Mesjid Rotowijayan, Biyen Kanggo Deleh Jisim Sing Diawetake
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 46 kali

Satleraman, ora ana sing istimewa saka Mesjid Rotowijayan iki. Mapan ing lor persis griya dalem Sri Sultan HB X, mesjid iki mung cilik lan prasaja banget. Menawa dibandhingake klawan Mesjid Agung Keraton sing mapan ing lor kulone, jelas kalah adoh.

Mesjid Rotowijayan iki uga asring sinebut Mesjid Keben, amarga mapan ing cedhak wit keben. Senajan cilik, Mesjid Rotowijayan iki bisa momot udakara jamaah 100. Menawa ditlesih luwih permana, mesjid iki pranyata duwe tapak sejarah sing ora sepele.

Miturut pratelane Penghageng Tepas Dwarapura, Kanjeng Raden Tumenggung (KRT) Jatiningrat, Mesjid Rotowijayan iki anggone madeg udakara taun 1792. Madege mesjid iki klebu istimewa, amarga minangka tetenger jumenengan Sri Sultan Hamengku Buwono II.

KRT Jatiningrat sing asring diaturi  Rama Tirun iki ngandhakake, nalika pisanan madeg, mesjid iki jenenge Mesjid Suronatan. Sinebut mangkono amarga mesjid iki digunakake kanggo papan pangibadahan para abdi dalem Suranata, yaiku abdi dalem kang ngayahi tugas ngrumat pusaka kagungan dalem Keraton Ngayogyakarta. ”Sabanjure, sing ngrumat lan ngopeni mesjid iki ya para abdi dalem Suranata mau,” ujare Rama Tirun.

Nalika Ngayogyakarta dijegi Inggris, mesjid iki uga dadi seksi perjuangan abdi dalem Suranata. Dicritakake, ana salah sijining komandan tentara Inggris sing teka ing Keraton, saperlu arep ngrangket Sri Sultan HB II.

Wektu komandan mau liwat ing lor mesjid, saka jero mesjid, salah sijining abdi dalem Suranata kasil nembak ngenengi komandan tentara Inggris mau.

“Abdi dalem Suranata iki mbuktekake, anggone  mungsuhi bangsa sing nindhes bangsane dhewe iki wiwit biyen wis ana,” ujare Romo Tirun. 

Senajan komandan tentara Inggris kuwi tatu, ananging anggone arep ngrangket Sri Sultan HB II ora surut. Dikawal tentara Inggris sing ora sethithik, wusanane Sri Sultan HB II dirangket lan diungsekake ing Pulo Pinang. Prastawa kuwi dumadi ing taun 1812. Sabanjure taun 1816, gentenan Landa sing ngrangket, lan Sri Sultan HB II digawa ing Ambon nganti taun 1826.

Udakara taun 1824, yaiku nalika Sri Sultan Hamengku Buwono II isih ana ing Ambon, salah sijining putrane kang asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Haryo Mangkudiningrat, seda.

Karana nunggu ramane bali, jisime Pangeran Haryo Mangkudiningrat kuwi ora langsung disarekake, ananging diawetake. Wektu semono Sri Sultan HB II dhawuh, supaya putrane sing wis seda kuwi bisa disarekake ing Pesareyan Kotagede. Ananging gandheng ngenteni Sri Sultan HB II uwal saka kunjara, jisime Pangeran Haryo Mangkudiningrat sing wis diawetake mau didelehake ing Mesjid Suronatan.

Lha, ana salah sijining abdi dalem kang tansah setya ngancani lan nggula wenthah jisime Pangeran Haryo Mangkudiningrat ing mesjid iki. Abdi dalem mau asmane Kyai Driya Ijaya. ”Udakara rong taun sumare ing mesjid,  Kyai Driya Ijaya tansah setya ngancani. Sabanjure taun 1826, jisime Pangeran Haryo Mangkudiningrat wusanane disarekake ing Pesareyan Kotagede, jejer klawan pesareyane Sri Sultan HB II, ya ramane kang uga ing taun kuwi seda. Iki kabeh sak trep klawan wasiat sinuhun HB II sadurunge seda,” ujare Romo Tirun. 

Kyai Driya Ijaya, sing tansah setya ngrumat jisime Pangeran Mangkudiningrat, tetep ngabdi minangka abdi dalem ing Keraton Ngayogyakarta. Lan nalika dheweke seda, dening Keraton Ngayogyakarta diwenehi ganjaran, jisime disarekake ing mburi mesjid.

Ing mburi Mesjid Rotowijayan iki, biyen pancen ana pesareyane. Akeh sing wis dipindhah, mung pesareyane Kyai Driya Ijaya iki sing ora gelem dipindah, lan tekan saiki isih sumare ing kono.

Jeneng Mesjid Suronatan malik dadi Mesjid Rotowijayan, Rama Tirun njlentrehake, asal muasale saka anane Agresi Militer Belanda II, yaiku ing taun 1948. Ngadhepi kahanan sing muwatiri kasebut, abdi dalem Suronata ditarik mlebu ing Keraton Ngayogyakarta. Sabanjure, para abdi dalem iki anggone tugas ing Mesjid Panepen Keraton Yogja. 

Karana abdi dalem Suronata ditarik ing Mesjid Panepen, Mesjid Suronatan dadi suwung sauntara wektu. Sabanjure, mesjid iki digunakake dening para abdi dalem Rotowijayan, yaiku abdi dalem sing tugase ngrumat jaran lan kereta duweke Keraton. “Lan nalika Sri Sultan HB IX jumeneng, Mesjid Suronatan iki diganti jenenge dadi Mesjid Rotowijayan,” ujare Romo Tirun. 

Kompleks mesjid sing jembare udakata 300m2 iki, duwe ciri khas kaya mesjid Jawa kuna liyane. Nalika pisanan madeg, ing ngarepan mesjid uga ana blumbange. Ananging saiki, blumbang kasebut wis ora ana, malik dadi pelataran mesjid. 

Minangka ciri khas mesjid kagungan dalem, Mesjid Rotowijayan iki mustakane uga digawe saka tembaga, wujude gada ing pucuk, ing ngisor dikupeng ornamen godhong kluwih. Dene bangunan utama ing tengah mesjid, isih asli, cagak papat kukuh ora akeh owah-owahane. Bedhug uga isih asli, dideleh ing bangunan utama.

Ciri khas liyane yaiku, lawang mesjid sengaja digawe cendhek. Kabeh mau ngandhut filosofi Jawa, supaya pawongan sing mlebu mesjid iki mendhak, lan tuwuh rasa ngurmati marang Gusti Allah. “Senajan katone ora penting, lawang mesjid sing cendhek iki filosofine dhuwur,” ujare Romo Tirun.

Mung wae, karana jamaahe tansaya akeh, supaya amot, mula dibangun serambi ing ngarepan lan ing lor bangunan utama.  Sing jamaah ngibadah ing Mesjid Rotowijayan iki, saiki ora mung abdi dalem Rotowijayan wae, ananging uga  abdi dalem liyane. Malah, warga sakiwa tengen mesjid lan para turis sing lagi plesir ing Keraton Yogja, uga asring ngibadah ing mesjid iki.

Mesjid Rotowijayan iki dilebokake minangka salah sijining bangunan cagar budaya sing dijaga kelestariane.

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…