Tapak Jangkah Leluhur (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 219 kali

Laku lekase Sri Jayanasa nalendra Sriwijaya banget nyorok penggalihe Ratu Shima. Saya-saya bareng nyipati kumendhung kumalungkunge Bentara Jalasena. Glagat kang kasat mripat kasebut wus gamblang lan cetha minangka pepenget. Ratu Shima sacepete kudu nemtokake langkah kanggo ngawekani ambeg kumawasane Sri Jayanasa.

Pendhak dina candhake.

Sawuse lerem penggalihe, Ratu Shima tumuli ngadani pisowanan mirungan. Kang kepareng sumewa yaiku Mantri Muka: Gunaman, Mantri Ring Sanagara: Dyah Narayana, Mantri Manca Nagara: Rahyang Mandiminyak lan Mantri Raksa Nagara: Senapati Wiswasa. Semono uga Dharmadyaksa Syiwa-Buddha: Resi Manubawa sarta Wiku Dharmakirti. Sejene kuwi Dewi Parwati, Pohaci Rababu, Sanna, Sannaha lan Purbasora uga katon marak seba.

“Punten dalem sewu, kepareng munjuk, Ibu Ratu,” ature Dyah Iswara alon sareh anuraga. “Kenging menapa para akuwu mboten ndherek nampi timbalan?”

“Hrm, hrm ... !” Ratu Shima dhehem. Sabacute: “Ingsun momong swasana, Iswara. Ing ujub aja nganti akuwu-akuwu saliyane Akuwu Bambang banjur kagedhen rumangsa. Rumangsa kanggo.”

“Hhh, mesakaken Paman Akuwu Bambang, Ibu Ratu. Gadhah sedya sae nanging mboten katampi sae. Tetela Ibu Ratu Shima malah ndhawahaken pidana sengker dhumateng piyambakipun,” ature Dyah Narayana tungtum sedhih.

“Ingsun wis mutusi perkara iku kanthi adil. Jlentrehe, kelawan nastiti ati-ati ingsun ora sakala nibakake keputusan. Nanging luwih dhisik ingsun kudu nyumurupi sebab musabab dumadine tumindak kasebut. Dadi ingsun ora mung mirsani ‘uwoh’ utawa babaring tumindake. Nanging uga kudu nyumurupi ‘oyot’ utawa niyat kekarepane.”

“Werdinipun kados pundi, Ibu Ratu?” pangoyake Dyah Narayana kang mula lagak lageyane lugu lugas. Maris watak wantu saka swargi ingkang rama.

“Apa dibenerake ‘Dharma’, mbrastha kadurjanan nganggo laku kadurjanan? Kanthi nindakake laku kadurjanan, senadyan ta dudu durjana, wong iku wis dadi durjana. Sejene kuwi Akuwu Bambang nggembol pamrih siningit.”

“Tadhah duka dalem, Sri Ratu. Menawi dipunjlimeti, Akuwu Bambang mila sampun lepas kendhali. Mangka ing Serat Dhammapada sampun dipuntandhesaken. Mboten wonten memengsahan sirep dening memengsahan. Memengsahan namung saget kasirep dening ambeg welas asih. Inggih menika ingkang sinebat angger-angger langgeng.” Wiku Dharmakirti sumela atur.

Iya! Mulat salira, nandhing salira lan tepa salira. Mawas dhiri, ngendhaleni dhiri lan ngemudheni dhiri. Upama ana wong bisa nelukake kaping sewu, sewu mungsuh lan ana wong liya kang bisa nelukake dhiri pribadi, iya wong kang bisa nelukake dhiri pribadi iku kang satemene diarani……………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik