Entuk Iwake, Ora Buthek Banyune
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 307 kali

Sakehing pangalembana saka masyarakat katon semliwer ing medhia sosial, katujokake marang Presiden Mahasiswa Universitas Gadjah Mada (Presma UGM). Obed, pawongan kasebut, kadidene entuk iwake, ora butheg banyune. Awit, se­ja­tine dudu dheweke sing ndhisiki masang pancing lan kupiya golek mina.

Ketua Badan Eksekutif Mahasiswa Universitas Indonesia (BEM UI) ngacungake map werna kuning, minangka pralambang kertu kuning, marang Presiden RI nalika sambang menyang kampuse. Bab iki banjur dadi rame kabiwarakake, lan dadi pawadane Najwa Sihab ngundang pucuk pimpinan mahasiswa saka limang pawi­yatan luhur. Yaiku Zaadit Taqwa (Ketua BEM UI), Ardhi Rasy War­dhana (Presiden Keluarga Mahasiswa ITB), Obed Kresna Widyapratistha (Presiden Mahasiswa UGM), Qudsyi Ainul Fawaid (Ketua BEM IPB), lan Gafar Revindo (Presiden Mahasiswa Tri­sakti).

Zaadit olehe ngacungake map kuning nduweni karep nge­lingake Presiden ngenani masalah gizi ing Asmat, Papua. Mula Najwa banjur mbukak kalodhangan amrih pimpinan mahasiswa saka pawiyatan luhur liyane uga nuturake perkara sing dianggep kudu digatekake pamarentah. Najwa uga ngundang Menteri Ri­set, Teknologi, dan Pendidikan Tinggi M Nasir, Kepala Staf Ke­prisedinan Moeldoko, Anggota DPR RI Fraksi PDI-P sing uga mantan aktivis Adian Napitupulu, Anggota DPR RI Fraksi Gerindra Desmond J. Mahesa, lan Anggota DPR RI Fraksi PAN Ahmad Yoan.

Saka sadawane acara, sakehing masyarakat padha nduwe dudutan sing banjur dipasang ing medhia sosiale dhewe-dhewe. Luwih saka 80% sing ngandhakake yen solah bawane Presma UGM nalika pirembugan, maremake. Najwa Sihab dhewe, ing media sosiale, sacara mligi masang cuwilan rekaman ngepasi Obed aweh ukara-ukara panutup. Sanadyan ta ya tetep ana sing aweh pasemon marang sakehing pangalembana kanggo Obed kasebut. 

Obed, nalika orasi, ngangkat bab pawiyatan sing saiki mbu­tuhake prabeya akeh, saengga ora sethithik masyarakat sing kangelan nyecep elmu nganti tekan kuliyah. Dene ing panutup, dheweke nuturake yen magepokan karo pamarentahan, maha­siswa prayogane mapanake pribadine minangka panengah sing obyektif. Nyengkuyung pamarentah nanging ora ateges bela pati, aweh kritik nanging ora lelandhesan sengit sing kepati. Dhe­weke uga negesake, amrih bisa kaya mangkono, kuncine yaiku nuwuhake rasa kamanungsan kanthi lumebur ing satengah­ing masyarakat. Ora angger alok, ora waton mbengok, ora mung melu keplok. 

Dene Ketua BEM UI, malah luwih akeh antuk pasemon saka sakehing masyarakat. Ana sing nulis yen Zaadit katon umuk, ora konsisten, kurang mantep surasane nalika pirembugan, lsp. Nanging, sing aweh pambela uga ana. Umume banjur mita­konake apa ora kena, mahasiswa tumindak kritis. 

Jaman saiki, tumindak nyeleneh, apamaneh ing sangarepe uwong akeh, saking gampange bakal kinawruhan brayat sa-Nus­wantara, kepara malah sadonya. Mula ya kudune wis dadi petungane dhewe-dhewe sadurunge nindakake apa wae. Tu­mindak apa, marang sapa, kapan, ing ngendi, kanthi cara kaya ngapa. Lan sing ora kena lali: kaya ngapa sing bakal dumadi mengkone, minangka akibate. Ya sing apik, uga sing ala. Sing maremake, uga ora nyenengake. 

Jenenge mahasiswa, iku ya pancen wis “maha” utawa linu­wih. Ngluwihi apa? Luwih saka sing amung “siswa”. Dadi ya lum­rah yen pamikirane, solah bawane, tumindake, ngungkuli bocah sekolah SD, SMP, uga SMA/SMK. Luwih tanggap, luwih trampil, luwih tliti, luwih rinci, iku kudu. Nanging uga kairing luwih bisa empan papan, luwih wening pikirane, uga luwih prigel ngemonah emosine.

Mahasiswa uga ora kena lali, sanadyan “maha”, isih tetep “siswa”. Jejere siswa, murid, kapatahe tansah sinau. Saka asile sinau, antuk elmu, dadi pinter, iku bener. Nanging aja banjur ke­minter. Saya dadi lan apike, luwih grengseng maneh ngu­dhari elmu kasebut, sinambi ngetrapake ing urip bebrayan karo kiwa tengen. Pancen ya jenenge sinau kala-kala bisa kleru. Lha, sing ora kalah baku, gelema ngrumangsani yen kleru, banjur ngupiya amrih bisa bali nata laku.  (lie)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik