Ora Saben Wong Lanang Oleh Ngambah Kaputren (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 44 kali

Perlu kawuningan menawa ing sajroning Keputren uga tinemu se­kolahanane para putri. Bab iki kena diarani wis ana pendhidhikan tumrap wanita wiwit Ingkang Sinuhun HB VII jume­neng. Rehne kena diarani menawa manggon ana ing sajroning Keputren kuwi prasasat padha karo dipingit, mula kanggo njaga supaya para putri mau uga” terjamin” pen­dhidhikane sarta kanggo ngoyak ajuning jaman aja nganti keri karo kang dumadi ana ing sajabaning tembok cepuri Kraton, para putri mau banjur uga kapersudi ing bab wulangan maca lan nulis. Luwih luwih ing bab iki ing jamane Ingkang Sinuhun HB VIII jumeneng dipersudi banget malah kelakon uga nimbali nyonyah Landa sa­perlu kadhawuhan maringi wulang wuruk minangka guru sekolahan lumrahe kae. Jaman semana kang ketiban pulung iki menawa ora kleru jenenge Nyonyah Wingstone, bojone administratur Pabrik Gula Padokan (saiki PG/PS Madukismo). Nyonyah Walanda iki saben esuk dipethuk nganggo kagungan dalem kreta saka kagungan dalem Ratawijayan lan ing wanci awan udakara jam rolas dieterake mulih menyang Padokan (saiki mlebu ing  we­wengkon Kalurahan Tirtonirmolo, Keca­ma­tan Kasihan, Kab. Bantul) sing dohe udakara limang kilometer saka tengahe kutha Ngayogyakarta (nol km). Saben sasi Nyonyah mau uga kaparingan blanja (bayar) apa mesthine minangka guru sekolahan.

Dadi senajan para putri mau padha dedalem ana ing Keputren, nanging ya ora padha wuta sastra lan malahan uga saged migunakake basa walanda jalaran sakehe wulangan ing sekolahan lumrah uga ka­wulangake ana ing sekolahan Ke­putren mau kang sejatine mujud­ake “One teacher’s School” kang jar­wane sekolah guru tunggal. Ing pamulangan mau kawulangake ka­ya dene “keraji­nan tangan” uta­wa prakarya ka­yata nyulam, dondom-dondom (njahit) nyongket, nglukis, uga ka­wu­langake de­ning guru liya kang jeneng Meneer Iman, sawe­neh­ing Landa kang kajibah maringi les nggambar ana ing pamulangan keputren mau.

Kajaba kang wis katur ing ngarep mau para putri kuwi padha duwe ayahan caos dhahar kutug marang pusaka-pusaka kang padha sumare ana ing sajroning dhatulaya pendhak malem j=Jemuwah lan malem Selasa Kliwon secara giliran miturut dina tampane, isih ana kuwajiban maneh yakuwi ngladeni dhahar Ingkang sinuhun kang katindakake ana ing Kagungandalem Prabayeksa. Kang kajibah leladi, kejaba garwa dalem uga para putra wayah sarta Keparak.

Kuwajiban liyane maneh yakuwi ngla­deni busana Ingkang Sinuhun menawa arep miyos Garebegan, anggone busana katindakake ana ing Gedhong Jene Tengah.

Ing jaman biyen, nalika jamane Ingkang Sinuhun Sultan HB VIII sapandhuwur,  para garwa dalem kuwi prasasat ora tau kepareng nilarake wewengkon Kraton lan prasasat kakungkung ana ing Keputren wae. Mangkono uga ngenani para putra putri Dalem; luwih luwih menawa wis ngancik yuswa diwasa banjur prasasat kapingit ana ing bagean kang karan Mayaretna.

