Ayo Nggladhi Putra Wayah Abasa Jawa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 54 kali

Minangka sarana komunikasi, basa bisa dipérang dadi telu : basa lisan, basa tulisan lan basa isyarat. Basa isyarat iku basa sing mèh seragam saindenging donya. Basa tulisan nggunakaké aksara. Ana basa tulisan sing wujud gambar (kaya ing negara China), saéngga aksara / gambar iku bisa diwaca (diunèkaké) nganggo mawarna ucapan (basa dha­érah) sing maknané padha. Basa dhaérah ing Nuswantara ana puluhan, manut suku lan dhaérahé, nanging ana basa nasional minangka basa persatuan sing seragam lan dienggo ing tlatah sanegara. Minangka basa persatuan, basa Indonesia dadi basa persatuan sing paling kasil sadonya. Nanging uga ora bisa disélaki, basa persatuan Indonesia wis mangan kurban sing akèh, yaiku rusaké lan ilangé basa dhaérah saNuswantara sing mbaka siji padha rontog (mrotholi).

Ing taun 2011-2017 Kemdikbud liwat BPPD (Badan Pe­ngembangan dan Pembinaan Bahasa) wis nganakaké pengu­jian vitalitas lan daya tahan marang basa dhaérah 71 saNus­wantara. Asilé nuduhaké yèn mung ana basa dhaérah 19 sing dinyatakaké berstatus aman. Déné sing liyané, mrihatinaké banget. Badan bahasa wis mesthèkaké yèn ana basa dhaérah 11 dipesthèkaké wis mati, pusa, punah utawa ilang, basa 4 sing kritis, basa 19 terancam punah lan basa 16 ana ing kondhisi rentan (ndrawasi), basa 2 ngalami kemunduran. Awalé, ing Nuswantara ana basa dhaérah 652 sing bisa digawé dho­kumentasiné, lan lagi basa 71 sing bisa diuji daya tahané.

Basa dhérah sing wis pusa rata-rata ing tlatah Indonesia sisih wétan kaya Maluku, Maluku Lor lan Papua. Ing kalodha­ngan mèngeti Hari Bahasa Ibu Internasional tanggal 21 Pebruari 2018 kepungkur, kepala BPPD, Dadang Sunendar ngandharaké bab mau. Saka basa dhaérah 11 sing wis mati, yaiku basa Kajeli, Piru, Moksela, Palumata, Ternateno, Hukumina, Hoti, Serua lan Nila. Sing 2 asal saka Papua yaiku basa Tandia lan Mawes.

Ana mawarna sebab sing njalari punahé basa-basa mau, kaya ta, siji : Saya sudané penuturé. Loro : Masyarakat padha nganggep yèn basa dhaérah kurang bergèngsi. Telu : Perka­winan campuran sing ngalangi pewarisan marang bocah-bo­cahé. Lan saterusé bocah-bocah luwih seneng nggunakaké ba­sa nasional (Indonesia), malah sok-sok bocah-bocah “mlum­pat” marang basa manca (Inggris) nganti nganggep basa dhaerah iku basa asing sing nomer seméné. Apa manèh akèh wong tuwa sing ora gelem ngajari basa dhaerah ing pirembugan padinané. Fenomena kawin campuran antar suku sing basa dhaerahé béda uga saya ngangèlaké pamulangan basa dhaerah marang bocah-bocah, banjur luwih akèh nggunakaké basa nasional. Sidané bocah-bocah ora bisa basa dhaerah, ora duwé basa Ibu. Laras karo UU No 24 / 2009 bab gendéra, basa lan lambang negara sarta lagu kebangsaan : masyarakat diajap ngulinakaké basa nasional.

Mesthi waé, kahanan ngéné iki ndadèkaké prihatiné kala­ngan “kasepuhan” sing kepéngin basa dhaerahé ora ilang. Mula ana usaha supaya basa dhaerah tetep lestari. contoné : Penutur basa Batak Toba sing wis nggawé komunitas Malambok Pusu-Pusu. Anggotané (± wong 9.500) abasa Batak. Ing Pa­wiyatan Luhur uga akèh sing mbukak fakultas sastra dhaerah. Ana uga sing isih duwé majalah sastra dhaerah kaya Mangle (Sundha) sing terbit saben minggu wiwit 1957. Ana uga pemda sing majibaké karyawané rembugan nganggo basa dhaerah sedina saben mingguné.

Kita sing abasa Jawa uga duwé PS, JB lan DL lan sawetara liyané sing cilik-cilik, minangka  upaya netegi basa Jawa supaya tetep lestari. uga ana dialek tinamtu sing tansah diuri-uri kaya ta : Cirebon, Indramayu, Inyongan lsp. Kaya wis kita uningani yèn PS minangka bètèng pungkasan basa, sastra lan budaya Jawa tetep kanthi getol njaga lestariné kabudayan Jawa. Mula kita tansah nyuwun marang para sutresna, utamané sing isih taruna lan wis nggulawenthah putra-putri, mangga ngajak lan ngajari para putrané rembugan cara Jawa. Bocah-bocah ora usah diajari basa Indonesia, mesthi bakal bisa. Cukup saben dina dikulinakaké basa Jawa, supaya tekan gedhé padha pinter basa Jawa. (MW)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…