Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (16)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 32 kali

(g). Ciniptane jin saka geni kang panas:

Ciniptane jin, miturut dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan maneh PanjenengaNe wus kepareng nitahake bangsaning jin saka geni kang murni.” (Q.S.Ar-Rah­man (55):15). Dumunung ana ing Q.S.Ar-Rahma (55):14, diterangake, ma­nawa manungsa cinipta saka lemah (lempung) kang garing pindha wingka (tembikar). Dene ing Q.S.Ar-Rahman (55):15, nerangake, manawa jin iku ci­nipta saka campurane ilat-ilat geni kang rupane abang mbranang sarta wer­na liya (min marijin min naarin). Ciniptane jin kang kapisan saka bahan (materi) ge­ni kang panas banget, sing ora ndarbeni kukus (asap) babar pisan.

Ana ing pa­ngu­ripan pedinan, geni iku merlokake te­lung unsur, supaya bisa mu­rub, yaiku oksigen, bahan bakar, lan pa­nas. Lha pro­ses unsur kimiawi kasebut bakal tu­wuh geni. Geni mau tumuli nu­wuhake cahya lan asep (karbon). Kanthi cara mangkono materi ciniptane bangsa jin, mujudake geni kang panas banget kang binakar (dibakar) sampurna, sa­eng­ga ora ndarbeni kukus (asap) babar pisan.

Isih ana gandheng cenenge karo ci­niptane jin saka geni kang panas! Ana pitakon kang samadya, sing perlu dima­ngerteni, yaiku ana ing Al-Qur’an akeh ayat-ayat sing nerangake, ma­na­wa sye­tan sarta begundhale bakal lumebu Ne­raka. Lha apa syetan iku bisa ngrasakake panasing geni Neraka? Kamangka badan wadhage syetan iku cinipta saka geni kang panas banget.

Supaya bisa kita mangerteni, kita analog (hukum qiyas) marang badan wa­dhage manungsa kapisan (Adam) kang cinipta dening Allah saka lemah (lem­pung). Lha badan wadhage manungsa kang kapindho lan nganti anak turune ora cinipta maneh saka lemah (lem­pung), nanging saka nutfah lanang lan wadon sing cinampur. Wusana tumuli da­di embrio lan calon bayi (janin), ma­pan ana ing rahime sang ibu. Tumuli du­madi manungsa kang sampurna. Badhan wadhag kang sampurna, sanajan seka­behing elemen sing dumadi saka unsur-unsur kang dumunung ana ing lemah, nanging ora ana maneh organ awak sing arupa lemah. Kabeh wus dumadi dadi bagiyan-bagiyan sing cinipta dening Allah, arupa serat, otot-otot, sel-sel sya­raf, getih, balung, kulit, rambut lan liya-liyane. Proses kang kaya mangkono mau uga lumaku tumraping makhluk ghaib, jin.

Senajan ta jin sing kapisan cinipta dening Allah saka geni kang panas, na­nging jin kang kaloro, katelu lan sak te­ruse ora cinipta maneh langsung sa­ka geni kang panas. Jin mau ngrem­bakane (berkembang biak) kaya manungsa lan makhluk urip liyane, uga ngrembaka. Ce­tha banget, senajan leluhure cinipta dening Allah saka geni kang panas, iku ora ateges sing njalari jin-jin mau ora bi­sa ngrasakake panase geni Neraka.

Ing dalem proses ciniptane jin saka geni kang panas, Allah wus kepareng paring informasi dadi wangun lan organ sing wus kepareng cinipta, katemtokake kang­go nyengkuyung aktifitas sarta ha­bitate ana ing alam ghaib. Lha kanthi mangkono wujud blegere fisike jin-jin iku ora awujud geni maneh, nanging wus dumadi wujud liya sing ora padha karo geni. Mula saka iku manungsa sing ngra­sakake lara nalika ketatap utawa sineng­gol dening lemah. Malah ora sethithik aki­bat gesekan (terbentur) lemah iki sing njalari tatu kang mirunggan (serius).

