Peresmiyan Kampung Parikan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Yak Opo Kabare - Dibaca: 204 kali

Direnggani ‘mural’ tokoh-tokoh seni budaya Surabaya jaman biyen kayadene Cak Momon, Cak Markeso, lan Cak Bambang Gentolet.

Bekupon omahe doro me­lok Nipon tambah soro......, Sambel pete lalap pete, lali ru­pane eleng rasane..... Pa­rik­an iki ngrenggani omah-omah lan gapura kampung sing ana ing sauruting Bosem (wadhuk), sing wis didandani apik dadi kampung werna-werni lan kebak tulisan pa­rikan.

Ing regol gang kampung iku, tulisan parikan mawa cat endah kasebut ora mung ga­we rasa kudu ngguyu, na­nging uga gawe apike pasren kampung. Sebab, saliyane tu­lisane apik uga katon nyolok banget.

Sawijining warga RT-06 Mo­rokrembangan kandha se­neng lan kalipur klawan anane pasren parikan ing sakehing tembok kampung. “Ngguyok­ake lan ndhidhik,” ujare.

Ora mung parikan, omah-omahe warga uga dicet apik lan endah. Ana puluhan “mural’ khas Surabaya, tokoh lu­drug engga larikan ‘tipografi’ parikan.

Erwin Poedjiono, tim kre­atif kang uga tinanggenah mi­nangka ‘kreator’ Kampung Pa­rikan Surabaya iki ngan­dhak­ake, kampung aneh iku mujudake ada-adane lemba­ga Hot Line Surabaya. “Ana pa­rikan 30 lan mural,” kan­dhane.

Kampung Parikan iki, Ke­mis (1/3) kepungkur dires­mek­ake dening Kepala Dinas Pariwisata Surabaya Widodo Suryantoro. “Iki minangka kam­pung budaya sepisanan ing Surabaya,” kandhane.

Peresmiyan kampung iku di­­regengake tontonan ba­rong­sai lan tokoh punakawan Gareng, Petruk, Semar. Sa­wa­tara para kanoman di­sang­kutake nggarap mural lan tipografi. Warga umume padha seneng ndeleng kam­punge dadi apik lan resik, en­dah sinawang.

Erwin nambahake, kam­pung iku bisa dadi cikal bakale museum budaya khas Sura­baya. Ing tembe kampung iki bakal dadi pelestari budaya khas Surabaya.

“Bakal ana wulangan ga­we parikan kanggo kanoman lan bocah-bocah,” jlentrehe.

 

Tokoh ludruk

Omah-omahe warga iku ora mung dipasreni parikan, nanging temboke salah sa­wijining warga uga ana sing digambari tokoh ludrug ja­man biyen, kayadene Cak Mo­mon, Cak Markeso, lan Cak Bambang Gentolet.

Erwin ngakoni, saiki ka­noman lan bocah-bocah ing kam­pung padha ora weruh sa­pa Bambang Gentolet. Dhe­weke uga ora bisa gawe pa­rikan.

Tokoh utama ludruk Sura­baya iku dilanggengake dadi ‘ikon’ Kampung Parikan. “Aku sakanca dadi kegugah kang­go nglestarekake budaya Su­rabaya,” ujare Suyadi, tokoh budaya Kampung Bosem.

Parikan kang dadi tete­nger khas Surabaya, tam­bahe, bakal antuk panggonan mligi ing pembinaan budaya, kandhane. (Bsh)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya