Ziarah Ing Pesareyane Dewi Candrawulan, Ibune Sunan Ampel
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 218 kali

Pulo Bawean mujudake siji-sijine pulo ing sabrang kang klebu tlatah wilayah pemerintahan kabupaten Gresik. Yen saka Gresik, bisa dilaju saka Pelabuhan Gresik nganggo kapal, adohe watara 81 mil laut ngener mengalor. Jembare  pulo Bawean 194 kilometer persegi, kabagi dadi rong kecamatan yaiku kecamatan Sangkapura lan Tambak. Cacah pendhudhuke watara 114.000 jiwa. Wiwit Januari 2016 kepungkur lelungan menyang lan saka pulo Bawean menyang panggonan tujuwan liyane, ora mung ngandelake nganggo angkutan kapal laut bangsane KM. Bahari Expres 8E wae, nanging uga nganggo pesawat udara utawa motor mabur  saka maskapai Airfast Indonesia kanthi anane lapangan terbang utawa bandara Harun Thohir.

 

Pulo Bawean pancen wis dadi salah sijine destinasi utawa jujugan wisata ing Jawa Timur. Kang teka menyang pulo Bawean ora mung wisatawan local nanging uga wisatawan saka Malaysia, Singapura, Australia, Jepang lan sawatara negara Eropa. Ing pulo Bawean ana obyek wisata kayadene Tlaga Kastoba, air terjun Bawean, rusa Bawean, kerajinan anyaman khas Bawean Wisata alam laut kang ora kalah yen katandhingake karo dhaerah liyane ing Indonesia uga tinemu ing sakupenge Bawean. Wisata pantai lan bawah air, tinemu ing pulo Gili, pulo Noko, pulo Cina, pulo Selayar. Pulo Bawean uga nyimpen crita sejarah lawas kang ana gegayutane karo penyebaran agama kang ana ing pulo Jawa. Mligine kang ana sambung rapete karo kang ditindakake dening para sunan Walisanga kaya kang tinemu ing Tanjung Putri desa Kumalasa. Ing papan kono ana pesareyan kuna, kang dening warga padunung pulo Bawean kondhange sinebut Putri Bawean. Pesareyan kuna Putri Bawean mapan ing sajrone wangunan omah cungkup. Perangan ndhuwur omah cungkup diwenehi tutup nganggo gentheng. Banjur sapa sejatine Putri Bawean kang pesareyane dununge ana Tanjung Putri Kumalasa kasebut? 

Salah sijine putra asli Bawean KH. Said Sulaimi nyritakake yen pesareyan kuno kang ana ing Tanjung Putri kasebut pancen wiwit biyen kawentar minangka pesareyane sawijine putri ratu aran Putri Bawean. Manut cathetan sejarah kang ana njletrehake, yen putri kang kasarekake ing kono mau ora liya yakuwi Dewi Candrawulan putri saka ratu Campa (saiki negara Kamboja) kang dipundhut garwa dening Syekh Ibrahim Asmarakandi, penyebar agama Islam kang pesareyane mapan ing Gisikharjo kecamatan Palang pesisir lor Tuban. Pesareyan Syekh Ibrahim Asmarakandi iki saikine minangka dadi salah sijine jujugan para peziarah saka ngendi wae nalika ngadani ziarah Walisanga.

Cathetan sejarah kang ngemot crita lelakone putri Candrawulan lan Syekh Ibrahim Asmarakandi, salah sijine kaya kang tinemu kaserat ing Serat Babad Ngampeldenta. Kacarita dhek nalika semana ana ulama saka Samarkan kang klebu tlatah Bukhara Uzbeskistan peparab Sayid Al-Ghozi bin Jalaluddin Al-Akbar kang sawise kasil nyebarake agama ing tanah Jawa banjur kondhang kasebut Syekh Jumadil Kubro utawa Syekh Ibrahim Asmarakandi. Nalika semana Sayid Al-Ghozi bin Jalaluddin Al-Akbar nampa panjurung sarta panyuwune Kesultanan Turki supaya kersaa nyebarake agama Islam menyang wewengkon Asia Tenggara. Minangkani panjurunge Kesultanan Turki mau, Sayid Al-Ghozi banjur nyiarake agama nganti tekan Campa [Kamboja saiki] nganti telulas taun lawase saka taun 1366 – 1379 Masehi. Sasuwene kuwi, ratu Campa kang asmane Kuntoro kanthi legawa ngrasuk agama Islam. Saliyane kuwi putri ratu Campa kang asma Ratna Dyah Siti Asmara utawa Dewi Candrawulan uga kasil kapundhut garwa dening Sayid Al-Ghozi bin Jalaluddin Al-Akbar.  

