Salah Sebut Jeneng
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 299 kali

Salah Sebut Jeneng

 SAK rampunge kuliah, Alhamdulillah aku diangkat dadi guru kontrak ana ing salah sijining desa ing ngisore gunung Ungaran. wektu iku aku kudu mangkat gasik amarga jarak sekolah karo ornahku adoh. Nanging sanajan adoh aku tetep semangat lan wektu iku aku isih enom dadi isih duweni rasa sernangat sing gede. Sanajan yen esuk kudu antri golek angkutan. Nanging aku ora nglokro kanggo minterke “anak anak bangsa “. Aku ngupaya piye ben dadi guru sing apik lan ditresnani marang bocah - bocah. Salah sijining cara aku sinau ngapalke jeneng - jenenge.        

lng sijining dina , kaya biasane aku rnenehi pitakonan kanthi nyebut jenenge bocah siji - siji. Ndilalah aku wis ora apal maneh, banjur tak cara ndelok papan struktur organisasi ing kiwa tembok. Wiwit tak sebut jenenge ketua kelas, bendahara lan sakteruse. Banjur sing paling keri aku nyeluk jenenge  ;

“ Sholikin ... “

“ Lho endi Sholikin kok meneng wae “.

“ Ora mireng ngendikane bu guru ya ... “

Banjur bocah - bocah padha ce­kikikan. “ ana apa Cah ... “.

“Bu, Sholikin mboten wonten ... niku wali kelas kula ...“. Wadhuh, abang ireng raiku sa­knalika ..... Haaaaaa ... Oalah, karepe rneh nggaya nga­palke jenenge bo­cah jebule malah salah ..... bareng tak deloki ana ing papan struktur organisasi jebule Sholikin iku wali kelase ...  (Retnowati S Pd MPd.  —  Salatiga)



Bengesan

 Sing bengesan kuwi sing kalumrah mung wong wedok, dudu wong lanang. Ngono wae ya ora saben ndina bengesan, biyasane mung yen dhong lelungan utawa nekani undangan. Ora kaya ing Wonokitri (Pasuruan), ora wedok ora lanang’saben ndina padha bengesan.

Krana penasaran penulis banjur nekad dadi sukarelawan ing kana. Wiwitane ing Tosari (isih klebu wewengkone Wonokitri), penulis ketemu kadang-kadang saka Kalidawir (Tulungagung) sing padha bebakulan ing Pasar Tosari. Rong wulan ing Tosari durung bisa miyak wewadi ngenani wong lanang sing padha bengesan. Mula penulis banjur pindhah menyang Wonokitri.

Wektu iku (1984), warga pribumi (wong Tengger) Wonokitri isih nduweni panganggep yen wong neka iku penjajah, mula kadang-kadang saka Kalidawir sing niyat bara mrana wektu iku mung kandheg tekan Tosari. Semono uga penulis, tekane wektu iku uga ora langsung ditampa. Ya untunge nalika penulis dolan menyang Gunung Bromo nate mampir ing W onokitri. Pungkasane kanthi nggawa barang bukti foto-fotone warga Wonokitri, penulis lagi ditampa dadi sukarelawan.

Sarehne penulis lulusan SPG banjur dadi Guru Inspirasi ing SDN Wonokitri. Gurune mung telu, wedok kabeh. Wektu menyang SD sepisanan penulis nggumun, weruh murid-muride sing padha bengesan. Mula penulis banjur nyuwun pirsa marang salah sawijining guru, “Kenging napa Bu, lare-lare kok sami bengesan?” Bu Guru kasebut ora langsung mangsuli, ning malah crita yen nganti ora bengesan padha wedi yen lambene njeber.

Ndilalah nalika riyaya Kasada, kanca-kancane penulis (saka Kediri) sing arep menyang Gunung Bromo padha mampir ing Wonokitri. Mula supaya ora njeber lambene, penulis banjur nyaranake supaya bengesan. Sarehne ora ana sing nggubris, sabaline saka Gunung Bromo, lambene padha njeber temenan. Apa tumon! (Titip salam kanggo kadang Timbul Susilowati ing SMPNBogo)  ( Budiono SPd  — SDN PanggungkalakPucanglaban Tulungagung)

 

 

Segane Atos Terus

 Iki kedadeyan rikala kanca  seje desa tindak haji taun 2017. Bu Tini tindak haji sekalihan garwane, Pak Sayuti. Nalika ana Mekkah, sare ing hotel No. 1105, jenenge hotel piyambake wis lali. Ing dina kaping telune, Bu Tini lan Pak Sayuti nampa jatah dhahar awan. Sinambi dhahar, Pak Sayuti ngendika karo rada ngresula “ Menehi sega wong tuwa kok atos “.

   E, ndilalah, wiwit kuwi angger nampa jatah dhahar, segane tansah atos, nganti limang dina.

“Mula, ya Pak, ana kene aja ngendikan utawa ngrasani bab apa wae. Kana njaluk pangapura”, Bu Tini ngaturi garwane.

   Pak Sayuti bingung, arep njaluk ngapura karo sapa. Arep njaluk ngapura karo sing masak, dheweke ora bisa basa Arab. Sidane njaluk ngapura karo bagiyan konsumsi (Wong Indonesia).

   Alhamdulillah, dina sateruse segane empuk terus. Malem kaping pitune, bar Maghrib genti Bu Tini awake panas, seseg tanpa jalaran. Pak Sayuti nggangsuri gegere Bu Tini nganggo lenga kampak.

“Eling-elingen, Bu, mau tumindak apa ?”

“O, iya, Pak. Esuk mau aku ana latar dijak jajan kanca, aku emoh. Sing bakul wong ireng, reged. Moh, aku”.

         “ Saiki mertobata ! Nyuwun ngapura Gusti Allah !”

        Bu Tini karo muwun, sujud. Nyuwun ngapura mring Gusti Allah. Sak jam saka kedadeyan kuwi, Bu Tini bali waras-wiris. Mula, ngati-ati ana tanah suci. Kudu suci ati, suci lathi. (Mbah Supar, Bringin – Kab. Semarang)

 

 



Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya