Seri Patilasan Majapahit ing Gunung Kidul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 232 kali

Pamoksan Gadhing Mas Gunung Gambar

Langit katon resik nalika ma­sya­rakat Hindhu nindake sembahyangan Galungan ana ing Pura Candhi Bentar Gunung Gambar. Kumrincinge gentha ngiring atur pandonga sing katindake dening Mbah Pada. Gandaning puspita sumebar ngebaki swasana. Kumeluning dupa ndudut rasaning ati, ndudhahi lelakon sing dumadi ing jaman kuna.

Mbah Pada sing padinane ngasta juru kunci Pamoksan Ga­dhing Mas Gu­nung Gambar mratelake Gu­nung Gambar wiwit jaman ku­na makuna wi­gati mungguhing masyarakat Ja­wa. Apa maneh sakwise kanggo dedunung piyayi luhur saka Maja­pahit. jeneng Gunung Gambar tansaya kasuwur.

“Tiyang mriki ngaturi piyayi luhur saking Majapahit niku Eyang Gadhing Mas,” Mbah Pada nerangke.

Miturut dongeng para leluhur ing Gu­nung Gambar, panjenengane duwe as­ma jejuluk Gadhing Mas, awit duwe pusaka wujud gadhing rinengga rereng­gan saka mas. Mujudake pusaka pepa­ring Sinuhun Brawijaya pungkasan ma­rang putrane nalika isih nunggal pang­gonan ana ing kedhaton Majapahit.

Dene asma asline durung kinawru­han. Manut pangrasane pangripta, eyang Gadhing Mas duwe asma sajati Raden Ja­ka Lambere. Pu­tra Sinuhun Bra­wijaya nomer 55. Bareng diwa­sa ngagem asma Radyan Arya Pe­cat Tandha. As­ma gelar iku nu­duhake, mena­wa panjenenga­ne duwe kalung­guhan dhuwur ana ing pama­ren­­tahan krajan Majapahit.

Ana ing tata rakit paprentahan, Pecat Tandha mujudake asma gelar kalung­guhan nomer 10. Sak ngisor kalunggu­han Mantri Panekar. Duwe kuwajiban madanani para pabeyan bandar laut, nyekel panguwasaning muara, segara sarta juru pamupu beyaning pasar. Kagadhuhan lenggah siti dusun ambane 475 karya.

Kacarita dedeg piyadege eyang Gadhing Mas pideksa, gagah prakosa. Kulit kuning resik. Rikmane dawa ngandhan-ngandhan rinengga iket werna ireng. Jenggote dawa nganti sak dhadha. Age­man cara Jawa. Tangan tengen ngasta pusaka tongkat epang kayu werna ireng.

“Pusaka gadhing mas kacariyos murca nyarengi moksanipun eyang,” imbuhe Mbah Pada.

Papan anggone moksa ana ing njeron guwa madhep ngalor. Kapernah ana ing ngisor tapak tilas Pangeran Samber­nya­wa Mangkunegaran. Clongopane guwa ora pati amba. Rinengga gendera abang putih. Minangka pratandha menawa Eyang Gadhing Mas isih kagolong trahing satriya saka Majapahit.

Miturut sejarahe, gendera abang putih utawa gula klapa mujudake gen­dera krajan Majapahit. jaman se­mana kaaran layu-layu. Kumlebet sepisanan nalika Raden Wijaya perang tandhing lumawan prajurit Tartar andhahane Jeng His Khan ana ing wana Tarik. Ing wuri minangka dedhasar nalika bangsa Indonesia yasa bandera nagara.

Plataran ing ngarep guwa ora pati amba. Katuwuhan uwit gedhe manglung ngalor. Wis diwenehi pager ana ing tapel wates plataran sisih lor sarta gapura ing sisih kulon. Sakulon guwa mujudake watu gundhul guedhi. Ing njeron guwa katon kembang sari sarta tilas padupan.

“Wekdal ingkang sae sowan wonten pamoksan dinten Kemis Legi,” piterange Mbah Pada ana ing Pura Candhi Bentar.

Mbah Pada mratelake, miturut ngan­dikane para sepuh Gunung Gambar, eyang Gadhing Mas muksa nuju dina Kemis Legi. Muksa bebarengan garwa sarta para pandhereke pisan. Ing wuri dina Kemis Legi didunungke minangka pathokan gelaring tradisi Nyadran sing dianake saben sasi Juli.

“Garwanipun eyang asmane eyang Gadhing Kuning,” imbuhe mbah Pada

Semono uga sawernane pusa­ka sarta perabot gegawan saka Majapahit katut murca. Mung wae kadhangkala ka­ton wewujudane, nuju saweneh pawongan nindak­e samadi ana ing sak ngarep guwa.

“Nanging mbo­ten sadaya tiyang saged sumerep,” mbah Pada nerangke kanthi mantep.

Sanajan bisa kawujudake kanthi cara tar­tamu, nanging sawernane pusaka tilarane eyang Gadhing Mas ora pa oleh dijupuk dening sok sapa wae. Klebu pawongan sing duwe kati­yasan mujudake barang saka ora ana tumuju ana. Basa moncere narik pusaka sa­ka alam ghaib.

“Manawi pu­saka tilaran eyang dipun pendhet, dados jalaran lemah mriki cengkar ngantos pitung turunan,” pratelane mbah Pada mantep.

Ing antarane pusaka tilaran eyang, sing paling dipengini yaiku pusaka gadhing emas. Mujudake gadhing kewan gajah. Isih wutuh wiwit seka bong­kot tekane pucuk. Wernane kuning edi mawa cahya. Dawane gadhing nganti sak dedege bocah remaja. Saliyane rinengga emas, uga rinengga bangsane sela aji.

“Warninipun sela aji wonten ingkang abrit, biru, kuning, pethak, napa ijem’” terange Mbah Pada.

Pusaka keris agemane eyang uga nengsemake ati tumrap sok sapa wae sing bisa meruhi. Warangka modhel Maja­pahitan. Wujude saktleraman sairib karo warangka cakrik Bali. Rinengga bangsane watu akik. Semono uga uki­rane rinengga emas. Katon keker sarta merbawani. Jiaan gawe gawok.

“Kacariyos pusaka keris agemane eyang winastan kyai Patra Geni,” imbuhe mbah Pada.

 Tembung patra geni mengku surasa geni sing wujude kadidene godhong. Lire  minangka lambang daya pambersih utawa panulak sakehing bala sing ora mupangati sarta migunani tumrap lakune urip bebrayan.

Semono uga tongkat werna ireng sing dawane kurang luwih 40 sentimeter. Durung cetha panggawene saka epang uwit apa, nanging kacarita mengku daya panulak sakehing wisa. Banget migunani nuju ana ing wana. Mula ora nate pisah saka astane, nalika eyang nganake lelampahan.

“Manawi bentukipun nggih namung biyasa, nanging mboten saged sadhe­ngah tiyang kiyat kanggenan,” mbah Pada nerangake.

Dene larah-larahe eyang Gadhing Mas nganti moksa ana ing Gunung Gam­bar, miturut dongenge leluhur, merga keplayu saka Majapahit, bakda kedhaton ketekan wadyabala jurit saka Demak. Utusane Raden Patah, ora liya putra dalem sing jumeneng nata ing kraton anyar, Demak.

“Rawuhipun eyang wonten gunung gambar pinuju dinten Senen Legi,” ujare mbah Pada.

Dina Senen Legi banjur didunungke dina wigati. Utamane tumrap sing dhe­men marang laku budaya spiritual Jawa. Anggone laku pinarcaya bakal luwih tumanja sarta bisa enggal kasem­badan apa sing sinedya sajrone nggayuh pe­puncake ngelmu karohanen. Yaiku wujud manunggaling kawula Gusti.

“Anggenipun lampah prayogi wonten sak ngajeng pamoksan eyang,” mbah Pada nerangke.

Jaman semana anggone mara beba­rengan garwa, para pendherek sarta salah siji putra sentana dalem se­silih Onggaloco. Sakwatara wektu can­dhake, nalika karasa wis aman, banjur dhedhe­pok ana ing papan kono. Dene Onggaloco neruske urip ana ing sate­ngahing wana Wanasidi.

Wis dadi pepesthing ngaurip, ang­gone manguntapa kaijabahan dening Gusti Pangeran. Nuju dina Kemis Legi, Eyang Gadhing Mas muksa bebarengan garwa sarta para pandherek. Papan sing sakawit regeng gayeng, salin wujud dadi sepi kadidene kahanan duk inguni.

Kanggo ngurmati Eyang Gadhing Mas, masyarakat gunung Gambar banjur nggelar upacara nyadran saben dina Kemis Legi sasi Juli. Kahanan gunung Gambar karukti kanthi premati wiwit taun 1984. Sarta ndhapuk juru kunci, tugase ngrukti pamoksan.

“Kula kadhapuk dados juru kunci wiwit taun 1986,” ujare mbah Pada.

Sajrone dadi juru kunci, mbah Pada rumangsa asring dituturi dening eyang Gadhing Mas. Wiwit lelakone eyang bakda keplayu, tinggalan pusaka nganti mungguh piye carane amrih Gunung Gam­bar bisa dadi papan sing edi sarta andayani tumrap masyarakat.

“Dadi manggala sing waspada, kudu isa ngrumpaka lan isa nyurasa,” pung­kase mbah Pada.

*

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…