Saka patutane karo Dewi Candrawulan kuwi Syekh Ibrahim Asmarakandi kagungan putra telu, yakuwi Sayid Ali Murtadlo utawa uga kasebut Raden Santri kang pasareyane mapan ing kutha Gresik, banjur Raden Rahmad utawa Sayid Ali Rahmatullah kang uga kasebut Sunan Ampel kang dadi sesepuhe saka para sunan Walisanga. Sunan Ampel adeg pondhok mulang agama ing Ampeldenta lan pungkasane uga kasarekake ing Ampel Surabaya.  Kang katelu, Syeh Maulana Ishak, ramane Mohammad Ainul Yaqin uga kasebut Raden Paku utawa Sunan Giri adeg pondhok lan paprentahan ing Giri Kedhaton sarta pesareyane manggon ing Giri Kebomas Gresik. Wondene Syekh Maulana Ishak pesareyane ana ing Kemantren, desa pesisir sawetane  Paciran Lamongan. Pesareyane mapan sajrone cungkup cedhak karo masjid desa Kemantren. Pesareyan mau isih dadi papan pasujarahane peziarah. Sawatara kuwi pesareyane Dewi Sekardadu biyunge Kanjeng Sunan Giri, mapan ing Gunung Anyar klebu wengkon desa Ngargosari Kebomas Gresik, adohe watara sa-kilometer ngener sawetane situs kraton Giri Kedhaton. Ing Gresik uga ana pesareyane Nyi Gedhe Pinatih kang minangka biyung asuhe Sunan Giri nalika isih bayi kanthi dijenengi Jaka Samudra saengga tumekaning diwasa katelah Raden Paku Ainul Yaqin utawa Sunan Giri.

“Kados seratan tetenger penunjuk lokasi ingkang dipasang wonten pinggir dalan mlebet desa, pesareyane Syekh Maulana Ishak ramanipun Kanjeng Sunan Giri nggih wonten Kemantren mriki. Dene pesareyan sanesipun, mapan wonten Gresik sedaya,” mangkono ngendikane Karman salah sijine sesepuh desa Kemantren marang PS.

Wondene ngenani lelakone Dewi Candrawulan kang mujudake biyung saka tetungguling para panyebar agama mligine kadidene minangka biyunge Kanjeng Sunan Ampel, pinuju sawijine dina kagungan niyat tindak menyang Campa ngiras sowan marang ingkang ramane. Dewi Candrawulan sarombongan banjur nitih prau nuju Campa. Nalika lelayaran, prau kuwi mampir dhisik ing pulo Bawean, persise ing papan kang sinebut Kumalasa. Niyate mbacutake menyang Campa kapenggak amarga wektu semana Dewi Candrawulan nandhang gerah saengga dadi lan sedane lan kaserekake ing Kumalasa, awit papan kono mujudake sawijine pelabuhan prau kang rame. KH. Said Sulaimi mratelakake yen warga Bawean sawatara iki ngertine mung nyebut Putri Bawean tumrap putri Dewi Candrawulan kang ana ing Kumalasa kuwi.

“Eman banget dene warga Bawean akeh kang durung mangerteni yen ing Kumalasa mau sejatine pesareyane Dewi Candrawulan kang mujudake biyung kinasihe Kanjeng Sunan Ampel, sesepuhe para wali ing tanah Jawa ya Walisanga. Kabeh mau dak-kira amarga kurange warga nyinaoni sejarah. Saliyane kuwi uga isih durung anane sumber referensi kang pepak ngemot sejarah penyebaran agama ing pulo Bawean nalikane dhek jaman biyen,” pratelane KH. Said Sulaimi, putra asli pulo Bawean.***

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!