Sejarah Nusa Barong
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 59 kali

Nusa Barong mujudake pulo cilik kang mapan sakidule Kabupaten Jember. Pulo sing nduweni sesawangan endah iki ambane mung 6100 hektar. Ing sawa­like kaendahane sapa ngira yen pulo iki nate oleh  sebutan medeni sarta nduweni sejarah dawa.

Ing jaman biyen, warga kang dedu­nung ing Banyuwangi nyebut pulo Nusa Barong iki kanthi sebutan Pulo Kege­lapan. Sebutan kaya mangkono merga ana sing nganggep Nusa Barong papan dununge bangsa setan lan lelembut sing sok ngganggu gawene manungsa.

Rikala pengaruh Walanda tekan ing laladan iki. Pihak Walanda ngadhopsi panyebutan pulo Nusa Barong. Jenenge pulo Barong diganti Pulo Kejahatan. Sebutan kaya mangkono diwenehake amarga pihak Walanda nduweni panemu pulo Nusa Barong mujudake papan du­nunge pawongan kang kepengin mbron­tak marang Walanda, penye­lundup, lan pawongan kang dianggep ndu­we ren­cana ala utawa kepengin ngrusak keutuhan kekuwatane pihak Walanda ing pulo Jawa mligine ing pulo Jawa sisih Wetan.

Anane anggepan kaya mangkono dilandhesi saka perang antarane prajurit saja Blambangan lan VOC kang dumadi ing sakupeng  1767-1773. Ing perang kasebut, prajurit Blambangan kang isine saka wong Jawa lan wong Bali, sing kasoran perang akeh sing padha singidan ing pulo Nusa Barong.

Ing jaman kuwi, saliyane prajurit kang kalah perang, pawongan kang mapan ing pulo Nusa Barong jinise maneka werna. Nanging akeh-akehe wong sing mapan ing pulo Nusa Barong iki nduwe penggaweyan pedagang gedhe. Para pedagang kang milih mapan ing pulo Nusa Barong iki asale saka maneka dhae­rah ing Indonesia kaya ta Bugis, Beng­kulu, Bali, Jawa, Sumbawa, lan isih akeh maneh liyane.

Sadurunge Blambangan ditelukake dening pihak VOC, pulo Nusa Barong mu­judake salah siji papan wigati kang­gone Blambangan lantaran pulo iki nga­silake prodhuk-prodhuk sing dadi sum­ber perekonomian ing laladan Blam­bangan. Pulo Nusa Barong manut ca­thethan sejarah pulo Nusa Barong mujudake papan kang ngasilake susuh  wallet  lan lilin sing wektu aku akeh banget peminate.

Pihak VOC dhewe lagi mlebu ing pulo Nusa Barong iki rikala taun 1768. Tekane pihak VOC ing pulo Nusa Barong iki kanggo mbangun benteng pertahanan. Benteng kasebut dibangun kanggo nga­wekani anane penyelundhupan saka pedagang kang ora gelem nyambut gawe bebarengan klawan pihak VOC.

Tekane VOC menyang Pulo Nusa Barong nuwuhake anane pecah kongsi tumrap para pedagang kang mapan ing Pulo Nusa Barong. Sauntara pedagang ana sing sarujuk lan ana pedagang kang ora sarujuk, pedagang sing sarujuk iku mau tundhuk tanpa nindakake perlawa­nan. Ngenai perlawanan sing ditindak­ake dening pedagang mau mung sawates protes. Tumindak sing kaya ngene dipilih jalaran pedagang mau sadhar marang kekuatane dhewe kang dianggep ora bakal bisa kanggo nglawan kekuawatane VOC.

Pedagang sing sarujuk iku ing anta­rane yaiku Sindukapa. Dene pedagang sing mrotes benteng kang dibangun dening pihak VOC iku mau yaiku Sindu­brama. Gandheng taun kasebut mba­rengi menange pihak VOC kalane perang mungsuh Pangeran Wilis, pihak VOC banjur narik para prajurit kang mapan ing benteng mau.

Penarikan para pasukan VOC mau digunakake dening Sindubrama kanggo merjaya Sindukapa kang sejatine isih bapak kuwalone. Tumindak kaya mang­kono ditindakake dening Sindubrama merga dheweke nganggep bapake kuwalon wis dadi antheke VOC.

Ing taun 1771 ana pemberontakan maneh kang dumadi ing Blambangan. Pem­berotakan kasebut ditindakake de­ning Rempeg utawa Jagapati. Kang dadi anak buah utawa prajurite Rempeg iki mau yaiku para pawongan saka Bugis, Bali, lan Cina kang ora se­neng marang kaputusane VOC. Emane pemberon­takan mau yen diukur saka keku­watane ora sa­babag klawan kekuwatan kang diduweni dening VOC. Mulane su­we­ne  pemberon­takan iku mau kurang luwih mung setaun. Udakara taun 1772 pembe­rontakan kasebut kasil disi­rep  dening VOC.

Rikala pemberontakan kasebut sirep, akeh ba­nget para pemimpin uta­ma pem­berontakan mau kang mlayu menyang Pulo Nusa Barong. Para pe­mim­pin pemberonta­kan mau kayata Endo, Larat, Rupa, Wilonda, Simprong, lan Kapulaga. Pawongan iku mau mlayu menyang pulo Nusa Barong kanggo singidan.

Kabar singidane para pemimpin pem­berontakan mau ing Pulo Nusa Barong ndadekake pihak VOC ngirim mata pita kanggo nylidhiki bener orane kabar kasebut. Kanggo mesthekake kabar kasebut ngirim mata pita menyang Pulo Nusa Barong, sing mrentah  Komandan Walanda Gitem. Kedadeyan kasebut dumadi ing wulan Agustus 1772. Cacahe mata pita kang dikirim ana telu. Nanging sauntara wektu mata pita cacah telu iku mau ora bali lan ora menehi kabar ma­rang atasane. Kahanan kasebut dumadi jalaran mata pita cacah telu iku mau kasil karangket dening Sindubrama.

Merga mata pita cacah telu mau di­anggep ‘ilang’. Pihak VOC ngirim maneh mata pita cacah loro menyang Pulo Nusa Barong. Kaya kang dikarepake, mata pita cacah loro iku mau kasil aweh kabar kang nyenengake tumrap pihak VOC. Mata pita cacah loro iku mau ngabarake yen mata pita cacah telu kasil karangket lan pemimpin ‘asli’ Pulo Nusa Barong kang gelem nyambut gawe bareng klawan VOC wis diperjaya dening Sindubrama.

Tekane kabar kasebut mesthi wae gawe pihak VOC muntab. Jalaran Sindubrama wis nindakake tumindak kang nyalahi aturan. Pihak VOC nduweni ancangan kanggo ngirimake sawetara pasukan kanggo ngrangket Sindubrama.

Eloke, Sindubrama krasa yen tumindake merjaya bapake kuwalon bakal ndadekake nesune pihak VOC. Kanggo ngawekani nesune pihak VOC sing bisa gawe nasibe pindha endhog ing pucuke kebo. Sindubrama banjur nindakake kerja bareng klawan pedagang-pedagang sing ora seneng marang pihak VOC.

Pedagang sing ora seneng klawan pihak VOC sing teka menyang Pulo Nusa Barong kanggo nindakake aktivitas perdagangan ditawani  kang kapetung nguntungake. Marang para pedagang sing teka menyang Pulo Nusa Barong. Sindubrama nawani  sapa wae peda­gang sing gelem aweh pambiyantu ma­rang dheweke kanggo njaga Pulo Nusa Barong supaya ora direbut dening pihak VOC bakal diwenehi palilah mbangun omah ing Pulo Nusa Barong.

Salah siji pedagang sing ketarik marang iming-iminge Sindubrama iki mau yaiku Nahkoda Sabak. Nanging merga ing wektu iku Nahkoda Sabak isih kudu nindakake pelayaran. Mula dhe­weke banjur ngutus anak buahe kang aran Juragan Sani kanggo aweh pam­biyantu marang Sindubrama. Amrih Juragan Sani bisa nindakake tugase kanthi becik. Nahkoda Sabak menehi Juragan Sani sawetara keperluan perang kayata senjata api lan sawetara amunisi.

Emane kalane oleh maneka keper­luan perang saka bendarane. Juragan Sani malih nduweni keka­repan kanggo ngrebut Pulo Nusa Barong kanggo kepentingane dhewe. Ju­ragan Sani njaluk Pulo Nu­sa Barong saka Sindubra­ma. Merga kalah gaman Sindubrama nyerah­ake ngo­no wae Pulo Nusa Ba­rong me­nyang Juragan Sani.

Sawise oleh Pulo Nusa Barong lan manggon ing pulo kasebut ana benteng perta­hanan sing isih ku­kuh. Jura­gan Sani banjur nganakake sesambungan klawan mitra­ne supaya nggolekake gaman sing luwih akeh maneh. Usaha kang ditindakake dening Juragan Sani iki mau bisa aweh asil kang nyeneng­ake. Jalaran saka usahane iku mau Juragan Sani kasil oleh 60 iji sen­jata api, telung ton bubuk mesiu, lan meriem cilik cacah papat.

Kabeh tambahan gaman iku mau dening Juragan Sani dipapanake ing benteng kang ditinggalake dening pihak VOC. Saliyane golek gaman, Juragan Sani uga golek tenaga bayaran sing gelem perang klawan pihak VOC.

Sauntara iku kabar ngenani Juragan Sani kang dadi pemimpin ing Pulo Nusa Barong kasil dirungu dening pihak VOC. Gandheng ana salin panguwasa iki mau nuwuhake pepinginane VOC kanggo ngajak Juragan Sani makarya bebare­ngan. Ngenani pepinginane pihak VOC iki mau diwujudake kanthi dikirime utu­san cacah loro menyang Pulo Nusa Barong.

