Urun Rembug Bab : Prastawa, Sahingga lan Bangga
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Layang Saka Warga - Dibaca: 37 kali

LSW PS No 6 / 2018 ana seratane Sdl Ismoe Riyanto Madiun bab tembung-tembung ing ndhuwur mau. Kepareng aku urun rembug mangkene :

1. Tembung prastawa , ing Bausastra Jawa duwe teges waspada, waskitha. Contone : prastawa rajapati ...., bisa ditegesi anane kedadeyan rajapati.

2. Sahingga (saengga)uga padha karo keterangan no 1, bisa dianggep basa Jawane “sehingga”. Pancen ing pasrawungan utawa ing sesorah kita sering mrangguli basa campuran kaya ing ukara iki :

- ... ing situasi punika, kamangka luwih trep –wonten ing kawontenan punika.

- Wonten ing kesempatan punika, benere wonten ing kalodhangan punika.

3. Bangga, tegese ora nurut utawa nglawan, uga bisa duwe teges angel (digarap, ditandangi, diwaca). Tuladha :- Benggoling kraman iku arep  dicekel, yen bangga dilunasi. Tegese : Yen nglawan dirampungi (dipateni), ora ateges mongkog.

Ing pasrawungan akeh tembung kang diucapake kanthi salah kaprah, tuladha : -aku ora “galba” yen kepethuk sampeyan ing pasar. Ing Bausastra Jawa ora ana tembung galba, anane garba kang duwe teges weteng, rerangken, nyekak surasaning layang uta­wa tembung, negesi surasa mung dipirit larasane. Tuladha : tembung garba “prapta ing” dadi prapteng.

Semono uga ing basa Indonesia, akeh sing ora ngerti yen tembung “semena-me­na” iku kosok balen karo “sewenang-wenang”. Kamangka semena-mena iku tegese ora sewenang-wenang. Nanging ana sing duwe panemu yen semena-mena iku ya se­we­nang-wenang. Aku isih nyimpen buku Logat kecil Bahasa Indonesia dening WJS Purwadarminta taun 1951 kawetokake dening J.B. Wolters Groningen Djakarta, bisa diwaos ing kaca 77 mena, tiada semena-mena,tiada dengan alasan (sebab) yang sah, sewenang-wenang. Cetha yen semena-mena maknane kosok balen karo tembung se­wenang-wenang.

Ana maneh tembung canggih, saiki ditegesi maju, modern. Kamangka ing kamusku mau tegese tingkah laku yang dibuat-buat (kaca 134). Dene tembung dampak, saiki ditegesi pengaruh ing kamusku mendampak, melanggar, menerjang (kaca 25).

Penget: Ora kabeh buku Logat Kecil Bahasa Indonesia isine padha, ing buku cetakan taun 1960 kawetokake dening P.N. PRADNJA PARAMITA d/h J.B. WOLTERS DJAKARTA ora padha karo isine buku Logat Kecil Bahasa Indonesia weton taun 1951.

Kaya mangkono urun rembugku sawetara bab tembung. Nuwun



 Ki Jalanidhi (M Bachrun, B.Sc)  —  Sukorejo Kendal.

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!