Watu Gilang lan Gatheng ing Kotagede
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 241 kali

·       Papan lenggahe Panembahan Senopati ?

 

            Tekan seprene durung ana ahli arkeologi lan purbakala sing bisa menehi katrangan kang gumathok ngenani asal usule watu Gilang, watu Gatheng lan watu Genthong kang ana sajrone gedhong kang mapan ana sakidul wetane pasareyane Panembahan Senopati ing Kotagede.  Kejaba kuwi uga durung kaweruhan kepiye mungguh larah larahe watu sing wujude persagi lan rupane ireng iku bisa mapan ana ing kono?. Miturut crita run-temurun, watu Gilang iku  duking uni mujudake papan palenggahane Panembahan Senapati, dene watu gatheng sing wujude bunder kepleng iku jare mbiyen kanggo dolanan  gatheng dening  Raden Rangga. Saliyane kuwi watu gatheng sing bobote luwih saka telung kilo kuwi uga sok kanggo pamer kasekten dening Raden Rangga. Carane, watu gatheng sing bobote meh patang kilo kuwi diumbulake  nganti dhuwur nuli ditampani nganggo sirahe kaya patrape pemain bal-balan nalika ngekop bal ing  sirahe. Anehe, sirahe Raden Rangga ora cicir babar pisan kepara watu kuwi malah kontal tumiba adoh. Nanging tekan saiki durung ana bukti arkeologis sing nuduhake yen Watu Gilang iku duking uni dadi papan palenggahane Panembahan Senopati. “Aku durung wani mesthekae yen Watu Gilang iku mbiyen tilas palenggahan utawa dhampare Panembahan Senopati” ature Sambung Widodo  peneliti saka  Balai rkeologi Yogyakarta.

            Nanging Sambung Widodo uga ora nampik yen watu Gilang kuwi bisa uga nate dadi papan lenggahe Panembahan Senopati, jalaran ing sakiwa tengene papan iku mbiyen wis nate madeg negara gedhe yaiku Kraton Mataram.

            Manut ature jurukunci Hastono Utomo (68),   Watu Gilang sing duwe ukuran dawane 2 meter lan kandele  30 cm kuwi asale sala Limpura, sakidule Palbapan (Bantul). Nalika semana Danang Sutawijaya (asma timure Panembahan Senopati nalika durung jumeneng nata ing Mataram) sare ana sadhuwure watu kasebut ketemu karo Lintang Johar.  Ya patemon iki kang marahi Danang Sutawijaya mantep penggalihe  anggone arep jumeneng nata ing Mataram. Tenan, bareng panjenengane wis klakon jumeneng nata,   banjur paring dhawuh supaya watu Gilang iku mau kaboyong  menyang Kotagede (Sargedhe) kang dadi punjere Kraton Mataram. Ujaring kandha, watu Gilang iki uga kanggo papan palenggahane Panembahan Senopati nalika lenggah  sinewaka, mula watu Gilang iki uga klebu dadi salah sijine pusaka Mataram.

            Sing dadi gawoking para peneliti arkeologi saka manca, pranyata ing lumahe watu iki tinemu tulisan pengetan pangresulane wong-wong. Anehe maneh tulisan iki migunakake basa Walanda, Prancis, Italia lan Latin. Unine tulisan iku mangkene :”Ita movetur mondus (basa Latin); Ainse Va Le Monde (basa Prancis); Zoo Gaat De Wereld (basa Walanda); lan Cosi van II Monde (basa Italia). Kabeh ukara iki mengku teges : mangkene mungguh obahing alam donya.

            Panatane aksara iku kumpul dadi siji awangun bunderan utawa cakra. Ing sajrone lan sajabane bunderan iku ana tulisane basa Latin: Ad  Aeterna Memoriam Infelicis kang mengku teges : minangka kanggo pangeling eling ing salawase marang pepesten sangsara.

            Ing sajabane bunderan ana tulisan mubeng unine : In Fortuna Consortes Digra Valete, Quid Stupearis, Videte Ignari Et Ridete Contemnite Vos Constemtu Vere Digni. Tegese : Nyangoni slamet, kowe kanca kang tunggal pepesthen, ya gene kowe wong gendheng padha gawok, ndelenga kowe wong bodho, lan gemuyua nyenyamaha, kowe kang pantes dicecamah.

