Operasi
iki bakal terus dileksa-nakake engga pelaksanaan Pil-kada 2018. Mula, aja
pisan-pisan nindakake praktek pokil. Kapolri ngajap, ing pilkada iki
ora ana praktek money
politics.
Satgas Anti Politik Uang Mabes Polri
lan Polda Jawa Barat mentas iki nangkep anggota Komisi Pemilihan Umum Daerah
(KPUD) Ade Sudrajad lan Ketua Panitia Pengawas Pemilu (Panwaslu) Garut, Jawa
Barat, Heri Hasan Basari.
Karo (Kepala biro) Penmas Divisi Humas Polri, Brigjen
Pol Mohammad Iqbal nerangake, panangkepe anggota KPUD lan Ketua Panwaslu Jawa
Barat merga saka prentahe Kapolri Jenderal Pol Tito Karnavian supaya ora ana
praktek money politics ing pilkada.
“Operasi iki bakal terus ditindakake engga pangrumate
(penyelenggaraan) Pilkada 2018 iki. Dadi aja coba-coba penyelenggara lan
pengawas Pemilu nindakake praktek pokil (curang). Iki kang dadi kewajibane
pulisi lan iki buktine,” pratelane Iqbal, Sabtu (25/2) kepungkur.
Penyidik Polda Jawa Barat wis nahan anggota KPUD Garut
Ade Sudrajad lan Ketua Panwaslu Heri Hasan Basari.
Perkara iki kawiwiti sawise ana regejegan merga
panetepan KPUD marang pasangan papat minangka calon bupati lan wakil bupati
Garut ing Pilkada 2018. Dheweke kasebut yaiku Rudy Gunawan-Helmi Budaman sing
diusung Partai Gerindra, PKS lan Nasdem, Agus Hamdani Pradana-Aditya diusung
PPP, PAN, lan Hanura, Imam Alirahman-Dedi Hasan diusung Golkar lan PDIP, sarta
calon perseorangan, Suryana-Wiwin Suwindaryati.
Dene pasangan calon independen loro gagal ditetepake
yaiku Agus Supridi Imas-Aan Ubudiyah lan Soni Sundari-Udin Nurdin jalaran
kurang dukungan.
Pulisi banjur nindakake penyelidhikan. “Sawise
dianakake penyelidhikan, (AS lan HHB) nyaguhi (Soni-Usep) bisa lolos, nanging
nalika penetapan pranyata ora lolos,” ujare Direktur Kriminal Umum Polda Jawa
Barat, Kombes Pol Umar Surya Fana.
Dd kang dinuga minangka pihak kang menehi beselan
(suap) marang penyelenggara Pilkada ing Garut melu ditahan. “Ya, sing menehi
beselan nembe dinuga priya jeneng cekakane Dd. Dheweke minangka salah siji tim
sukses calon perseorangan Soni-Usep,” jlentrehe Umar Surya.
Kapolda Jawa Barat, Irjen Pol Agung Budi Maryoto
nerangake, pehake ngamanake barang bukti arupa mobil Daihatsu Sigra werna
putih siji klawan nomer pulisi Z 1784 DY lan sakehing dhuwit. Mobil sing
diamanake kasebut dinuga duweke Ade Sudrajad.
Ketua Komisi Pemilhan Umum (KPU) Garut, Hilwan Fanaqi
mesthekake pihake tetep nindakake tugas pilkada saregedegan 2018 kaya apa
mesthine.
“Susah lan nrenyuhake banget marang kedadeyan
kasebut,” kandhane Hilwan.
Ewasamono, Hilwan ngandhakake sacara bebadan KPUD
Garut ora ana pepalang. “Aku kabeh kudu nindakake jadwal kang wis
direncakake,” ujare.
Langsu dipecat
Badan Pengawas Pemilu (Bawaslu) RI langsung nglereni
Ketua Panwaslu Garut Heri Hasan Basari. Manut Ketua Bawaslu Abhan, anggone
nglereni sauntara iki ditetepake sinambi ngenteni panetepan Dewan Kehormatan
Penyelenggara Pemilu (DKPP). “Nglereni sauntara Ketua Bawaslu Garut,” ujare
Abhan.
Dheweke ngandhakake panangkepan iki mujudake kedadeyan
kang ngisin-isini mungguhing bebadan Penyelenggara Pemilu. Luwih-luwih,
Bawaslu lagi nggrengsengake gerakan tulak money palitics lan
peningkatan kejujuran kang pinercaya jajaran penyelenggara pemilu, mligine
Panwaslu.
Dheweke ngakoni, anggota penyelenggara Pemilu tansah
dikupeng sakehing panggodha kang nengsemake. Nanging, tandhese Abhan minangka
penyelenggara Pemilu kudu saguh nahan pepinginan supaya ora gampang kegodha
klawan janji utawa paweweh apa wae saka pehak kang gegayutan karo proses
demokrasi. “Ana prajanjen kejujuran kang kudu dijaga dening saben pribadi
penyelenggara pemilu,” tandhese Abhan.
Sauntara iku Ketua KIPP Indonesia, Kaka Sumita sajak
nggetuni marang kedadeyan kang namani Ketua Panitia Pengawas (Panwas) lan anggota
KPUD Garut kasebut. Pawarta sing nampeg penyelenggara Pemilu sekabehane iku,
jalaran satemene penanggungjawab akhir penyelenggaraan Pilkada yaiku KPU lan
penanggungjawab pengawasan Pilkada yaiku Bawaslu sarta Panwaslu.
Kedadeyan iki minangka wirang lan natoni pesta
demokrasi. Klawan tetep ngajeni ‘asas praduga tak bersalah’, aku kabeh ngajap
pehak kapolisen ngrampungake kasus iki laras karo peraturan
perundang-undangan.
Pehak-pehak kang gegayutan kudu menehi katrangan kang
sagamblang-gamblange supaya masyarakat bisa antuk katrangan kang pepak, jelas
lan setimbang marang perkara iki. Marang Bawaslu Jawa Barat lan Bawaslu RI uga
kudu menehi panggonan tumrap jejege hukum.
Sing ora
kalah wigatine yaiku pembenahan lan evaluasi njero dhewe kang ngabehi lan
ngandhakake marang masyarakat, kanggo njamin proses pilkada lan pemilu ing
tembe tetep bisa lumaku jujur lan adil. (Sy)
Akeh wong
kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.
GROJOGAN PEDHUT-
Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***
Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas
Benci
nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri
DPR ora kesusu ngrembug RUU HP
Ora
kaya RUU MD3 ya?
Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi
Ora
ana mangan awan gratis pancen…