Isih Lestari Tumeka Saiki : Kesenian Kuna Nini Thowong Versi Grudo lan Candran
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 200 kali

Kesenian kuna Nini Thowong tekan saiki isih dileluri masyarakat Padhukuhan Grudo, Keluruhan Panjangrejo, Kecamatan Pundong, Daerah Istimewa Yogjakarta, sarta warga Dhukuh Candran, Desa Kebonagung, Kecamatan Imogiri, Kabupaten Bantul, uga isih kalebu tlatah Ngayogjakarta. Bedane, neng Grudo isih dikukuhi  keasliane minangka ritus sakral kang mung digelar ing wanci-wanci tinamtu. Dene Nini Thowong versi Candran Condhong malih dadi seni pertunjukan profan kanggo kepentingan hiburan pariwisata.

 

Owah-owahan mau ora mung marga pengaruh perkembangan jaman. Nanging uga disebabake proses regenerasi pawang – yen emoh disebut dhukun -  minangka paraga kunci ing pentas kesenian tradisional iki. Ing Grudo, alih kemampuan saka pawang sepuh marang calon paneruse, najan seret, isih bisa lumaku. Pawang ibarate dhalang ing pakeliran wayang kulit purwa. Pawang nguwasani mantra-mantra kanggo ngundang sarta nglungakake roh sing diundang manjing jroning anggane Nini Thowong. Pawang uga mesisan dadi mediator antarane donya gaib klawan alam kasunyatan. Ringkese, tanpa pawang utawa dhukun, Nini Thowong nglengkara digelar.

Awal-awale ing jaman jombejujo biyen, Nini Thowong mujudake saweneh tradisi kanggo golek cara ngatasi winatese kawruhing menungsa, mligine ing babagan pengobatan. Wektu semana liwat media siwur – cidhuk banyu saka bathok klapa mawa gagang dawa – sing disandhangi kaya golekan,  para leluhur nyoba nganakake sesambungan klawan roh-roh gaib saperlu disaraya nanggulangi pageblug, utawa nambani warga kang nembe lara ora sabaene. Tekane roh uga asring dimanfaatake kanggo takon ngenani olah tetanen, mbrasta ama, ngramal tembe ngarep, kelangan barang pengaji, sarta keperluwan-keperluwan wigati liyane. Lumrah lamun kala semana kesenian Nini Thowong anjrah ngrembaka subur neng sadhengah padesan ing Jawa.

Ora ditemokake data kapan masyarakat dhukuh Grudo wiwit nepungi seni iki. Manut penuturan lisan sing isih bisa dilacak, watara taun 1930-an, pawang sesepuh desa aran Mbah Udi lan Mbah Marto Jumar ajak-ajak wargane nggelar Nini Thowong. Sadurunge seda tokoh lelorone mau kober nurunake ngelmune marang mbah Asto sarta mbah Paeran. Samengko mung kari mbah Paeran kang isih sugeng.

Sedina-dinane piyambake mung buruh tani tumrah. Penggaweyan bakune, nggarap sawah duweke liyan. Nanging kabisane ngundang badan alus ndadekake Mbah Paeran duwe kalungguhan mligi neng padhukuhane. Kelestariyane Nini Thowong versi Grudo kaya-kaya mung kari gumantung marang piyambake.

Kaya ing pagelaran durung suwe kepungkur. Sawise kabeh ubarampe sing wis disiyapake awan sadurunge kawawas wis jangkep, ora ana sing kecicir, Mbah Paeran wengine miwiti nyanggarake Nini Thowong neng sangisore wit jati tuwa. Uwit kang jarene wingit, panggonane dhanyang desa. Mantra pangundang roh dirapal tanpa kendhat.

Rada sawetara dohe, para warga kang melu nyekseni padha anteng jinem. Ora ana siji wae sing bisa ngawruhi proses gaib tekane roh. Ngertine, yen mbah Paeran aweh aba-aba kuwi tegese Nini Thowong  wis kepanjingan. Dening wanita papat tengahan umur, Nini Thowong dibopong tumuju papan pentas.  Sadawane laku rame ngidungake tembang Boyong tanpa kendhat, Ayo mupu bocah bajang rambute abang arang….