Utusan cacah loro iku mau saliyane kanggo ngomongake babagan kerja sama. Utusan cacah loro iku mau diajab bisa njaluk Sindubrama kang dibiji wis nduwe salah menyang VOC saka Juragan Sani, rencanane Sindubrama bakal diga­wa menyang pengadilan. Emane kalane utusan cacah loro mau kasil tekan Pulo Nusa Barong. Juragan Sani, Sindubra­ma, lan sawetara penggedhe ing Pulo Nusa Barong  padha lunga menyang Ma­ta­ram kanggo tuku bahan pangan kanthi cacah akeh. Bahan pangan iku ora kang­go didol nanging digunakake stok pa­ngan tumrap prajurit bayaran lan sapa wae kang ndhukung rencanane Juragan Sani.

Saliyane golek pangan, lungane Ju­ragan Sani, Sindubrama, lan para peng­gedhe mau uga kanggo golek gaman sarta ngumpulake prajurit bayaran sing luwih akeh maneh. Asil saka misi kase­but klebu nyenengake. Jalaran ing misi kasebut salah sijine wong kepercayaane Juragan Sani kasil oleh gaman wujud canon cilik saka sawijining pedagang ing Batavia.

Bareng wis rumangsa nduweni keku­watan kang cukup gedhe. Juragan Sani wiwit wani sithik mbaka sithik ngrebut tambang-tambang pengasilane VOC. Sing kapisan ditindakake yaiku manen susuh wallet  ing Gunung Meru kang mu­jud­ake salah siji sumber pengasilane pihak VOC.

Tumindake Juragan Sani sing kaya mang­kene diweruhi dening salah sijine pe­mimpin sabrang kang ditugasake kanggo njaga laladan kasebut. Apes kanggone pemimpin sabrang mau, mer­ga daya ke­ku­watan sing diduweni ora sababak. Pe­mimpin sabrang mau kasil diperjaya de­ning prajurite Juragan Sani. Sawise kedadeyan iku, pihak VOC tan­saya nikel­ake penjagaane marang papan-papan kang dianggep dadi sumber pengasilane VOC.

Rikala mlebu taun 1776 swasana politik ing Pulo Nusa Barong ngalami owah-owahan. Nahkoda Sabak sing wis rampung anggone lelayaran bali maneh ing Pulo Nusa Barong. Ing wektu semana dumadi kedadeyan kang ngagetake. Jura­gan Sani pawongan kang mbangun ke­kuatan ing Pulo Nusa Barong mati dadakan.

Ngenani matine Juragan Sani iki nu­wuh­ake sauntara panemu. Ana sing nduweni panemu merga kersane Allah, nanging uga ana panemu sing ngan­dhak­ake matine Juragan Sani iki mau mer­ga dikhianati salah siji pendhereke kang aran Juragan Bundu. Anane pan­duga sing kaya mangkono dijalari anane sumber kang ngandhakake yen Juragan Bundu nggunakake jisime Juragan Sani kanggo garansi supaya dheweke bisa bali kanthi aman menyang Pulo Nusa Barong.

Baline Nahkoda Sabak menyang Pulo Nusa Barong iku kanggo mbiwarakake  dhiri minangka Tumenggung anyar ing papan kono. Nahkoda Sabak ngaku gelar Tumenggung iku mau diparingake Sultan dhewe. Masia tanpa ana bukti kang gumathok. Nanging akeh kang percaya Sultan wis paring gelar tumenggung me­nyang Nahkoda Sabak.

Merga VOC nganggep apa sing dumadi ing Pulo Nusa Barong ora kena dijarake ngono wae lan menawa dijarake bisa mbebayani kanggo VOC. Pihak VOC ing 17 Agustus 1777 banjur ngirim armada ing bawah kepemimpinane Adiaan van Rijcke kanggo nindakake bumi hangus benteng lan merangi para pemberontak ing Pulo Nusa Barong.

Upaya bumi hangus benteng lan pomahan kang ana ing Pulo Nusa Barong pancen lumaku kaya kang dikarepake de­ning pihak VOC. Nanging senajan  akeh pemberontak kang kasil diperjayani lan sisane dirangket lan sabanjure bakal diwenehi ukuman kang abot. Nyatane isih akeh para pemberontak liyane kang bisa nylametake dhiri. Sauntara pemberontak kang kasil slamet lan bisa mlayu  mau yaiku Sindubrama lan Nahkoda Sabak.

Sapungkure kedadeyan iki kabar ngenani Sindubrama, Nahkoda Sabak lan pawongan liyane saka Pulo Nusa Barong kang nindakake perlawanan menyang VOC ora nate keprungu ma­neh. Ing perangan liya sawise kedade­yan iku pihak VOC ngedegake maneh pos-pos penjagaan ing papan-papan kang ing kono ana susuh walete.

Kabangune pos-pos penjagaan iku mau uga ndadekake Pulo Nusa Barong bisa sinebut dadi pulo ‘mati’ jalaran sing ana ing pulo kasebut mung pos-pos wae. Dene pendhudhuk sing mapan ing kono dipindhahake menyang dhaerah liyane. Ora mung iku wae, sakabehane tandu­ran, barang, pomahan, lan liya-liyane uga diresiki. Saengga bisa dikandhakake sabubare upaya bumi hangus iku mau, Pulo Nusa Barong bisa dikandhakake dadi pulo tanpa pedunung. Sinung S.

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…