Sendhang Bulusan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 293 kali

Panggonane pancen edhum lan nengsemake. Wit ringin kang gedhene telung rangkulane wong diwasa ndadekake sendhang iku katon sangsaya ngre­sepake pandulu. Oyod-oyode pating glantung prasasat bisa nu­tupi wite kang pancen wis dikebaki lumut iku. Ngendikane mbah bu­yut, mbiyen oyod-oyodan kang da­di sulur kuwi kanggo gandholan gendruwo. Mbokmenawa saka  umure kang wis puluhan taun, bonggol wit ringin kang sisih lor wetan growong kira-kira setengah meter ambane. Bonggol kang gro­wong iku kebak angus lan tilas ba­karan kemenyan. Sawuran kem­bang mawar abang putih ngebaki papan kang growong mau. Wer­na­ne isih wutuh, sanajan kasulap karo werna coklate godhong ringin kang gogrog merga garing. Kem­bang mawar iku durung kucem wernane, mertandhani yen wingi sore mentas ana kang atur sesaji ing sendhang kono.

Ora kalah nengsemake Nyai Bulus. Paraban kanggone bulus wadon kang umure wis puluhan taun. Yen manungsa cetha wis nini-nini. Wis tuwa banget. Bu­lus iku siji-sijine kewan tunggon kang geleme mecungul yen wis diuncali bubur sum-sum. Mbuh dipangan mbuh ora, pan­cen iku syarate. Dudu sembarang bubur, nanging bubur sum-sum kang diwungkus godhong gedhang.

Bener-bener sesawangan kang ngre­sepake. Ing ngatase desa kang cengkar, adoh lor adoh kidul, anane mung awang-uwung, isih ana panggonan petilasan kang endah lan nengsemake.

Petilasan. Iku ujare wong-wong de­sa, uga ujare wong tuwaku dhewe. Yen aku ngarani kok dudu. Ora ana bukti kang nu­duhake yen panggonan kasebut ka­telah petilasan. Ya mbuh kono anggone ngarani. Sing mesthi panggonan iku kanggo jujugane wong-wong kang karep ngalap berkah.

Jarene Kang Markam, percaya ra per­caya sok sapa sing paring sesaji ing sen­dhang kono mesthi bakal kabul kajate sa­najan sendhange ora mingsra. Sen­dha­nge ora pati amba. Kira-kira mung li­mang meteran. Nanging ketoke jero ba­nget. Banyune bening kimplah-kimplah. Mbiyen cilikanku asring dijak bapak atur sesaji marang Nyai Bulus ing sendhang iku. Nanging saiki aku emoh. Iku takha­yul. Aku ora percaya babagan mengkono iku.

“Ratna, pisan iki manuta Bapak,” ngen­dikane bapak rada sora sajak duka.

Bapak meksa aku supaya…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…