Seri Patilasan Majapahit ing Gunung Kidul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 114 kali

Patilasan Batur Putat Patuk

Esuk iku swasana sakidul Padukuhan Batur bawah Desa Putat Kecamatan Pathuk Gunung Kidul katon nyenyet. Sing keprungu mung kumrisike gegodhongan, merga katiup samirana. Sajak keprabawan birune langit sarta daya alam sing cumondhok ana ing grumbul uwit waringin sing tuwuh ana ing sisih kulon dalan.

Grumbul uwit waringin sing umure dinuga  wis atusan taun iku minangka tandha nalika Sinuhun Prabu Brawijaya pungkasan ing Majapahit bebadra. Linggar saka kedhaton, merga katekan wadyabala jurit saka Demak. Tuwuh ana ing ereng-ereng katelah patilasan Batur.

Oyode uwit nalolor kadidene nam-naman nunggal tan pepisahan. Salah sijine uwit waringin bageyan ngisor kabungkus kain werna putih. Minangka tandha menawa papan kono mujudake papan sing wigati mungguh laku jantra Sinuhun Brawijaya nalika ana ing paran.

Ing sisih lor tuwuh grumbul uwit pring apus. Nitik saka kahanane, sawtara pring sing umure wis tuwa diujarne mati garing. Ing sisih ngisore gumlethak watu ireng. Wangune rada bunder sarta tengahe rada legok. Nitik saka wewujudane, genah watu sing wis katatah. Ukurane ora pati gedhe. Nanging bobote ngancik puluhan kilo.

Rampung anggone njupuk gambar, banjur sowan Mbah Jemadi, juru kunci Patilasan Batur. Daleme kapernah sisih lor patilasan. Mung wae nembe ana ing sawah. Sing ana ing omah, mung garwane. Nembe napeni gabah garing sarta mepe gabah sing isih teles ana ing plataran. Banjur diundangke dening salah siji anake.

Sinambi nunggu, coba golek katrangan saka Mbah Jemadi putri, nanging dheweke kandha, becik menawa mundhut priksa dhewe marang garwane. Mundhak kurang jangkep anggone menehi katrangan. Kurang luwih setengah jam, Mbah Jemadi bali saka sawah. Sepatu boot sing dienggo katon kebak lendhut.

“Mangga Mas, tindak mlebet, kula tak gantos rumiyin,” mangkono pangajake mbah Jemadi marang PS nalika sowan sawatara wektu kepungkur.

Sanajan umure mbah Jemadi wis luwih saka sewidak, nanging isih rosa megawe. Apa wae sing bisa dadi sumber pengasilan dilakoni, anggere mikolehi sarta kalal. Dedeg piyadege sedhengan. Pasuryane katon seger sarta nuduhake menawa kagolong pawongan sing lantip ing panggraita.

“Nyuwun pangapunten kedah nengga, nembe ngrencangi anak  nggarap sawah,” ujare mbah Jemadi.

Mbah Jemadi kandha, jan-jane wis arep bali luwih gasik. Nanging ora mentala anake nglakoke traktor dhewe. Sanajan anggone ngolah sawah wis nganggo mesin, nanging tetep mbutuhake tanaga manungsa kanggo maculi lemah bageyan pinggir mepet galengan.

“Kala wau dalu pikantuk dhawuh, supados enggal mantuk pinuju nggarap sabin, amargi badhe wonten tamu,” kandhane mbah Jemadi.

Tibake tamune saka PS, nedya nyuwun priksa ngenani sejarah patilasan Batur. Salah siji patilasan sing durung mratah dingerteni dening masyarakat. Amrih luwih dikenal, masyarakat nganake maneka warna acara rinengga kirab budaya. Kakanthi ngirap gunungan asil bumi.

“Nggih lumayan, jaman samenika langkung kathah ing sumerep,” imbuhe mbah Jemadi.

Patilasan iku mau winastan patilasan Batur, dunung ana ing Padukuhan Batur. Dene padukuhan kono diarani Batur, merga dadi seksi laire si jabang bayi saka guwagarba, garwane Sinuhun Brawijaya nuju ana ing paran.

“Sasampunipun lair, nuju puput puser, anggenipun nigas mawi welad wonten sak nginggil sela katelah sela Batur,” keterange mbah Jemadi.

Tilas welad iku mau, sakpungkur Sinuhun Brawijaya nerusake laku, banjur tuwuh dadi uwit pring. Suwening asuwe dadi grumbul pring. Karana iku klebu barang sing diaji-aji dening masyarakat, amrih lestari. Semono uga watu Batur, dijarake gumlethak ana ing sisih ngisor pring.