            Katrangan ing dhuwur iku kabeh wis kamot ing laporan ana Tijdscrift van Nederdlansche Indie, 3 Jaargang L, 46 (1839) lan kaserat maneh dening AS Dwijasaraja ngenani Pasareyan Pasar Gedhe (1935).

            Ing sajroning kothakan  persagi cilik tinemu tulisan IGM kang mujudake cekakan saka In Gloriam Maximam. Isih ana maneh tulisan tulisan mengku sanepa wujud kaya bledhek kang dinuga mujudake simbole Dewa Jupiter. Miturut pandugane para ahli arkeologi, yen gambar bledhek iki darbe teges Deus Optimus maximmus sing tegese Gusti Kang Minulya lan Kang Maha Luhur.

            Ing pojok kothakan gedhe siring kiwa tinemu tulisan kaya sengkalan kang nuduhake angka taun. Ing satengahe ana ukara Quid Stupearis, sabanjure tinemu tulisan VID< LEG, INV lan CUR kang ing mburine ditambahi aksara T. Ana kang ngira menawa aksara iki cekakan saka tembung Videte, Legite, Invenete lan Currite kang darbe teges padha ndelenga, macaa, rasakna lan mlakua.

            Wiwit saka Contemnite mengiwa ana tulisan CI) IC(?) LX lan IX, Sangarepe IX ana tulisan memper M nanging wis ora pati cetha. Wutuhae tulisan iku I)LXIX utawa  CIM)LXIX utawa kang nuduhake angka taun 1569 utawa 1669.

            Ing sajabane kothakan gedhe sadhuwure tulisan Quid Stuperais Insani ana tulisan Jovi.  Banjur sadhuwure Velete ana tulisan A Melain, sangisore tulisan iki ana tulisan Lie, banjur sadhuwure tulisan Constenite ana tulisan Song Ute. Manut panemune Javanolog (ahli ilmu ke-Jawaan dudu kejawen lho) Serrurier, perangan sing wiwitan iki muni  A Melon (Cho lic). Dene tulisan UIP utawa Out iku ore ctha maksude.

            Isih akeh maneh ing lumahe watu iku urek urekan lan ora cetha. Kejaba saka kuwi watu pesagi iku katon klimis lan rada lunyu mratandhani menawa mbiyene kerep kanggo lungguhan.

 

                 Angka taun 1569 utawa1669 iku ora cocok karo petungan taun jaman jumenge Panembahan Senopati. Panjenengane iku jumeneng dadi ratu Mataram taun Jimawal 1509 utawa 1559 Masehi lan surud ing taun Be 1529 utawa 1579 Masehi.

                 Sing cetha tulisan tulisan kasebut ditulis dening pawongan sing padha sambat. Apa maneh yen dudu para “bandan” (tawanan) Para ahli akeh kang padha nduga menawa watu iku asale ora saka sakiwa tengene Pasar Gedhe (Kotagedhe) nanging saka tanah pesisir lor (pantura)  kayata Surabaya, Gresik, Jepara, Yuwana  lan Pati  sadurunge digawa menyang Kotagede wis ana tulisane Sapa sing nulis ? Bisa uga para bandan saka Eropa, nanging ana uga kang nduga menawa kang nulis iku wong Walanda kang dadi bandan. Dheweke iku nguwasani basa Prancis, Italia, Latin lan Walanda. Anehe ing watu Gilang iku ora tinemu tulisan basa Portugis, kamangka bangsa Portugis iku luwih dhisik tekane tinimbang bangsa  Walanda.

                 Miturut juru kunci Hastoprasojo, legokan ing pinggiran watu sisih wetan iku asake saja nalika Ki Ageng Mangir Wanabaya dijeblesake mustakane nalika arep sungkem marang Panembahan Senopati. Ki Ageng Mangir kang dianggep wis wani mirong kampuh jinggo alias mbalela saka Mataram kuwi bisa  seda merga sawise dijeblesake sirahe ana watu banjur ditumbak dadhane  nganggo tumbak Kangjeng Kyai Agung Pleret.

Saliyane Sela Gilang lan watu Gatheng isih ana maneh sela Genthong sing gunane kanggo nyimpen banyu resik kanggo wudhu. Sing narik kawigaten, sela genthong iku tumumpang ing yoni. Iki nuduhake, dhek biyene ing sakiwa tengene Sargedhe akeh tinemu candhi. Tinggalan watu candhi uga akeh tinemu ing sakiwa tengene pasareyane para nata Mataram ing Kotagede. (Isti Nugroho).

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan