Kasus Mbah Saulina lan Honggo Wendratno
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 20 kali

Wis wola-wali kita nggatèkaké pirembugan, diskusi utawa perdhébatan antarané para ahli hukum ngenani sawijining perkara, kaya ta antarané jaksa penuntut umum lan pengacara, pembela utawa penasihat hukum, utawa antarané para ahli hukum ing sawijining diskusi ilmiah. Mesthi kita bakal berdhecak kagum ngaweruhi per­dhébatané, silat lidhah lan adu argumentasi para ahli hukum ksb. Kabèh nuduhaké alasan, pasal-pasal lan ayat-ayat sing dianggo gondhèlan. Najan, kadhang kala kita ngrasa, apa sing diajokaké kaya-kaya sok kurang mlebu ngakal lan cengkah karo logika lan rasa keadilan. Ora mokal kesimpulané sok kaya ora ber-perikemanusiaan lan ora ber-perikeadilan. Lan mesthi waé, perasaané wong awam mau “kalah manut hukum”, nganti rasané sing bener lan adil dadi salah, sing kliru dadi bener.

Kaya sing nembé waé kedadéyan sing dialami Mbah Saulina boru Sitorus, sawijining wanodya kaduk sepuh sing yuswané wis 92 taun (wolung taun manèh ganep sak abad). Dhèwèké dudu pesakitan utawa penjahat. Kesalahané, yèn pancèn be­ner, mung ngrusak wit durèn diameteré 5 inci (± 13 cm) du­wèké pelapor sing isih kerabaté, Japaya Sitorus. Pengadilan nibakaké putusan (vonis) paukuman 1 wulan 14 dina marang Mbah Saulina sing pantesé wis urip tentrem nikmati dina se­puhé. Kita sadhar yèn secara hukum prosedural, vonis ksb mbok menawa pancèn bener, ora salah. Nanging apa pantes yèn hukum mung dijejegaké laras karo teks formal nanging nglirwakaké rasa keadilan ing masyarakat ? Apa keadilan hukum mung mligi soal prosedur ? Apa prinsip-prinsip kemanusiaan lan kepatutan wis ora diprétung lan diinggiraké ?

Kamangka kita uga nyathet, kedadéyan liya sing cengkah banget : WN Indonesia liyané sing umuré durung nganti rong proteloné Mbah Saulina, Honggo Wendratno, tilas Dirut PT TPPI (PT Trans Pasific Petrochemical Indotama). Honggo sing minangka tersangka kasus korupsi penjualan kondensat kanthi kerugian negara nggayuh Rp 35 Trilliun kanthi gampang minggat menyang njaban negara tanpa terdeteksi. Honggo wis bola bali mangkir saka panggilan kanggo ngayahi pemeriksaan. Éwa semono sasuwéné iki Honggo ora naté dicekal. Lan saiki, se­najan statusé pelarian, Honggo bisa nikmati urip kepénak ing njaban negara nggunakaké dhuwit asil korupsiné. Ing kasus iki, hukum krasa empuk banget lan lentur nganti kangèlan ngrangkèt koruptor ksb. Ing kasus iki penegak hukum krasa murah hati banget marang koruptor.

Ndeleng masalah loro ing ndhuwur iku, kita pantes nduga yèn bisané Honggo gampang ucul ing manca negara ora bakal kelakon yèn tanpa dhuwit kanggo nglancaraké. Dhuwit sing dicèh-cèh kanggo nggampangaké urusan, genah dhuwit korupsi sing cetha kharam. Sing nampa dhuwit mau uga kalebu tumindak dudu sing uga kharam. Manut hukum agama, sapa waé sing ngréwangi kadurjanan senajan mung sakkecap, ateges wis mèlu tumindak kharam lan kudu mèlu nanggung akibaté. Sajaké, ancaman hukum agama mau wis ora ana tilasé babar pisan ing masyarakat kita.

Yèn dibandhingaké, kasus Mbah Saulina wis cengkah ngalor ngidul karo kasusé Honggo. Ana apa sabeneré hukum ing negara kita iki ? Sing maling triliunan rupiah bisa bébas ing manca negara, déné sing ngrusak wit durèn nampa paukuman mlebu bui. Kuduné perkara sing nduwèni dimènsi sosial, mbu­tuhaké banget sensitifitas dhuwur saka penegak hukum. Malah rasané kasusé Mbah Saulina ora pantes diperkarakaké, apa­manèh nganti disidhangaké. Kita mung bisa prihatin merga para penegak hukum ora mung ora sensitif, nanging uga seneng merkarakaké perkara cilik sing ora pantes diperkarakaké. Lan iki mitontonaké bukti yèn pedhang hukum landhep banget ngungkuli péso cukur yèn ngadhepi wong cilik, nanging kethul landhep dhengkul ngadhepi wong sing nduwéni kuwasa lan sing nduwé dhuwit.

Yèn wis mangkono, karan lumrah yèn saterusé isih bakal ana manèh kasus liyané sing mèh padha. Pengrusak wit durèn, maling sandhal jepit lan maling woh kakao telung iji liyané sing disidhang manèh ing pengadilan lan divonis mlebu pakunjaran. (MW).

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…