 

Atraksi Wisata

Sauntara kuwi sakehing masyarakat Grudo wis tumplek bleg ngebaki kalangan. Ngepasi sangat kang tepak, siji loro ing antarane wiwit maju ngadhep Mbah Paeran, ngandhakake sedyane. Racak padha luru tamba lelara, becik kanggo diri pribadi, utawa batihe. Panjaluk mau mbaka siji diterusake mbah Paeran marang Nini Thowong. Semono uga wangsulane Nini Thowong liwat basa gerak lan isyarat ngenani jinis-jinise taneman herbal kanggo gawe racikan jamu sarta carane ngonsumsi, diterjemahake dening mbah Paeran marang sing merlokake.

Uwal saka kapitayan mengkono mau, umume warga Grudo blaka olehe teka nonton mung saperlu golek hiburan. Iki bisa dipahami, awit ing jaman maju kaya samengko layanan praktek dokter wis gampang ditemokake neng kampung-kampung. Kepara saben kecamatan wis ana Puskesmas. Akses tumuju rumah sakit uga tambah gampang.

Ana satengahe deresing arus perubahan kasebut, Nini Thowong nyoba dikukuhi  ing Grudo. Mumpung isih ana pawange. Cara-carane mainake  kesenian rakyat iki ajeg kaya kang diajarake leluhure biyen. Golekan Nini Thowong, ujare Sumardi, tetep digawe saka siwur. “Raine migunakake topeng wanita, karenggan mekutha sawernane kembang lan gegodhongan sing tuwuh neng kuburan. Syarat liyane, sadurunge dimainake Nini Thowong kudu  diiseni makhluk alus kanthi cara disanggarake neng papan pedhanyangan wingit. Kuwi sebabe peranan pawang dadi banget wigati,” sambunge pengrawit senior kang dadi pangarsane kelompok seni Nini Thowong, dhusun Grudo kasebut.

Luwih rinci dijlentrehake, syair apadene iringan gamelan, ditambah unsure gejog lesung, sing digunakake asipat mligi. Sebab, kabeh mau khusus katujokake tumrap kepentingane si Nini Thowong, dudu minangka lelipur marang penonton. Contone, ucape Sumardi, “Tembang Boyong kanggo ngiringi Nini Thowong saka papan panyanggaran, dene tembang Bagoya  fungsine mbangkitake roh murih gelem njoget sarta komunikasi karo menungsa. Kekidungan mau, kalebu syair utawa cakepane, ora tinemu ing khazanah tembang-tembang Jawa.” Mula, asline kesenian sakral iki ora kena angger dimainake sawayah-wayah ngono wae neng sadhengah panggonan, apa maneh dikomersialake. “Kanggo pentas kang satemene, butuh wilujengan luwih dhisik,” tambahe.

Mbah Paeran pranyata uga dadi pawang Jailangkung. Kaya Nini Thowong, permainan Jailangkung uga nglibatake makhluk alus. Bedane, yen Nini Thowong komunikasi liwat gerak sarta isyarat, Jailangkung migunakake tulisan. Kajaba kuwi, Jailangkung bisa dianakake  sacara luwih pribadi. Lire, ora perlu nglibatake paraga akeh, uga tanpa iringan gendhing. Kaya dhek emben kae, Mbah Paeran mainake Jailangkung minangkani panjuluke Mbok Parmiyati, saweneh warga Grudo, kang nggolekake tamba ibune kang lara stroke.

Beda neng Pedukuhan Candran, Kebonagung, Kecamatan Imogiri, Kabupaten Bantul, Ngayogjakarta. Ing kene Nini Thowong dikemas dadi atraksi wisata tanpa ngilangi kabeh unsu-unsur mistise. Bocah-bocah lanang wadon wiwit dilibatake minangka penari pendhukung. Tampile wis dijadwalake , kesenian kesenian rakyat kang wis dijumbuhake klawan kemajuwaning jaman iki kena diarani melu andhil ningkatake perekonomian desa.

Najan wis condhong asipat profan, ewadene tema-temane dicoba tetep ngangkat siklus uriping menungsa. Umpamane, dipentasake kanggo ritus ngebor-ebori, yaiku wilujengan kanggo wanita sing lagi ngandheg sewulan. Upacara ngene iki biyasane dianakake  awit panjaluke ibu kang nembe mbobot enom mau sacara pribadi, utawa uga bisa dening wong tuwane.

Pakne Puri

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan