Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (17)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 17 kali

(2). Geneya Srengenge njedhul sa­ka sisih Wetan lan surub ing sisih Kulon?

Njedhul sarta surube Srengenge iku mujudake swasana (fenomena) kang lu­maku saben dina.Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Apa sira Muhammad durung sumurup, yen sanyata Allah  kepareng nglebokake wengi ana ing rina. Lan nglebokake rina ana ing wengi. Lan Panjene­ngaNe kepareng nglakokake Rawi­kara (Sengenge) lan Ratih (Rembu­lan), kabeh padha lumaku tumeka mangsa kang wus kepareng katem­tok­ake? Lan sanyata Allah iku Maha Waspada marang sekabehing ba­rang kang padha sira tindakake.” (Q.S.Luqman(31):29). Makna kang ki­nandhut ana ing ayat kasebut, tembung nglebokake (yuliju), iku ateges proses gilir-gumantine awan lan wengi.

Sawatara Ayat-ayat nerangake, tem­bung nglebokake (tuliju laili) gegandhe­ngan karo Sregenge lan Rambulan sing kepareng wus ditundhukake (dening Allah) sarta lumaku ing orbite. Dene pros­es gilir-gumantine awan lan wengi iku mung bisa dumadi yen (manawa) wa­ngun (bentuk) Bumi iku bunder lan mu­beng ing porose, tumapak ing sangarepe Srengenge kang wus kepareng ditun­dhuk­ake. Lha hiya gene Srengenge iku kok tansah njedhul (terbit) ing sisih Wetan sarta surub ing sisih Kulon?

Kang mangkono mau, krana arah ro­tasi Bumi sing lumaku (gerak) mangetan, saengga Srengenge tansah katon nje­dhul (terbit) ing sisih Wetan, nalika wektu esuk.Tumuli alon-alon munggah men­dhuwur, saengga wusanane surub ing sisih Kulon. Arah rotasi Bumi iku lumaku (bergerak) saka Kulon mangetan. Lha tumraping wong kang manggon (dumu­nung) ana ing tlatah equwadhor lan sakiwa tengene bakal katon, Sengenge iku njedhul ing sisih Wetan lan surub ing sisih Kulon. Coba kita wigatekake dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

“Dhawuha sira Muhammad! Mara sira kabeh nerangna marang aku, manawa dikirak-kirakake Allah ndamel wengi iku tetep selawase tumeka dina Qiyamat. Sapa Pangeran saliyane Allah kang bisa aweh pepadhang marang sira? Sira dha­wuha maneh! Mara sira kabeh nerangna marang aku, manawa dikirakkirakake Allah (kepareng) ndamel rina iku tetep selawase tumeka dina Qiyamat. Sapa Pangeran saliyane Allah kang (kepareng) bisa aweh wengi marang sira kanggo panguripanira! Apa sira kabeh pa­dha ora nggatekake? (QS.Al-Qshash): (28):71-72). (Subhanallah).

 

(3). Njedhul lan surube Srengenge ing mangsa panas lan adhem.

Ing ndhuwur wus diterangake, sawa­tara ayat-ayat Al-Qur’anul Karim sing wus nerangake njedhul (terbit) lan su­rube Srengenge. Salah sijine ayat dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

“Hiya Allah kang Mangerani We­tan loro lan kang Mangerani Kulon loro”, iku (kasebut ana ing dhuwur), makna kang kinandhut ana ing ayat ka­sebut, para Ulama tafsir (Mufassirin)  sa­rujuk, manawa posisi njedhul (terbit) lan surube Srengenge, sing dimaksud ing ayat iku, yaiku wektu sarta papan njedhule lan surube Sengenge iku, tu­mapak ana ing mangsa panas (musim panas) lan mangsa adhem (musim di­ngin). Dene  tlatah sing ngalami mangsa panas lan sing ngalami mangsa adhem antara liya,  yaiku Saudi Arabia. Hiya ing kekarone mangsa iku Srengenge (Rawi­kara) njedhul lan surub ana ing wektu lan posisi sing beda secara astronomi. Conto ing tlatah :

(a). Saudi Arabia : Mangsa panas, Januari-Agustus : Mangsa adhem, No­vem­ber-Desember.

(b). Washington(USA) : Mangsa pa­nas, Mei-September : Mangsa adhem, November-Desember.

(c). Kairo  : Mangsa panas, Mei-Ok­tober : Mangsa adhem, November-April. Mangkono sapiturute.

 

(4). Sing anjalari owah-owahan mangsa.

