Tapak Jangkah Leluhur (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 148 kali

Ratu Shima nggagas. Nggathuk-gathukake lelakon siji lan lelakon liyane kang ge­gayutan lan lelakon dina iku. Sewin­du kepungkur panje­neng­ane wis mujudi paring pitungkase swargi Prabu Kartikeya Singha. Sanna utawa Bratasenawa wus kawiwaha dha­up lan Sannaha. Palakrama nunggal da­rah. Padha dene putra Rahyang Mandi­minyak. Sanna patutan saka garwa Putri Ringgit Rababu iya Pohaci Rababu, putra Prabu Tarusbawa Sunda. Dene San­naha patutan saka garwa Dewi Parwati, putra Prabu Kartikeya Singha.

Ora gantalan suwe Sanna lan Sannaha peputra si Sanjaya. Iya ing dina wiyosane Sanjaya kuwi Ratu Shima nampa pawarta yen praja Melayu Sribuja digebag perang Sri Jayanasa. Sriwijaya kang biyen-biyene karajan cilik kate­mahan bisa nguwasani Swarnabhumi. Karajan Pali ing poncot lor Swarnabhumi kasil ditelukake Sri Jayanasa bareng lan manungkule Mahasin. Lebar kuwi ganti ngrabasa Tulangbawang lan Melayu Sribuja.

Praja Melayu Sribuja mula tansah dadi kawigatene Ratu Shima. Eling-eling panjenengane miyos ing Musi Banyuasin lan Melayu Sribuja kasebut iya prajane ingkang paman mara sepuh. Amarga swargi Prabu Kartikeya Singha iku putra kepulunane prameswari nata ing Melayu Sribuja. Mula wis samesthine yen laku lekase Sri Jayanasa nggebag perang Melayu Sribuja kuwi banget nglarani penggalihe Ratu Shima.

Let sedhela Ratu Shima banjur unjal ambegan landhung. Nyoba nata napas nentremake nala. Suprandene ...

“Heh, Bentara Jalasena ... ! Ingsun iki ucap-ucapane wis kempong perot jambul wanen. Ingsun wis sinebut eyang buyut dening si Sanjaya,” cumeplose Ratu Shima esmu murina. Mbrabake pasuryan lan kumedut padoning lathine ora bisa disi­ngitake. “Sri Jayanasa iku garangan awulu iwen. Mula ingsun tulak karepe si Rahwa­naraja iya Dasamuka Sriwijaya iku. Tite­nana. Nganti kukuting jagad, Ratu Shima ora bakal gelem dirabi apa dene direh Sri Jayanasa!”

Sanalika pendhapa pisowanan Keling Kalingga tintrim. Upama ana lemud mabur mesthi keprungu ngeng-e. Upama ana wong mingset saka lungguhe temtu ke­prungu kumlesete. Kang sami mara seba sentag-sentig dhadhane. Nggambarake kepriye mengko dadine lamun Bentara Jalasena tansah mbregundung. Nggugu karepe dhewe.

“Kula menika ‘tatah ginandhen’, Sang Prabu Putri.”

“Nanging jeneng sira iku menungsa, Jalasena. Sira darbe akal budi, rasa pang­rasa.

Apa maneh sawijining bentara. Wong kang wis dibandhani kawruh lan sesu­rupan. Dhuwure guna pangawikan,” pa­melehe Ratu Shima tandhes.

“Inggih awit kula bentara menika. Ing­kang murugaken kula kedah saget mung­kasi damel kanthi cukat cakut. Kula kedah mboyong Sang Prabu Putri samenika-samenika ugi!” pangengkele Bentara Jalasena karo menyat lan sraweyan tangane.

Mulat glagat kang banget mbrongot ati kuwi, sanalika Akuwu Bambang…………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya