Samak Plastik
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 112 kali

Ir, bukuku kok kapakne, lo? Ngapa dadak kok wenehi sampul plastik ngene iki? Kan ora gaul dadine,” takonku menyang Irma kalane buku cathetanku dibalekake awan kuwi.

“Karepku ben warnane sampul ngarepmu ora gampang ilang lan kanggo…..,” durung rampung anggone Irma mangsuli wis tak penggak.

“Pokoke wiwit dina iki aku wegah nyilihi awakmu buku maneh,” ujarku maneh sinambi menyat ninggalake Irma.

Nalika tak tinggal kuwi mau praupane Irma katon sedhih. Nanging aku ora perduli. Salahe dhewe bukuku disampuli ngene. Yen ngene iki dadine buku kan kaya duweke bocah wedok. Menawa konangan bocah lanang liyane mesthine bakal disuraki, “Bukune cah lanang kok disampuli kaya ngono.”  Aku kan bisa isin banget.

Telung dina kepungkur Irma ora mlebu sekolah jalaran lara. Mesthi wae Irma ketinggalan akeh banget pelajaran. Amrih ora ketinggalan, rong dina kepungkur Ibune Irma menyang omahku saperlu nyilih buku cathethanku. Jarene ibune cathetanku mau arepe disalin Irma.

“Nak Jepri, napa pareng buku cathetane kula ampil?” mangkono takone Ibune kalane nyilih bukuku. Mesthi wae aku ngolehi.

Nganti bel pungkasan diunekake rasa mangkelku marang Irma durung ilang. Irma daktinggal mulih dhisik. Aku wegah ngenteni bocah sing ora gelem njaga barange liyan. Biyasane aku lan dheweke mulih bebarengan jalaran omahku lan omahe mung keletan gang.

Kalane mulih iku mau, tekan ing tengah sawah, dumadakan udan deres. Aku sing dina kuwi lali ora nggawa mantel lan ora ana papan kanggo ngeyup, kepeksa nerjang derese udan. Asile tekan ngomah aku teles kebes. Weruh aku teles kebes mesthi wae ibuku duka banget.

Sabubare salin klambi lan mangan awan, buku-buku ing njero tasku daktokake kabeh. Kalane ngetokake buku-buku mau ana sethithik rasa ayem sing tak rasakake. Mantel tas sing ana ing tasku lumayan kasil nylametake bukuku. Saka sauntara buku sing dakgawa ing dina kuwi sing telese paling nemen mung perangan pinggirane wae.

Nanging saiba kagetku nalika ndhudhah isen-isene tas mau, ana salah siji buku sing garing sring babar pisan ora kena banyu udan. Buku sing ora teles mau yaiku buku sing mentas disilih Irma. Nalika buku iku mau daktokake, Ibuku ngendikan, “Carane ngramut buku sing apik kuwi ya ngene iki hlo, Le. Sampul plastik kaya ngene iki saliyane ndadekake luwih awet lan apik uga bisa kanggo nglindhungi buku saka banyu. Klebu banyu udan. Eh, sapa sing wis nyampuli bukumu kaya ngene iki?” pandangune ibuku.

“Irma, bu,” wangsulanku cekak.

“Oalah, iki buku sing disilih ibune Irma sauntara dina kepungkur kae ta?” pandangune ibu maneh.

Aku manthuk.

“Kowe wis ngucapke matur nuwun apa durung?”

Aku gedheg.

“Piye ta kowe kuwi. Kudune kowe matur nuwun menyang Irma merga dheweke wis gelem ngramut bukumu kanthi luwih becik. Pokoke sesuk kabeh bukumu kudu kok sampul kaya ngene iki,” ngendikane Ibu maneh.

Bareng dakpikir kanthi temenan sampul plastik ngono pancen gunane ora mung kanggo ndadekake buku awet nanging uga bisa kanggo njaga amrih buku ora teles kena banyu. Aku saiki dadi ngrasa luput dhewe...

Dina candhake aku nemoni Irma. Ing ngarepe Irma, aku njaluk ngapura marang sekabehane tumindakku wingi. “Irma, apuranen aku ya! Sepurane aku ora ngerti yen gunane sampul plastik ngono jebule akeh banget.”

“Ora apa-apa kok, Yok. Aku sing kudune njaluk ngapura merga wis lancang nyampuli bukumu.”

“Hmm… matur nuwun, Ir. Awakmu pancen kancaku sing paling apik.”

Wiwit dina iku aku lan Irma kekancan apik maneh. Saka bantuane Irma, saiki buku-bukuku wis sampulan plastik kabeh. Aku ora peduli diece utawa dilokake kanca.

Kanggoku luwih becik diece nanging bukune awet tinimbang dianggep gaul nanging bukune rusak kabeh. (Zuly Kristanto)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!