Tandha Pitakon
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 254 kali

Udan riwis-riwis tumurun nalika aku ninggalake pesisir Kute, arep mulih numpak bis nyang Banyuwangi. Nanging sengaja aku mampir pure Rambut Siwi, merga kepengin weruh kaendahane se­sawangan neng pure kuwi. Miturut cri­tane Toni Wowor sing tau rono, jare akeh misteri sing bisa dideleng ing wa­yah wengi.

Tekan Rambut Siwi aku mudhun saka bis, terus mlaku watara 300 meter tumu­ju lokasi pure. Leren neng salah sijine iyub-iyuban sanjabane pure, ngiras nge­matake kaendahaning alam. Saka kono aku bisa ndeleng sesawangan sing pan­cen asri ngelam-elami.

Lokasi pure dikupengi pager tembok kebak reca, relief lan ukir-ukiran. Jare Toni Wowor, kidule pure iku segara. Yen arep nyang gisik kudu mudhun tlundha­gan, merga gampenge dhuwur banget. Senajan njuleg ning pesisire cethek, ke­nek dienggo adus-adus neng pinggire. Mung yen bengi segarane rob, dhuwure banyu  nganti meh ngelebi gampeng.

Swarane ombak segara keprungu gu­muruh saka papan sing tak nggo ngi­yub. Ora suwe udane terang, banjur enek barisan putri Bali sing menganggo pakeyan adat, mudhun saka bis tumuju menyang lokasi pure. Kabeh padha nyangga rerangkening kembang kang maneka warna, laju manjing nyang lo­kasi pure liwat gapura. Aku melu mlebu, nanging dipenggak dening bedhandhe sing menganggo ageman sarwa putih. Bareng tak tuduhi kertu pers lagi dike­parengake melu.

Weh, putri-putri sing padha upacara neng sangarepe wewangunan suci iku rupane ayu-ayu. Kupinge dislempiti kem­bang semboja. Sawise sembahyang njur dikepyur-kepyuri banyu suci dening be­dhandhe. Jare Tony Wowor, bedhandhe iku asmane Pak Lastre. Piyantune wis se­tengah tuwa. Aku katut melu diciprati banyu suci. Sawise aku ngliput tuma­paking upacara, banjur melu lungguh neng mburine cewek-cewek mau.

Gumunku, enek cewek loro sing lungguh neng tengah bola-bali mengo nyawang aku karo rasan-rasan. Aku kru­ngu anggone rerasan nganggo basa Bali sing surasane ngene:

“Eh, Luh  kowe jik eling karo warta­wan kuwi?”

“O  iya As, iku jenenge lak Imam Hi­dayat ta?”

“Iya. Anggone golek berita kok sam­pek tekan kene ya?”

“Ayo mengko nek wis bar sembahya­ngan disapa.”

Batinku, “Adhuuuh, bocah kok ayune kinyis-kinyis kaya ngono. Gek sapa ya sing duwe? Ning kok dheweke wis kenal aku, kathik weruh jenengku barang?”

Sabubare upacara, aku melu metu be­barengan karo barisan putri-putri iku. Tekan nggon iyub-iyubanku mau, cewek loro kuwi mandheg ngajak salaman.

“Mas Hidayat, aku Ni Luh Jayanti. Isih kelingan aku apa ora?”

“O iya! Setaun kepungkur neng Ta­man Blambangan. Kowe rak penari Tari Kebyar. Terus iki rak Ni Nyoman Astri sing njoged Tari Legong. E, kowe kabeh kok ya gak lali karo aku ta?”

Ni Luh Jayanti banjur ngomong………………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik