Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (18)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 11 kali

V. Wates Tawa lan Asin

(1). Banyu lan panguripan. Ngrem­bug babagan banyu tawa lan ba­nyu asin, Allah wus kepareng paring dha­wuh, mangkene maksude:

“PanjenengaNe wus kepareng ngum­bar Segara loro, asin lan tawa. Sakarone padha reruntungan. Saantarane Segara lo­ro mau ora bisa terus ngliwati siji ma­rang sijine. He manungsa lan jin! Sebab apa sakaronira padha maido nikmat pa­paringe Allah Pangeranira. Wetuning mu­tiara lan merjan iku hiya saka ing Se­gara loro mau. He manungsa lan jin! Se­bab apa sakaronira padha maido nikmat pa­paringe Allah Pangeranira. Panjene­ngaNe kagungan perahu gedhene sa-gunung-gunung padha digawe, sarta banjur le­layaran ana ing Segara. He ma­nungsa lan jin! Sebab apa sakaronira padha maido nikmat paparinge Allah Pangeranira!” (Q.S.Ar-Rahman (55): 19-25).

Mangkono Allah wus kepareng pa­ring pepenget marang manungsa lan jin, tum­raping nikmat kang kepareng ka­paringake marang kekarone, ora padha muji syukur marang Allah PangeraNe. Banyu mono mu­judake sumber pangu­ripan. Tanpa ana­ne banyu ora bakal ana panguripan. Ing antarane sekabehing Planet  kang ana ing tata surya iki, Bumi satemene dudu siji-si­ji­ning Planet sing ngandhut banyu. Mung bae blegere (ben­tuk) banyu secara kimi­awi, wujude banyu ing Planet liya, iku arupa barang (benda) padhet, es lan gas (uap). Dene wujud kimiawi banyu sing be­ner-bener dibutuhake tumraping pangurip­an, yaiku barang (benda) cuwer.

Dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Apa wong-wong kafir iku ora padha su­murup! Lan satemene Langit-langit lan Bumi asale dhempet (gembel), dadi siji. Tumuli Ingsun kepareng pisahake! Lan Ing­sun wus kepareng nitahake kabeh barang kang urip iku (asale) saka banyu. Apa dheweke padha ora gelem iman?” (Q.S.Al-Anbiyaa (21):30).

Gegandhengan karo babagan iku, mung Allah PanjenengaNe sing Maha Prik­sa, sarta Maha Ngawuningani wer­dine, ya gene Allah PanjenengaNe ke­pareng milih Bumi, iku minangka pa­nguripan manungsa. Kabeh wus diatur saka keparenging Allah. Banyu iku sing mujudake sumber pa­nguripan iku, Allah wus kepareng Hanyipta luwih-luwih ana ing  lumahing Bumi, nutupi 70% lumahing Bumi. Allah, PanjenengaNe wus kepa­reng Hanyipta banyu dumadi sa­ka rong rasa, yaiku banyu tawa lan banyu asin. Banyu tawa umume sumimpen ana ing dharatan, becik ana ing Telaga utawa ing kali-kali, utawa arupa sumber ing sajerone lemah, sing bisa diombe dening manungsa sarta sekabehing makhluk urip ing dharatan.

Segara mono ora mung minangka papan penampungan banyu ing Bumi, kanthi banyu asine mujudake habitat se­kabehing makhluk urip sing nyedhiyakake sawernaning nutrisi kang mirunggan (penting), sing banget dibutuhake dening makhluk urip sing ana ing dharatan. Ka­jaba saka iku uga dadi piranti (media) utama sajerone lumaku proses dumadi­ne sawernaning rerenggan sing ndar­beni pengaji estetika kang mirunggan (utama) tumraping manungsa. Ing ba­bagan iki bakal diaturake piguna lan manfa’at banyu tawa lan banyu asin.

 

(2). Sekabehing kang urip cinipta saka banyu. Banyu mono satemene dumadi saka rong atom hydrogen, sarta  siji atom oksigen (H2O). Struktur mo­lukule sama­dya banget, nanging ndar­beni watak (ka­rakteristik) fisik sarta ki­miane sing ngedab-edabi (luar biasa). Kaunggulane sing di­perlokake dening makhluk urip, yaiku nglarutake (mela­rutkan) sing migunani banget tumraping panguripan. Trep karo dhawue Allah, mangkene maksude:

“Apa wong-wong kafir iku padha ora sumurup, manawa satemene Langit-langit lan Bumi iku asale dhempet (gem­bel) dadi siji. Tumuli Ingsun kepareng pisahake lan Ingsun wus kepareng ni­tahake barang kang urip iku saka banyu. Apa dheweke padha ora gelem iman? (Q.S.Al-nbiyaa(21):30).

Makna kang kinandhut ana ing ayat kasebut, miturut DR.Zaghlul an’Najjar, Ulama lan Ilmuwan Muslim nerangake, manawa telung babagan kang kinandhut ing ayat kasebut, yaiku:

(a). Banyu mono wiwit cumepak (ana) sadurunge sekabehing organisme urip sing liyane, iku tumapak. Umure Bumi iku di­nuga (diperkirakan) watara 4,6 miliar taun.

Dene fosil sing paling tuwa, saka ma­khluk urip sing nate ditemokake, umure watara 3,8 miliar taun. Iku te­gese, sa­durunge ana panguripan paling awal ing lumahing Bumi, ana tenggang (rentang) wektu kanggo persiapan, sa­durunge Bumi bisa dipanggoni (mene­rima kehidupan) watara 800 yuta taun. Lha nalika wektu sadurunge Bumi bisa dipanggoni dening manungsa lan makh­luk urip liyane, Allah wus kepareng Ha­nyipta Gunung geni (Gunung berapi), kan­thi aktifitas fulkanike, sing njalari duma­dine telung lapisan dha­sar Bumi, sing nyengkuyung marang pa­nguripan, yaiku sing karan litosfer, hidros­fer lan atmosfer.

(b). Allah kang wus kepareng Ha­nyipta panguripan kang kawitan ana ing banyu. Sebabe, hiya ing tataran banyu mono mujudake lingkungan kang paling trep sarta paling aman tumraping pa­nguripan. Panalitian ing babagan Paleon­tologi nu­duhake, panguripan ing dhasar Segara njedhul kanthi rata, dinuga wa­tara 3,36 miliar taun sadurunge muncul jinis tetu­wuhan kang kapisn ing dha­ratan.

(c). Asil panaliten.

Asil panaliten para ahli geologi mau mbuktekake, manawa ciniptane tetu­wuhan lumaku sadurunge ciniptane jinis kewan. Mula saka iku, ciniptane tetu­wuhan dhasar Segara uga dumadi (ber­langsung) sa­durunge ciniptane kewan ing dhasar Se­gara. Semono uga cinip­tane tetuwuhan ing dharatan, uga du­madi sadurunge ciniptane kewan dha­ratan. Dadi seka­behing jinis panguripan iku cinipta sadu­runge ciniptane ma­nungsa. Sebabe ma­nungsa mono mbu­tuhake tetuwuhan lan kewan, minangka sumber nutrisi. Lha manungsa lan kewan mau padha guman­tung marang tetu­wuhan, minangka kon­sumsi. Kajaba sa­ka iku, tetuwuhan mono ndarbeni jeji­bahan (fungsi) kang mi­runggan (pen­ting) ing dalem nyedhi­yakake oksigen kang banget dibutuhake kanggo ambegan tumraping makhluk urip.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…