Rejeki Nomplok
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 435 kali

Jeneng Sumadi mungguh­ing warga Dhusun Semanding wis diapali banget. Paribasane meh ka­beh irung tepung. Apamaneh yen nyebut Pelok, jeneng parabane. Paraban mau luwih kondhang ka­timbang jeneng asline. Pancen yen nyawang Pelok satle­raman ka­ton nengsemake. Pawakane ga­gah, gedhe, dhuwur, pidegsa. Mung yen wis ngerti sipat asline uwong bakal mlengos. Ora ana rasa simpatik blas ma­rang Pelok, sebab wonge kesed, wegah­an, ke­para super kesed ngono kae.

Mula tekan umure kang nyan­dhak sangalikur taun dheweke isih jomblo. Durung payu rabi. Sing arep dipek bojo mesthine ya mikir dawa. Apa ya cukup be­bojowan kok mung dipakani awak pidegsa, gagah, gedhe dhu­wur? Kathik Pelok mono dudu anake wong sugih. Pepenginane wae sing sundhul langit. Karepe pengin nyambut gawe sing entheng nanging akeh asile. Ora meres kringet, ora muter uteg. Emoh diereh uwong. Prentah kana prentah kene. Lungguh kursi empuk. Nan­ging kabeh mau ya mung kandheg ing pengangen-angen, lha wong SMA wae ora tamat.

Ana tetembungan, saapik-apike uwong ana eleke. Saelek-eleke uwong ana apike. Semono uga tumrap Sumadi Pelok. Nadyan nglinthuh nanging dhe­weke darbe kaluwihan sing manjila, yaiku kendel. Dudu kendel babagan ke­rengan, jotosan, utawa adu karosan, na­nging kendel ing babagan donyaning bangsa alus. “Setan ora doyan dhemit ora ndulit,” ngono saben-saben dheweke mojar.

Wengi kuwi kaya padatan Sumadi kli­thih-klithih mlaku tumuju omahe Mbah Hadi. Ing wanci ngene iki ing omahe Mbah Hadi, dhudha umur sewidak taun, biyasane padha ngumpul bocah-bocah enom umur likuran taun. Sumadi seneng ngumpuli bocah-bocah kasebut karana kanca-kanca sapantarane racake wis pa­dha mangun brayat. Akeh sing ora se­neng begadang metu bengi tanpa tanja. Tekan omahe Mbah Hadi wis ana Kasi­man, Alex, Diro lan Jaimin.

“Ngapa ae, Kang, wis rong mbengi ra apel mrene?” takone Diro.

“Rong wengi wingi aku jagong bayi nggone Sawal. Bojone Sawal mbayi. We­ngi iki aku ya disraya kon mrana maneh, ning aku pilih mrene. Lha sing jagongan simbah-simbah kabeh,” ujare Sumadi karo mapan lungguh neng lincak pring tutul. Ketekan Sumadi bocah-bocah je­magar mau dadi tansaya gayeng.

“Oh iya, Ro, aku krungu kabar sru­wing-sruwing jare Likmu Partawi tas entuk rejeki nomplok. Tenan pa?”  

“Lha ta, tenan! Salahe Lik Partawi dhe­we,  senengane ndopok. Uwong dadi dha ra percaya karo omongane,”  wang­su­lane Diro.

“Priye critane? Jarene Mas Suliyo, kan­cane narik betor,  paklikmu iku entuk sepedhah motor bebek ya?”

Diro banjur crita. Wengi iku Partawi ngenteni penumpang ing…………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik