas wae lair. Durung kena pengaruh mobah mosiking ndonya sarta saliring pepinginan.

Dene asma asline, miturut ngandi­kane para luhur yaiku Raden Jaka Kusu­ma. Nyebute wong Ngabeyan, den Kusuma ngono wae. Nitik saka asmane migunake asma gelar raden, dinuga  isih klebu putra Sinuhun Brawijaya pungka­san ing Majapahit.

“Namung kemawon dereng cetha, putra ingkang nomer pinten,” ujare Mbah Trisno.

Sing cetha, saben dina Jumuah Legi masyarakat ajeg ngadani kagiyatan re­resik pasareyan. Mbah Trisno pribadi du­we pepinginan nedya nandur uwit timoho ana ing pasareyan. Mung wae durung ngerti kapan, soale durung entuk bibite. Muga wae enggal kaleksanan. Sa­engga bisa kanggo tetenger menawa pa­pan kono ana gegayutane karo Majapa­hit. n

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…