“Manawi wonten tiyang ingkang mbetahaken nggih saged kemawon, nanging prayogi kakanthi atur pandonga langkung rumiyin,” imbuhe mbah Jemadi.

Mbah Jemadi anggone dadi juru kunci wiwiwit taun 1992. Nggenteni kalungguhane ramane, Partorejo. Ramane marisi saka Mbah Iromejo, bapake. Dadi mujudake kalungguhan warisan run tumurun. Adat tradhisi sing kalumrah mungguhing masyarakat pradesan.

Sanajan dunung ana ing wewengkon Putat sisih lor ddhewe, nanging desa Batur kagolong cepet maju. Merga masyarakate kreatip ngemonah kaskaya budaya sing ana. Upamane katiyasan gawe topeng Panji. Anggone tuwuh kembang pancen durung suwe, nanging duwe latar pamburi sing narik kawigaten.

“Manawi jaman rumiyin namung kangge nyekapi kabetahan masyarakat,” ujare mbah Jemadi.

Jaman biyen, masyarakat Batur akeh sing pinter njoged topeng panji. Kanggo nyukupi kabutuhan topeng, banjur ana sing ada-ada gawe topeng dhewe. Mirid saka topeng tukon saka tukang gawe topeng ing liya desa. Cakrik panggawene sairib topeng panji JawaTmuran. Sing unik panggawene migunake kayu pule.

“Kajeng pule ingkang paling sae Mas, seratipun alus, entheng saha gampil panatahipun,” imbuhe mbah Jemadi.

Miturut dongeng simbahe mbah Jemadi, katiyasan njoged topeng mujudake warisan run tumurun kadidene juru kunci. Tuwuh kembang wiwit Sinuhun Brawijaya bebadra ing kono nganti sawetara wektu.

“Kajawi menika, jaman kina wonten ugi ingkang saged main wayang beber,” ujare mbah Jemadi.

Mung wae paran dununge wayang beber ora bisa lestari. Nanging durung cetha, apa sing dadi jalarane. Wis kauningan, wayang beber mujudake wayang gaweyan jaman Majapahit. Kagelar nuju acara wigati. Upamane nuju parepatan agung para penggedhe praja sing digelar setaun sepisan ing kedhaton Majapahit.

“Jan-jananipun nggih eman, nanging dospundi malih sampun dangu anggenipun ical,” imbuhe mbah Jemadi.

Bab iku nuduhake, sanajan anggone bebadra ana ing Batur ora suwe, nanging Sinuhun Brawijaya kober  marisi tradhisi budaya majapahitan. Saliyane topeng panji sarta wayang beber, uga marisi tradisi budaya sing kasuwur tradisi rasulan.

“Miturut adat kagelar saben dinten Senen Pon wulan Rejeb” ujare Mbah Jemadi.

Pamilih dina Senen Pon minangka pangeling-eling nalika puser putra sinuhun Brawijaya katigas migunake welad pring. Ana ing tata gelare acara, Mbah Jemadi nyumektake ubarampe sesaji. Liya iku uga nyumektake sakdurunge kendurenan ing Bale Dusun nuju upacara muludan saben taune. Banjur saben tanggal 25 Ruwah. sarta saben tanggal siji Sura.

“Manawi wulan Sura, sesajinipun langkung jangkep” imbuhe Mbah Jemadi.

Kajangkepi sesaji winastan Bebucal Panjang Ilang. Isen-isen gedhang raja setangkep, abon-abon, suruh ayu sarta rokok klobot. Panjang Ilang yaiku aran saweneh wadhah ginawe saka nam-naman janur, pucuke janur ditaleni kanggo ganthilan. Cara kraton, nuju grebeg, kanggo wadhah sega.

Amrih kahanan patilasan luwih regeng, Mbah Jemadi duwe pepinginan, kirab budaya nuju Joglo Batora Hill, sing maune kawiwitan saka dalan tengah dhusun, bakal kapurwani saka sak ngarep patilasan.

“Namung kemawon kedah dipun mulyakaken langkung rumiyin” ujare Mbah Jemadi.

Tembung dimulyake iku mengku teges ngapikake kahanane patilasan. Papan sakiwa tengen katata amrih katon luwih edi sarta nyaman mungguhing wisatawan. Sing mesthi kanggo ngilangi kesan singup, karana sakkiwa tengen isih durung katata. Becik maneh menawa katambahan wewangunan kanggo lungguhan.

“Bab menika wigatos, awit mulyaning patilasan dados satunggiling pratandha mulyaning nagara lan bangsa” imbuhe Mbah Jemadi.

Kanggo mujudake, Mbah Jemadi sarta masyarakat nembe sengkud anggone nglumpuke dana.**

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!