Lungguh kag Ewuh (9)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 464 kali

Jam setengah pitu esuk, warta Jatmiko dirujuk menyang salah sijine rumah sakit gedhe ing Sala wis di­tampa Riris lan Martini. Kari ngenteni bu­dhale mengko jam pira, sebab isih nung­gu tekane dhokter sing ngrumat. Pikiran lan atine Martini dadi wimbuh remuk rem­pu. Wadoyo sing wis ninggalake puskes­mas bakda subuh mau uga dikabari Riris babagan kuwi. Nanging wangsulane en­theng wae.

“Ya, mengko yen ora udan bapak nyu­sul menyang Sala, awit esuk iki kudu mu­lang lan ngeterake ibumu menyang acara Temu Tani neng desa liya. Kira-kira nganti kliwat jam loro, sebab acarane dirawuhi bupati. Dhuwit kanggo nebus obat lan wragad liyane, nganggo dhuwitmu dhisik, mengko yen bapak wis longgar dakijoli,” es-em-es saka Wardoyo mau dituduhake Martini. Martini ora guneman apa-apa, mung unjal ambegan landhung.

“Ora usah dipikir banget-banget, meng­ko ibu sing ikhtiyar. Wis tentremna pikirmu kareben bojomu enggal pulih. Jat­miko aja kok dudohi es-em-es saka ba­pakmu mau, mundhak nambahi sang­gane pikiran. Yen Jatmiko takon perkara wragad, kondhowa yen ibu wis cawis,” ujare Martini menehi semangat Riris.

Martini bisa maca kaya apa bingunge Riris mikirake wragad mertamba, sebab  anggone nyambut gawe Jatmiko minang­ka guru sukwan mentas wae. Pangrasa lan awake Martini saya lungkrah sasu­wene ngenteni tekane dhokter sing bakal mbudhalake Jatmiko menyang Sala. Bola-bali Martini nguwasake anake sing wis kelangan daya lan kesadharane. Raine pu­cet, lambene biru, kari ambegane sing isih bisa kanggo nggedhekake ati lan pa­ngarep-arepe Martini.

Riris lan Martini oleh tambahan pe­nga­rep-arep nalika maratuwane Jatmiko wis tekan kono esuk kuwi. Saora-orane ati dadi entheng merga ana wong lanang melu nunggoni Jatmiko. Awit kaya krasa samun yen pinuju ngupakara wong lara ngono kuwi ora ana wong lanang kang diajak te­timbangan.

“Piye kahanane bojomu, Ndhuk?” pitakone bapake Riris.

“Iki arep dirujuk menyang Sala, Pak,” wangsulane Riris gro­yok.

“Lha apa durung ana owah-owahan wiwit wingi awan kae?”

“Wiwit mau bengi kaha­nane Mas Jatmiko saya ngu­wa­tirake, Pak, mula kudu di­ga­wa menyang Sala sing pi­rantine luwih jangkep.” 

“Wah, tiwas bapak mung sangu sithik, Ndhuk,” bisike ma­rang Riris.

“Dipikir keri wae, Pak, sing baku Mas Jatmiko enggal ketu­lungan,” wangsulane Riris nge­mu pangangluh.

Luwih rada ayem maneh atine Martini nalika esuk kuwi…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…