Ingkang sinuwun HB IX kang miwiti maringi kalonggaran marang garwa da­lem sarta putri-putri liyane saengga padha kagungan kalonggaran kang luwih mardika ing bab tindakan marang papan papan ing sajabane kraton kanthi mangkono banjur padha saged nindaki utawa ngestreni ma­nawa para sedherek-sedhereke lagi padha kagungan damel (hajat) mantu sapiturute. Utawa menawa kagungan panggalih kepi­ngin mriksani kahanan ana ing toko toko, waton ana kang ndherekake. Wondene kang kajibah ndherekake mau menawa dudu Putra dalem kang wus diwasa utawa ya abdi dalem keamanan (security) wanita kang penganggone memper polisi wanita (polwan jaman saiki). Uga para putra putra dalem kakung lan putri padha separeng sekolah ana ing sekolah sekolah umum ing sajabane cepuri kraton. Ing pangang­kah kanthi mangkono padha bisa srawung lan masyarakat njaban Kraton kanthi luwih merdika maneh lan kanthi mangkono se­sambungane karo bebrayan umum banjur tetela luwih rumaket (akrab) maneh, sarta pitepang karo kawula prasasat uwis ma­nunggal banget iki kawruhe luwih luwih ing pasrawungane para putra-putra mau menawa arep padha palakrama. Kena di­arani saiki kuwi putra lan putri dalem pa­dha milih jodhone dhewe-dhewe, senajan ing bab kaleksanane isih kudu manut ta­tananing kraton apa mesthine. Kena di­arani ora jamane maneh nyuwun triman uta­wa kaparingan triman putri njeron Kedhaton kaya ing uni.

Senajan pasrawungan antarane putra-putra dalem lan bebrayan agung uwis je­neng bebas, nanging ora ateges banjur kena lan bisa srawung sakepenake dhewe, becike ya meksa isih kudu ngerti marang tata susila lan tatacara pasrawungan Ja­wa, luwih luwih pasrawungan cara Kedha­ton, mesthi wae menawa ana ing njeron Dhatulaya, kudu isih netepi pauge­ran apa mesthine

 

Tradhisi ngebluk jladren apem

Ing Kraton Nga­yogyakarta Hadi­ning­rat, gawe apem mujudake upacara tradhisi kuna sing isih di­pepetri, mung anggone gawe apem iku sipate tinutup (tertutup). Ora bisa ditonton ing umum kaya sekaten utawa sira­man kreta. Luwih luwih anggone gawe apem kasebut mapane ana ing bangsal Keputren sing ora sadengah pawongan kena ngambah mrono. Upacara tradhisi ngebluk apem ora ditibakake sasi Ruwah, nanging ditibakake dina ngarepake Ti­ngalan Dhalem minangka sesaji sugengan, ing antarane kang digawe apem kang aran apem mustaka, yakuwi apem kang wujude gedhe banget lan cacahe ora mung siji. Sa­banjure uga digawe apem-apem lu­mrah lan kang padha ngasta para Badhara  Putri (dipandhegani Garwa-garwadhalem), para garwa Pangeran, sarta para putri putri liyane Sentana dalem lan para keparak kang pangkate dhuwur, yaiku para Tu­meng­gung kanthi pangkat Bupati anom sapendhuwur.

Kaya umume wong are gawe apem mesthi lan kudu kagawe dhisik jladren kang kagawe saka glepung beras, santen, gula Jawa, ragi utawa duduh tape, panili lsp. Bahan bahan kasebut banjur kada­dekake siji lan supaya bisa carup nganti rata kudu diudhak nganti rata tenan. Pa­karyan iki dijene­ng­ake “ngebluk jladren”. Lumrahe kang padha nan­dangi para wanita kang uwis padha lebda ing pakar­yan kuwi. Yen uwis dikebluk adate banjur kapepe sarta banjur ka­inepake sewengi lan sawise nginep sewengi esuke lagi digeneni dadi apem kang banjur katelah ngapem. Kang uwis uwis kanthi gegaweyan mang­kono mau jladren dadi mumblug, bab iki lacetha  jladrene banjur pating plupuk lan pating plembung kang padha pecah ana ing ndhuwur kanthi ngetokake suwara pating plekuthuk.

Kocapa ing sawijining wektu ing ja­mane Ingkang Sinuwun Sultan HB VIII bab mau uga kadadeyan Nalika semana bubar ngebluk kagem sugengan Tingalan Dalem Taunan lan kelakon ing wanci surup sa­kehing jladren wis disimpen lan katutupan samesthine lan sawise kabeh sumimpen banjur panjagane kapasrahake abdi dalem Pamethakan kang lagi padha caos ana ing Masjid Keputren.

Sajake anggone ngadoni jladren mau kapeneran banget lan nyatane durung nganti wengi (isih ngarepake bedhug mbengi) jladren mau uwis padha mrusuh lan mumblung banget. Nganti nuwuhake suwara pating plekuthuk kang sora. Swara mrusuhe jladren mau gawe kejote para putri kang uga padha tugur ana ing sacedhake kono lan uga gawe kagete pada abdi dalem Keparak. Swara mau rehne saya suwe sangsaya sora lan para putri mau padha ngira  menawa swara mau katuwuhake dening jladren kang lagi mrusuh mau, nuwuhake rasa ajrih banget. Luwih luwih ngelingi menawa kahanan kraton kuwi jarene wingit. Penggalihe para putri mau genah Kyai Jegot kang mapan ana ing Prabayaksa mesthi ngganggu.