Lha tumraping bangsa jin uga mang­kono. Jin-jin mau mesthi bisa ngrasakake panas, nalika badan wa­-dhag ghaibe iku sesenggolan (terben-tur) langsung karo geni Neraka. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude :

“Yaiku sayekti Ingsun bakal ngebaki Neraka Jahanam sarana sira iblis lan ke­turunane Adam kang manut ing sira, kabeh bae.” (Q.S.Ash-Shaad (38):85).

 

IV. PAPAN NJEDHUL LAN SURUBING RAWIKARA:

(1).Papan njedhul (terbit) lan su-rub­ing Rawikara (Srengenge) iku trep karo dha­wuhe Allah, mangkene mak-sude: “Hiya Allah kang Mangerani Wetan loro lan kang Mangerani Ku-lon loro. He manungsa lan jin! Sebab apa sakaronira padha maido nikmat peparinge Allah Pangeranira.” (Q.S.Ar-Rahman (55):17-18).

Srengenge mono mujudake central (pusat) tata surya lan sumber energi kang mirunggan (utama) tumraping ma­nungsa lan sekabehing mahluk urip ana ing lumahing Bumi iki. Srengenge iku ndarbeni jejibahan (fungsi) utama ing dalem (sajerone) ngendhaleni lumaku mu­benge Planet-planet ing tata surya iki, saengga ora nganti gilir-gumanti padha tabrakan siji lan sijine. Gerak Bumi ngu­bengi utawa ngorbit Srengenge iku sing njalari tuwuh wektu awan sarta wektu wengi, obah mosike lakune angin, gu­mantine mangsa sarta sawernaning fe­nomena Jagad Raya liyane. Watara ngan­ti kaping telung puluh telu Al-Qur’an nyebut arane Rawikara (Srengenge) ma­wa tembung asy-syamsu, sarta nye­but­ake mawa tembung  asy-syiraj kaping pindho, sing sipate minangka sumber energi.

Dumunung ana ing Al-Qur’an Su­rat Ar-Rahman (55), nyebutake papan nje­dhule Srengenge mawa aran al-ma­syriq sarta nyebutake surube Srengenge ma­wa aran al-maghrib, migunakake tem­bung mutsanna tegese loro, saengga maknane dadi papan njedhule Surya (Sre­­ngenge) loro, sarta papan surube Sre­­ngenge uga loro. Dene babagan iki bakal diterangake ana ing keterangan candhake.

Njedhul lan surube Srengenge ing Al-Qur’an diterangake mawa tembung mu­fradz (tegese siji), mutsanna (tegese loro), tembung jama’ (tegese telu utawa luwih). Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude:

(a). Tembung mufrad (tegese siji). “Allah kang kepareng Mangerani Wetan lan Kulon. Ora ana Pangeran kang si­nem­bah, kajaba mung Panjenengane Allah. Mangka ngalapa sira Allah dadi kapitayanira.” (Q.S.Al-Muzammil (73):9).

Mapan ana ing ayat iki, saben-saben papan njedhul lan surube Srengenge si­nebut papan siji, yaiku Wetan lan Kulon. Nuduhake arah Wetan lan arah Kulon.

(b). Tembung mutsanna (tegese lo­ro). “Hiya Allah kang kepareng Mange­rani Wetan loro lan kang kepareng Mangerani Kulon loro.” (Q.S.Ar-Rahman (55):17).

(c). Tembung jama’ (tegese telu utawa luwih). “Mula temen Ingsun wus kepareng sumpah: Demi Allah Pangeraning Masyriq lan Maghrib, Jagad Wetan lan Jagad Kulon, sate­mene Ingsun Kuwasa.” (Q.S.Al-Ma’arij (70):40).

Gemblenge ora ana lelawanan nye­but papan njedhul lan surubing Rawikara iku. Krana saben-saben penyebutan mau ndarbeni maksud (konteks) sing uga be­da. Sinebut loro papan njedhul lan su­rubing Rawikara (Srengenge), miturut pa­ra Ulama tafsir (Mufassirin), papan njedhul lan surubing Srengenge ing wek­tu mangsa (musim) panas lan mangsa (mu­sim) adhem. Dene sinebut luwih sa­ka telu, ateges nuduhake owah-owahan posisi njedhule Srengenge sabendina, iku dumadi krana gerak mubenge Bumi ngorbit Srengenge. Luwih cetha bakal di­aturake ana ing keterangan candhake. (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…