Mangsa mono umume diperang dadi patang mangsa, yaiku mangsa panas, mangsa adhem, mangsa gugur lan mang­sa semi. Prabeda mangsa iku adhe­dhasar karo rata-rata suhu lan su­wene wektu Srengenge tumapak ana ing Langit wektuawan iku. Lha ing antarane mangsa-mangsa iku, mangsa panas sar­ta mangsa adhem kang utama. Mangsa gugur iku mung mujudake gumantine (peralihan) saka mangsa panas me­nyang mangsa adhem. Dene mangsa se­mi iku mujudake gumantine (peralih­an) saka mangsa adhem menyang mangsa panas.

Lho banjur kepriye jlentrehe? Mang­kene genahe; Gumantine mangsa ing Bumi iku, krana sumbu rotasi Bumi ana ing posisi miring marang papan (bidang) rata orbit Bumi sing ngubengi Srenge­nge. Lha hiya kemiringan (posisi miring) iku sing njalari Bumi dhoyong (condong) marang  arah  Srengenge, sawuse sete­ngah taun. Dene suwalike (yaiku belah­an) Bumi sisih Kidul bakal dhoyong (con­dhong) marang Srengenge ing wektu setengah taun liyane. Lha tumraping (belahan) Bumi sing dhoyong utawa condhong marang arahe Srengenge, iku ndarbeni wektu awan kang dawa, yen ditimbang karo wektu wengine, sarta kataman luwih akeh cahya Srengenge katimbang belahan Bumi sing ngedohi Srengenge. Akibate, nalika tlatah sisih (be­lahan) lor Bumi ngalami mangsa panas. Genahe papan (wilayah) iku luwih condhong marang arahe Srengenge. Lha ana ing wektu kang bebarengan, tlatah (belahan) sisih Kidul bakal ngalami mang­sa adhem, krana posisine ngedohi Srengenge (Rawikara).

Kajaba saka iku ana sing perlu kita mangerteni, yaiku apa sing aran swa­sana IKUINOKS lan SOLSTIS. Lha sing aran ikuinoks, yaiku swasana nalika belahan Bumi sisih Lor lan Kidul ing let (jarak) sing padha marang Srengenge, saengga wektune awan lan wektune wengi padha suwene. Dene sing karan (swasana) solstis, yaiku swasana nalika salah siji  saka kekarone (belahan) Bumi iku mapan ana ing klimak (puncak) con­dhonge marang Srengenge, saengga mapan ana ing let (jarak) sing paling ce­dhak utawa sing paling adoh marang Srengenge. Mangkono antara liya sing njalari gilir-gumantine mangsa mau. (Subhanallah).

 

(5). Papan-papan njedhule lan su­rube Rawikara (Srengenge).

Ana ing keterangan kang wus diatur­ake ing ndhuwur, manawa ayat-ayat Al-Qur’anul Karim sing ngrembug babagan njedhul lan surube Srengenge, antara liya dawuhe Allah, mangkene maksude:

“Mula temen Ingsun wus kepareng sumpah” Demi Allah Pangeraning Ma­syriq lan Maghrib, Jagad Wetan lan Jagad Kulon, satemene Ingsun iku Kuwasa.” (Q.S.Al-Ma’arij (70):40). Ayat kasebut nerangake papan-papan, tegese ora mung papan siji bae papan Srengenge nje­dhul lan surub, yaiku ing Wetan Sre­ngenge njedhul lan ing Kulon Stengenge surub. Nanging miturut ayat kasebut, krana migunakake papan-papan (tem­bung jama’), tegese telu utawa luwih, mangkene jlentrehe. Ayat kasebut  nge­mot rong panemu (pemahaman):

(a). Papan njedhul lan surube iku ora kok mung kanggo Srengenge, nanging uga kanggo sekabehing barang  (benda) Akasa (Angkasa), sing saka lumahing Bumi katon njedhul lan surub.

(b). Bumi mono mujudake salah sijine Planet ing tata surya iki sing terus lumaku (bergerak) ngorbit Srengenge, dawane lin­tasan ngorbite Bumi ngubengi Sre­nge­nge iku, watara 940 yuta km, sarta mbu­tuhake wektu watara 365 dina (1 taun), iku tumraping Bumi, kanggo ngrampung­ake sak orbitan ngubengi Srengenge. Te­gese senajan saka lu­mah­ing Bumi Sre­nge­nge tansah katon njedhul saka papan siji, ing arah Wetan lan surub ing arah Ku­lon, nanging sate­mene saben dina, posisi Bumi marang (terhadap) Srenge­nge tansah beda. Maknane sajerone setaun njedhul lan surub ing 365 papan kang beda. Sebabe, amarga lumakune (bergerak) Bumi ngubengi Srengenge. Hiya iki swasana (fenomena) alam sing wus diisyaratake  dening Al-Qur’an wiwit 5 abad Masehi kepungkur. Lha nikmat Allah sing endi maneh sing kita ora pitaya (kita dusta­kan)? (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…