Kang mengkono mau banjur padha mlayu nimbali para abdi dalem Pame­thakan kang uga gage mara sowan lan bareng krungu swara pating plekuthuk lan sajak pating bledhos mau tanpa mikir dawa nuli padha dzikir nyebut asmaning Pangeran Kang Maha Kuwasa. Bab mau kelakon nganthi sawetara wektu lan lagi konangan menawa swara mau kasebab­ake dening mrusuhe jladren apem bareng salah sijine tutup wadah jladren mau kaangkat lan jladrene  mili metu ndledhek.

Bareng padha priksa apa kang anjalari swara kang medeni mau, sakehing tutup kang nutupi wadhah jladren banjur padha diungkapi lan pancen nyata njladrene padha umob saka saking mrusuhe. Dzikir leren nganthi padha tumandhang gawe ngelongi jladren ana ing wadhah jladren mau. Jalaran bisa gawe geger tenan nanging esuke apeme banjur enak sebab saka mrusuhe jladren mau.

 

Sing Mbaureksa  bangsal Prabayeksa

Kraton Ngayogyakarta kang madheg sabakdane Bedhamen lan prajanjen Palihan Negari ing desa Giyanti tekan saiki isih klebu wingit. Kacarita nalika Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan HB I kang uga katelah Sinuwun Swargi arep yasa dalem lan bangsal Prabayeksa banjur mundhut ladosan kayu jati saka alas jati ing Ka­rangasem, Gunungkidul saperlu arep kagem yasa saka-saka  guru lan praboting wewangunan dalem liyane.

Dhek jaman semana alas karangasem mau pancen kaloka wit jatine sing pancen gedhe gedhe lan uwis tuwa tuwa tenan. Kang mangkono mau genah alas jati Ka­rangasem kuwi alas kang uwis tuwa tenan lan mesthi wae jarene (miturut cathetan arsip saka kraton Ngayogyakarta) dadi susuhing sabangsane lelembut lan beka­sakan. Salah sijie lelembut mau manggon lan mapan ana ing salah sijining uwit jati kang gedhe temenan.

Nalikane arep ditegor sing mbaureksa wit jati mau mrimpeni para blandhong (pawongan sing panggaotane negor wit-witan) sing padha nindhakake ayahan negor uwit jati mau. Ing alaming pang­impen iku kang mbaureksa ngaku arane Kyai Jegot lan ora gelem sumingkir saka uwit kasebut. Dikepiye wae senajan mengkono wis kasil kategor, dheweke tetep nedya manggon ana ing uwit kase­but, uga senajan mangkono wis dadi dan­danan apa wae, dheweke arep tetep manggon ana ing kayu jati mau.

Mesthi wae bab mau dadi atur lan nalika ingkang Sinuwun nampa lapuran kasebut, Ngarsa Dalem ndhawuhake menawa Kyai Jegot kepareng tetep manggon ana ing kayu jati kasebut, waton ing mbesuke dheweke ora ngregoni lan ngaru biru kahanan ing Kraton Ngayog­yakarta Hadiningrat, malah didhawuhi ngreksa kahanan kraton lan negari dalem Ngayogyakarta saisine, yen tetela dheweke saguh kepareng terus manggon.

Kaparingan dhawuh lan sarat mang­kono mau Kyai Jegot nyendikani dhawuh dalem, mula tekan seprene Kyai Jegot tetep manggon ana ing kayu jati kang kadadekake salah sijining saka guru ing Dalem Prabayeksa.

Miturut pekabaran saka para abdi­dalem, jarene menawa anane Kyai Jegot mau bisa katitik ing suwara ngorok kang sok keprungu ana ing Kagungan dalem Pra­bayaksa mau kang martandhani me­nawa kraton arep ngalami kahanan sa­weneh kahanan apa kang bakal kadadeyan kuwi, apa ora padha bisa nyritakake, jalaran jarene kang bisa nampi sasmitane mau mung Ingkang Sinuwun piyambak.

(Isti Nugroho)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…