Wis dadi kelumrahan
ing ngendi papan saindenging donya, menawa wanita kuwi mesthi duwe papan kang
mligi kang ora kena diambah utawa ditekani dening sadhengah uwong. Apa maneh
ing daleme para Pengageng, para priyayi luhur, luwih luwih pedalemane
Panjenengan Nata, mesthi kagungan papan kang mligi kagem para putri kang
lumrahe banjur karan Keputren.
Tembung kasebut mau
wis ngarani menawa kang kawenangake ngambah papan kasebut ora liya mung para
putri lan para abdi kang asipat wadon bae, lan wong lanang ora dikeparengake
ngambah papan mau. Apa hiya babar pisan wong lanang ora dikeparengake ngambah
papan mau? “Kena”, mangkono wangsulane, “nanging menawa perlu bae lan ngenani
bab kang ora keconggah ditindakake dening wanita. Dadi miturut keperluan lan
kebutuhan. Kayata memenek undhuh undhuh utawa dandan dandan mbenerake
gendheng pecah utawa mlorot. Saliyane kuwi ngedhuk luwangan nggawe jugangan
buwangan uwuh, usung–usung barang-barang kang abot-abot, masang instalasi
listrik, lsp, kang pokoke klebu pagaweyan sing umume mung bisa ditandangi
dening wong lanang.
Ora ngemungna ing
kalanganing wong Jawa bae, nanging kena diarani wis jeneng lumrah lan mratah
tinemu ana ing saindenging bangsa-bangsa sajagad rat, dadi dudu barang aneh
menawa ing Kraton Ngayogyakarta apadene Kraton Surakarta Hadiningrat
upamane, uga tinemu bageyan kang karan Keputren mau. Bageyan Keputren kasebut
yektine wis dumadi wiwit kraton iku madheg lan jeneng dadi bageyan kang kena
diarani wigati. Wondene mapan ana ing Kraton iring kulon lan mesthi bae
cak-cakane beda karo Keputren kang tinemu ing liya negara.
Menawa kita mlebu
Kraton Ngayogyakarta liwat regol siring Kidul kang kawentar kanthi aran Regol
Kemagangan, kita mesthi bakal ketemu renteng tembok ing sakulone lawang regol.
Renteng iki ing sisih ndhuwure ana pepethane naga cacah loro kang padha gegubetan.
Naga loro mau madhep manengen lan sijine madhep ngetan. Naga lanang nitik saka
sisike kang semu lancip. Naga sijine mujudake Naga wadon kanthi nitik wetenge
awangun bunder-bunder. Naga-naga mau kanthi mangkono banjur dadi tenger kanggo
sadhengah kang padha sowan mlebu ing kraton, yakuwi arahe para wong lanang
(abdidalem sipat lanang) mangetan ngenut sirahe Naga lanang mau, lan para
wanita kudu metu lan liwat dalan mangulon kaya kang dituduhake dening naga
wadon kang marep ngulon mau. Kanthi mangkono kita banjur uwis mangerti menawa
papan-papane lanang lan wadon kuwi pisah lan dhewe-dhewe. Apa kanthi mangkono
para abdi dalem estri ora kepareng ngambah laladan ing sisih wetan? Mesthi wae
menawa ana keperluwane dikeparengake, kaya ta menawa kudu ngladekake dhahar
menyang Kasatrian papane para putra-putra dalem kakung utawa menawa meneri
tuguran penganten lan nyirami penganten kakung kang wis kasengker ana ing
Kasatrian mau. Kejaba mangkono uga menawa mundhutake utawa arep ngladekake
unjukan dalem teh padinan kang mesthi kudu kagawe ana ing kagungan dalem
Patehan kang dumunung ana ing sawetane regol Kemagangan (ing sakidul wetane
Bangsal Manis).
Ing regol Kemagangan
mau papane para wanita kudu cucul rasukan (klambi) jalaran para wanita kuwi
menawa marak mlebu ora kena klamben mung tapihan lan ubed-ubed utawa sumekan
(kembenan) wae. Sawise mangkono banjur mlebu Regol Kemagangan mangulon lan
sawise ngliwati seketeng telu cacahe kang kabeh mawa renteng nuli tekan
regoling keputren kang arane: Regol Manikantaya.
Keputren kuwi kaya
kang uwis uwis katur ing ngarep mujudake papane para putri Kedhaton: apa saben
kang asipat putri kena manggon ana ing keputren, apa mung pilih pilih wae lan
menawa pilihan banjur sing endi lan sapa sing kepareng mapan utawa manggon ana
ing keputren mau? Miturut tatanan lan paugeran wiwit jamane Ingkang Sinuhun Hameng-kubuwono
VII seprene sangertine pangripta (jalaran miturut kahanane ing bab tatanan iki
uga tinemu owah owahan ing jaman Ngarsa Dalem HB X lan samengko). Keputren mono
pa-pane utawa daleme para garwadalem, yakuwi Prameswaridalem kang uga katelah
kanthi sesebutan “Kangjeng Ratu”. Saliyane Kangjeng Ratu uga sakehing Garwa
Ampeyandalem sarta para Selirdalem, sebab miturut tatanan dhuk semana
panjenengan dalem Nata kuwi wenang kagungan garwa luwih saka siji.
Sarehne mangkono wis
mesthi wae, para putra putrae Garwa-garwa mau (sing isih cilik) uga isih padha
ndherek ibune lan kepareng manggon ana ing laladan Keputren. Kajaba kuwi kang
uga kapareng mapan ana ing Keputren
yakuwi para putradalem asipat putri. Yen durung padha palakrama isih kepareng
manggo ana ing Keputren mau.
Seje karo para putra
putra kang asipat kakung. Anggone kepareng manggon ana ing Keputren menawa isih
cilik lan mung tekan wancine wis supit (tetak). Ing jamane Ingkang Sinuhun HB
VII sawise padha supit banjur padha pindhah manggon ana ing Bangsal Tamanan lan
ing jamane Ingkang Sinuhun HB VIII tekan seprene banjur kadhawuhan manggon ana
ing bangsal Kasatrian dadi banjur padha pisah karo ibu (kang uga karan ingkang
Bibi tumrap putrane Garwa Ampeyan utawa garwa Selir).
Senajan jeneng pisah karo ibune, para putra
putra kakung kuwi mau isih tansah dadi reksane lan dadi urusane para ibune
dhewe-dhewe. Ing bab dhahare lan sakehing kebutuhan liyane. Kanthi mangkono
senajan padha pisah nanging sesambungan batin terus ana lan saben saben mesthi
uga padha bisa kepanggih, jalaran ibu utawa bibine isih padha tanggung jawab.
Perlu kawuningan,
menawa sing diarani Keputren kuwi wewengkoning kraton wiwit Regol Manikhantaya
mangulon tekan kikis cepuri Kraton lan mangulon tekan ing Tamanan; watese Wetan
tekan ing Prabayaksa sakulone Bangsal kencana lan sakidule Bangsal Pangapit Ing
sawetan lan sakulone Regol Manikhantaya ana pacaosane (papan kanggo piket utawa
cundhuk kemit) Abdidalem Keparak para Gusti kang kaperang ana loro yaiku Keparak Wetanan lan Keparak Kulonan.
Ing sakidul regol Manikantaya tinemu Gedhong Sedhahan papane para Keparak.
Sedhahan marak. Iang laladan Keputren kono tinemu wewangunan kang karan Gedhong
Hinggil, kanggo nyarekake sakehing pusaka kaya Kangjeng Kyai Slamet lan
Kangjeng Kyai Tunggulwulung, sarta Kangjeng Kyai Pangarib-arib kang awujud
pedhang sarta ing kunane kagem nindhakake ukum kisas marang wong kang salah lan
kudu nampa ukum pati sarana di kisas
kang katindhakake ana ngarep (salore)
Bangsal Witana ing plataran Keben samengko ing papan kang saiki di ditandhani
dening tembok cendhek lan rajeg wesi.
Ing Keputren kono uga
tinemu Bangsal Asrep, Regol Abrit, Ngendrakila, Gupit Mandraginio (kang katelah
angker banget, jalaran papan kasebut kagem nyarekakepusaka-pusaka lan kang mung
kawenangake seminggu sepisan ana ing dina Kemis malem Jemuwah lan dina malem
Selasa Kliwon saperlu kanggo sesaji caos dhahar kutug, kang katindakake dening
para putri kang kajibah tampa giliran nindakake ayahan mau.
Ing sajroning Keputren
kasebut uga tinemu ana masjide karan Masjid Keputren kang dadi papan pacaosane
para abdidalem pamethakan Suranata lan para abdidalem Panakawan Kaji kang padha
nindakake adzan ing masjid iki ora katindakake salat Jemuwahan nanging ing sasi
Pasa uga dianani trawehan apa mesthine kanggo para putri lan abdidalem wanita
kang padha nindhakake ngibadan Pasa apa mesthine. Malah ing Masjid Panepen kang
dumunung uga ana ing laladan keputren traweh mau kapimpin para Panakawan kaji.
Ya para abdi dalem
panakawan kaji iki kalebu kang asipat lanang kang keparengake lan kawenangake
ngambah wewengkon keputren saperlu nindakake ayahan muter jam-jam kang tinemu
ana ing laladan Keputren mau, anggone nindakake ayahan mau saben dina jemuwah
dadi seminggu sepisan. Abdidalem sipat lanang kang uga duwe ayahan lan kepareng
ngambah keputren yakuwi Kanca Silir, kang tinanggenah ngurusi bab urubing
sakehing dilah (lampu) ing sajroning kedhaton. Jaman biyen lampu lampu kuwi
wujude lampu lenga. Ing sakawit lampu lenga klentik (jlupak) banjur kasalinan
bangsane lampu teplok utawa lampu gantung kang migunakake lenga patra (minyak
tanah) lan suwening suwe banjur ganti lampu listrik tumekane seprene. Kanca
Silir samengko ngurusi kajaba sakehe kabel uga plenthong-plentong (bohlam
lampu) listrik sarta lampu lampu neon, lan kudu ngganti ing titi wanci padha
mati.
(Amin Nugroho/Ana Candhake)
Akeh wong
kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.
GROJOGAN PEDHUT-
Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***
Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas
Benci
nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri
DPR ora kesusu ngrembug RUU HP
Ora
kaya RUU MD3 ya?
Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi
Ora
ana mangan awan gratis pancen…